Njejegagen Kesenian Indonesia Ring Kadohan

Tirto Arum (dipublikasikan pada Kamis, 21 Januari 2021 07:22 WIB)
- Laporan



Minggu sore tanggal pitulas Januari, ring bucu elore lapangan suket Victoria Park isun kecaruk kanca lawas. Hun tabok pundhake semaure, "Byek kelendi kabare Rika, Don? Mayo mereneya mampir mumpung kecaruk kadhung mula Isun hing bisa prei saben minggu agage madhanga Hun olahaken jangan tombol dhemenanrika ambi pelasan teri Don." Isun uga milu lungguh gesah lan muyab ring sandhinge kancanisun iki milu njuwut sega hang dadi rahaban. 
Kancanisun hang aran Handika Yosi lare hang laire nong Lampung, iyane hang ngedegaken tim Green Famili kawitan. Saben mangap metu muyabe nggarai kancane munyik. Iyane cerita bengen sekitar taun rong ewu pitu tanggal selikur ulan rolas, Handika ngedekaken grup hip hop lan dance nong Macau hang anggotane wong petang puluh. Iku mung ngitung wong hang teka sak dhaerah ambi iyane. Jaman semono durung patiya akeh lalare hang golet pangan nong Macau. Apuwa iyane nganggo aran grup Green merga iyane nduweni impen bisa nggabungaken lalare remaja hang duwe eksistensi, energi lan nurani. Hing gampang kadhung njejegagen lan gabungaken visi misi hang padha, kudu duwe getih seni, tiba tangi dilakoni supaya bisa dadi umah hang adhem ayem. Pungkasane kabeh anggota semebar kerana kontrak megawe wis entek. Aju Kak Handika dhewek uga wis pindhah nyang Hongkong, nguripi kesenian hang sempat ilang mula hing gampang naming iyane hing nyeja kecaruk maning ambi anggotane bengen hang ana ring Macau sakwise lawas pisah. 
Anggota hang sewang-sewangan merana merene digabungaken maning. Ana pisan lalare hang balik nyang Hongkong maning lan magih komunikasi liwat Facebook lan medsos liyane. Cumpune Kak Handika iki ganti aliran grupe. Green hang kawitane hip hop lan dance dadi grup jaranan kerana sak keluwargane Kak Handika dhewek duwe getih seni Jaranan. Mula ruwahe apake uga tau wekas nang iyane kudu tetep njejegagen pendhera seni masiya tawis nong kadohan. Paran maning akeh lalare buruh migran hang nduweni bakat ring bidhang seni dadi gampang ulihe nguripi. Uga ana anggotane hang bengene biyasah manggul celeng, kebo-keboan kayadene ring Alasmalang Banyuwangi. Iyane seru girange merga impene emeh kelaksanan kadhung iyane milu njejegagen kesenian.
Tanggal 27 Juni hang dadi dina sejarahe Grup Green ngedekaken grup jaranan Tresno Wiro Budaya hang duwe tujuan mulya nguripi, njejegagen kesenian tradhisional lan karepe njaga aja sampek mati, paran maning kesenian iku sampe diakoni negara liyane. Atine hing lila kadhung kesenian ilang genine.

hing maido iyane mempeng ulihe nyemangati lan ngajari anggotane hang anyar kadhung durung patiya paham tarian. Kayadene soren iki kak Handika uga nularaken ilmune nyang isun yaiku tari Tayuban, latihan tari Remo masiya tah isun iki dudu anggotane dhewek. Lan isun dhewek uga kegabung ring tim tari tradhisional gandrung.

Grup Green iki uga kegabung nong organisasi PILAR Hongkong, organisasi hang mati-matian mbelani nasibe buruh migran nong Hongkong. Iyane uga pesen nyang isun, "Masiya tah Rika aseli lare Banyuwangi naming Hun pesen Rika kudu bisa jaga kesenian dhaerah Rika dhewek lan bisa nari teka budaya dhaerah liyane kerana teka Sabang sampek Merauke iki saktemene uga dulure dhewek. Sapa maning hang bisa ngelestarekaken budayane dhewek kadhung dudu Rika lan Isun." 

iyane nambahi, gok isun kudu tetep semangat lan belajar terus masiya tah kene iki mung buruh migran taping aran wangine Indonesia lan kebudayaane kudu tetep urip makene seni lan budaya iki hing diakoni duwene liyan.

Cheung Sha wan, 19-1-2021

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara, Tirto Arum

Editor: Antariksawan Jusuf