Novel Wilis Ring Sakderma Kegiyatan Budaya Mangsa Pandemi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 26 Juni 2021 17:00 WIB)
- Laporan
Katon gancang lakune Sengker Kuwung Belambangan ring dina iki. Siji maning hang dilakoni ana ring Pendhapa Sonangkara Kantor Camat Banyuwangi, 26 Juni 2021 yaiku dina peluncurane buku Novel terbitane Sengker Kuwung belambangan (SKB) hang anyar. Ketulis ana ring spandhuk gedhe ring mburine kursi lan meja hang ketata apik yaiku “Peluncuran dan Diskusi Novel Sejarah Wilis”. Pancen sing katon akeh hang nekani ring kegiyatan iku, saksinge kursi hang disediyakaken panitia hang megawe bareng antarane SKB lan Kecamatan Banyuwangi meh kabeh ana uwonge. Maklum bain iki ana ring mangsa pandemi kudu ajeg anggone netetepi protokol kesehatan.
Muhamad Lutfi, S.Sos M.Si hang milu mbukak kegiyatan iku katon bungah atine merga bisa nguweni panggon lan sarana kegiyatan hang duwe kawigaten nyang babakan penulisan utamane penulisan sejarah Belambangan. Ring sambutane Camat Banyuwangi iki nyatakaken mongkog kadhung panggonan ana ring kantore iki yaiku Pendhapa Sonangkara bisa duwe manpaat hang gedhe, sing mong dadi panggonan hang wingit lan sintru sing tau disaba uwong. Saiki Kantor camat iki wis rumang lan sing wingit maning dadi bisa disawang uwong teka dalan kana dadi panggonan hang asri lan nyenengaken merga akeh kegiyatan hang manpaat lan migunani.
Sakliyane iku, Antariksawan Jusuf hang dadi penerbit Buku Novel Sejarah Wilis hang ditulis ambi M. Hidayat Aji Ramawidi nyatakaken dhung penulis buku novel iki bengen salah sijine peserta pelatihan nulis buku hang wis dianakaken Sengker Kuwung Belambangan ring taun 2016. Kegiyatan hang wis dianakaken iku bengene bisa nekakaken penulis novel sejarah Langit Kresna Hariyadi salah sijine penulis novel nasional hang asale teka Tegaldlimo Banyuwangi. Muji syukur hang gedhe nyang Pengeran merga ring taun iki salah sijine peserta pelatihan hang bengen akehe 25 uwong iku saiki wis bisa ngasilaken tulisan arupa novel sejarah yaiku M. Hidayat Aji Ramawidi iki.
Magih kaya buku-buku liyane hang diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB) novel sejarah “Wilis” iki uga digawe ana ring rong basa yaiku basa Indonesia lan basa Using. Buku Novel hang ditulis Aji Ramawidi iki diterjemah ring basa Using ambi mbok Uun Hariyati salah sijine penulis Using Banyuwangi hang wis kesuwur lan tau nerjemahaken novele Hasanan Singodimayan yaiku Niti Negari Bala Abangan.
Mbok Uun gediku penulis terjemah iki biayasane diceluk ngakoni kadung novel “Wilis” iki kelebu novel hang apik temenan merga bisa ndadekaken Mbok Uun Hariyati dadi kaya wong hang sing bisa paran-paran serta maca novel sakdurunge nerjemahaken. Wilis hang dadi lakon ana ring novel iki kayadene dadi biograpine pahlawan Banyuwangi hang wis diagul-agulaken sakat wingi kuno, lan Mas Aji wis bisa nguweni gambaran hang meh-meh kepara nyata hang durung dilakoni ambi penulis-penulis lyane.
Aji Ramawidi, penulise dhewek ngakoni kadhung novel iki asile iyane sinau lan belajar nulis. Hang penting iyane wis bisa mujudaken karya tulis hang awujud novel sejarah. Diterima lan usinge ring masyarakat iku anggone iyane urusan nomer loro, naming ring pungkase cerita iyane wis duwe rong kegiyatan sakliyane kegiyatan iki hang ngajak bedah buku novel sejarah iki. Saksinge masyarakat wis bisa nerima anggone buku hang wis ditulis iyane sakat petang taun kepungkur iku.
Nanik Asiyani salah sijine pegiyat Basa Using milu mongkog nyang anane Peluncuran Buku Novel Sejarah iki. Paran maning penulise magih enom lan magih duwe penggayuh lan jangkah mengarep hang dawa. Muga-muga bain mari iki mecungul maning penulis-penulis Banyuwangi hang bisa ndawakaken lakon nyang bab penulisan utamane tulisan basa using hang durung nyukupi anane ana ring Banyuwangi kutha budaya iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : kabar anyar
Editor: Antariksawan Jusuf





