Nguripi Maning Macaan Pacul Gowang Sakwise Pementasan Revitalisasi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 11 November 2021 09:24 WIB)
- Laporan
Nyatane mula sing mung abang-abang lambe anane Revitalisasi Sastra Lisan hang wis dianakaken Badan Bahasa Kemendikbud Ristek hang megawe bareng ambi DKB (Dewan Kesenian Blambangan), Sengker Kuwung Belambangan (SKB) lan Pemda Banyuwangi liwat Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) kanggone nguripi maning Kesenian Macaan Pacul Gowang hang wis emeh kiyep maning sakwise mekar ring tahun 80-an. Mula nyata gok Macaan Pacul Gowang iku sing mung mandheg ring pelatihan bain.
Sakmarine Pementasan Revitalisasi Sastra Lisan Berbasis Komunitas ring Pelataran Dinas Kebudayaan Pariwisata Banyuwangi nyatane grup-grup Macaan hang wis dadi lan milu nyang pementasan iku bisa balik maning nyang komunitase sak perlu ngembangaken maning lan uga nyebaraken nyang kanca-kanca liyane liwat komunitase hang ana ring panggonane dhewek-dhewek.
Grup macaan Pacul Gowang JEB (Jiwa Etnik Blambangan) hang kapanane dadi Terbaik ring acara Pementasan Revitalisasi tanggal 27 Oktober, uga bisa tampil maning. Main ana ring Balai Desa Mangir tanggal 4 November 2021 nepaki acara Orasi Budaya Narkoba dan Kebudayaan Grup Macaan hang dikumendani Toher iki bisa diterima apik ring masarakat desa Mangir.
Grup Macaan Pacul gowang JEB hang uga ulih penghargaan Naskah Terbaik uga Laikan Terbaik ring Pementasan Revitalisasi Sastra Lisan Macaan Pacul Gowang ulan kepungkur tampil nganggo lakon anyar yaiku “Narkoba”.
Sakliyane Grup Macaan Pacul Gowang JEB, Grup Macaan Pacul Gowang Spensaba Mileneal uga bisa duwe kesempatan tampil ring acara Rapat MKKS SMP Negeri sak-Kabupaten Banyuwangi hang manggon ring Paseban Widya Purnama SMPN 1 Banyuwangi tanggal 10 Nopember 2021.
Grup Macaan pacul Gowang Spensaba Mileneal hang sakdurunge ulih Juara 3 lan ulih maning penghargaan Naskah terbaik iki uga main nganggo naskah anyar lakon “Game On-line”.
Main ana ring kandhange dhewek grup hang dikumendani Gedhe iki sing sukur-sukur, masiya mung bisa latiyan sedina bain nyatane bisa main maksimal lan bisa ngibur kepala-kepala sekolah SMP Negeri sak Kabupaten Banyuwangi.
Holili, M.Pd Kepala sekolah teka SMPN 3 Banyuwangi hang milu nonton ring acara iki nyatakaken dhemen nyang pertunjukane merga kesenian iki wis emeh musna lan girang merga SMPN 1 banyuwangi bisa nerusaken liwat Macaan Pacul Gowang Mileneal nganggo lakon hang sak iki-iki anyar miloni jaman.
Kepala Sekolah SMPN 1 Banyuwangi Supriyadi, M.Pd uga milu dhemen bisa nganakaken Macaan ring sekolahane. Muga-muga iki kabeh bisa dadi kembange urip kanggo lare-lare hang magih sekolah lan bisa nguweni kelir nyang urip sakteruse nguri-uri budaya Banyuwangi.
Grup macaan Spensaba Mileneal sakdurunge uga wis tampil ring acara Bulan Bahasa hang digagas tim Literasi SMPN 1 Banyuwangi ring tanggal 28 Oktober 2021 nganggo lakon “Sekolah Maning”.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Hani Z. Noor








