Novel Using Kudune Dialihbasa Nang Basa Inggris

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Desember 2025 08:26 WIB)
- Laporan



Novel Using Kudune Dialihbasa Nang Basa Inggris

Kanggone generasi hang rada anyaran (kelairan 1980an mendhuwur), novele Kang Ujik Ontrang-Ontrang Langit Payaman (OOLP), kudune diterbitaken nganggo dwi bahasa Using-Indonesia merga akeh nganggo ucap lawas hang kerasa asing.
    "Malah mesthine ana versi Inggrise," jare mbok Muttafaqur Rohmah S.Pd, M.Pd dosen lan kepala Perpustakaan Untag Banyuwangi hang mbeliyaki OOLP bareng Kang Hasan Basri minangka pembandhinge. Acara Iwuh Gedhe Sastera Using digelar Sengker Kuwung Belambangan (SKB) tanggal 30 Nopember ring pendhapa kecamatan kota Banyuwangi.
   "Tepak maca basa hang dudu basane dhewek kudu mandheg sedhela, ngerteni karepe. Ya gedigu hang Hun rasakaken. Ana 'delay'," jare Mbok Uut, celukane.
   Mula biyasahe novel-novel hang diterbitaken SKB kayata Agul-Agul Belambangan (Moh. Syaiful), Niti Negari Bala Abangan (Hasnan Singodimayan), Wilis (Mas Aji Ramawidi) mesthi diterbitaken dwi bahasa Using-Indonesia. Mung OOLP hang metu Usingan dhewek.
   Kanggone Mbok Uut, OOLP dianggep akeh nganggo ucap-ucap Using lawas, hang ndadekaken kudu mandheg sedhela. Saben bab kudu maca ping pindho ping telu.
   Hang apikan maning, mesthine novel iki ana glosarium hang nyatheti ucap-ucap hang dianggep lawas lan sing gampang dingerteni.
    Hang nggawe apik, OOLP iku nggawa aran-aran tokohe nganggo aran aseli Banyuwangi, malah ambi aran wadanane pisan kayata Man Emis Timun Bungker, Wak Serad Kancil, Man Murad Luwak. Nawi nganggo ukuran jaman saiki aran-aran wadanan iku bisa dianggep buli lan hing ulih. Mbok Uut nyathet ana 63 aran tokoh hang dienggo ring novel iku.
   Hang uga dicathet ambi Mbok Uut, novele
iku akeh unsur Islame. Hing maido, Kang Hasan Basri ngarani Kang Ujik iku santri deles. Kang Ujik iki, seliyane pengurus ring Masjid Jamik Baiturrahman, uga kerep ngewani ceramah agama merana-merene.
   Pungkasan Mbok Uut nganggo teori sastera, ana istilah basa Latin "dulce et utile" hang artine karya sastera iku hing mung enak dirasakaken naming uga nggawa manpaat.
   "Mengarepe novel iki dadi sejarah lan cathetan. Seru apike sampek diganjar Anugerah Sutasoma 2025" jare Mbok Uut.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor