Ngimpi Methik Kurma ring Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 April 2021 06:17 WIB)
- Laporan
"Banyuwangi iki yara wis kawentar minangka sentra buah naga, apuwa hing mesisan didadekaken sentra kurma merga ndeleng prospek hortikultura lan agrowisatane," jare Hendra Andriyanto ring kebonane agrowisata Waras Farm ring desa Bulakan, Cikerai, Cilegon.
Hendra hang mongkog dadi "tukang kebon" lan "penasihat kebon" iki uga madeg dadi Wakil Ketua Asosiasi Petani Kurma Indonesia, nduwe kira-kira 50 wit kurma hang sebagiyan ana hang nguwoh ring kebonane.
"Kayadene tanggane yaiku NTT, NTB lan Bali, kelebihane Banyuwangi merga magih keneng selempatane angin adhem teka Australia utamane ring ulan Juli, Agustus, September." Mula tepak ulan iku Australia keneng usum mbedhidhing (musim dingin).
"Kahanan tanah hing masalah, taping apike hang ngandhung pasir, panas hang cukup lan kelembaban rendah," jare Hendra.
Kadhung ndeleng kebutuhane kurma ring Indonesia wis lumayan akeh masiya hang dipangan mung kurma mateng. Data teka Badan Pusat Statistik periode Jan-Mar 2020, sedurunge ulan Haji, Indonesia impor 54,3 juta dolar kurma, iku bain durung kelebu itungan oleh-oleh haji lan umrah.
Iku buru uwoh matenge, alae kurma bisa uga diolah dadi ombenan jus, tepung kurma, ombenan sari kurma lan liyane.
Ampase kurma hang dienggo olahan sari kurma bisa kanggo pakan wedhus perah hang susune bisa lebih akeh gizine timbang mung wedhus hang mangan suket.
"Ana 210.000 jamaah haji Indonesia saben taune, iku pasar hang gedhe lan potensial," jare Hendra.
Mula kebonan kurma wis ana hang ngawiti ring Indonesia. Ana ring Pasuruan taping hang gedhi ring Aceh 10 hektar, hang buru produksi 1-2 hektar, ring Kaltim ana 40 hektar hang buru ditanduri ana 5-10 hektar. Hendra milu mbantu pirangane kebonan lan saiki wis padha nguwoh ring Aceh, Palembang, Subang, Kalimantan Timur ring Paser lan Samboja uga ana ring Lombok Timur.
"Iku bain produksine hing sampek 0,1 persen teka kebutuhan nasional," jare Hendra.
Bengen ana gugon tuhon ring kene gok kurma hing bisa ditandur ring Indonesia. Taping akeh hang sing weruh gok kurma iku kudu dikawinaken kaya salak. Ana lanang wadone. Kene buru ngomplong sarta weruh gok Thailand wis ngasilaken woh kurma, malah bisa ekspor. Buru melaku 3-4 taun iki kajian kurma dikawiti wong-wong Indonesia. Uga merga tekane profesor kurma teka Oman, Uni Emirat Arab, Mesir, Saudi lan uga teka Thailand.
"Kadhung perawatane bener, hing sampek telung taun wis bisa ajar nguwoh," jare Hendra. Wit hang buru ditandur, kadhung umur telung taun kira-kira bisa ngasilaken 80 kg setaune. Sak mareke limang taun, bisa ngasilaken sampek 400 kg. Wite umure dawa, sampek 90 taun buru njaluk diganteni wit anyar.
Sak hektar kebonan bisa ditanduri maksimal 130 wit. Wit kurma uga bisa dadi pager alam kanggo wilayah hang nduwe potensi tsunami. Mangkane Hendra ngarepaken bisa nandur ring dhaerah pesisir kidul pulo Jawa hang ana potensi tsunami teka lindhu gedhe merga pergeseran lempeng bumi Australasia.
Masiya asale teka dhaerah iklim garing lan panas, kurma iku fleksibel lan relatip bisa adaptasi ring macem-macem lemah lan lemah teles.
"Hang penting kurma iku mbutuhaken panas hang dawa, curuh hujan hang hing patiya akeh lan kelembaban rendah. Mergane cuaca garing gedigi diperlokaken sak suwene mangsa penyerbukan sampek panen. Taping ya tetep mbutuhaken banyu hang dibutuhaken kanggo penyerbukan."
Dadi kapan bisa methik kurma dhewek ring Banyuwangi?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






