Ngimpi Gubernur lan Presiden Kampah ring Gombengsari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 01 Juli 2021 05:58 WIB)
- Laporan
Petani kopi Lerek Gombengsari, Hariyono Ha'o, nduwe impen gedhi kelendi kadhung gubernur sampek pimpinan pemerintahan paling dhuwur, yaiku presiden, bisa nyambangi Gombengsari.
Dalan merono wis mbukak sithik merga Gombeng wis digendhing dikongkon dadi tuan rumah pertemuan petani kopi organik sak Jawa Timur.
"Kari namtoaken tanggale bain, bisa ahir Juli utawa kawitan Agustus," jare Hariyono, manajer Internal Control System (ICS) ring Kelompok Tani Lerek Gombeng.
Wektune mula parek ambi panen raya kopi hang biyasahe diangkati ring ulan Agustus, September lan pethik pungkasan ring Oktober. Dene ulan Juli iki pethik kawitan wis diangkati, naming asile pethik kawitan iku mesthi magih kurang apik.
Petani hang diundang engko ring pertemuan iku kira-kira 50 sampek 60 wong hang makili 14 kelompok petani organik sak Jawa Timur.
"Merga sak Jawa Timur, Isun nyobak kontak ambi kanca-kanca hang nduwe hubungan nang gubernur, nawi tah gubernur bisa milu panen raya pisan nong kene."
Pejabat pemerintah hang wis tau mampir nong Gombeng sakliyane kepala dinas, ya tau sampek bupati pisan.
"Impenisun teka kawitan muga-muga bisaa sampek gubernur lan presiden bisa kampah nong Gombeng."
Hang dierah Hariyono, biyasahe gubernur lan presiden iku nggawa kepala dinas utawa dirjen hang ngurusi ekonomine rakyat kayata kepala dinas perdagangan. Dadi sak mareke kunjungan pejabat, ana hang dipiloni ring mburine.
Gombeng lan desa liyane ring kecamatan Kalipuro kayata Kalipuro, Kelir, Telemung, Bulupayung mula dadi wilayah hang ngasilaken kopi paling gedhe ring Banyuwangi.
Kebon kopi rakyat hang ana ring kono kira-kira werane 4.300 hektar, emeh padha ambi wilayahe perkebunan hang ana kayata perkebunan Selogiri, perkebunan Kaliklatak lan perkebunan Kalibendo. Kadhung diitung kabeh wilayah kopi ring Banyuwangi kira-kira ana 16.000 hektar.
Jare Hariyono rata-rata setemene kopi hang diasilaken ring kecamatan Kalipuro iku kopi organik. Merga larange emes kimia, petani kopi nggawe pupuk kandhang kanggo kopine. "Taping mula iyane kabeh iku durung duwe sertipikat kopi organik."
Hing maido merga rata-rata pola hang dilakoni petani kopi iku sak liyane ngerawati wit kopi, ya ngerawati wedhus. Kira-kira ana 20.000 wedhus ring Kalipuro.
Muga-muga kelaksan, jare Hariyono hang tau dilatih dadi barista ring Bandung lan pengolahan kopi ring Bogor.
Ring kelas barista kono, Hariyono diajari teori lan praktek, teka sejarah kopi, mbedakaken arabica lan robusta, proses pasca panen, seduh manual lan seduh mesin, vietnam drip, perawatan alat seduh, sampek nang teori dasar pelayanan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






