Nulis Sejarahe Dhewek, Njejegaken Sejarah Belambangan (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Juni 2024 09:12 WIB)
- Opini



Nulis Sejarahe Dhewek, Njejegaken Sejarah Belambangan (Bagiyan 1 teka 2)

Ditulis ring Mas Aji Ramawidi

 

  1. Kelendi Walanda ndeleng Banyuwangi?

Maca Balambangansch Adatrecht hang dianggit ring Dr.Y.W.De Stoppelaar (1927), bisa ditemokaken gedigi:

“Belambangan, suwijine kerajaan hang kasebut ring Pararaton (terbitane Brandes) minangka salah siji dhaerah ngingsorane kerajaan Majapahit hang buru bain ngadeg. Kawitane teka Arya Wiraraja (teka Medura) hang nerima wilayah silihan teka Raja Majapahit, Jayanegara, wilayah wetan kerajaan kasebut, kelebu Besuki lan Pasusuran Wetan, minangka hadhiyah kerana jasane Wiraraja nyang Raden Wijaya kala kerajaan Majapahit diedegaken. Anak lanange Wiraraja, yaiku Nambi, manggon ring wilayah silihan iku: Jare Muhlefenfeld, Singgasana Nambi ana ring Kutha Renon, elore Lumajang.

Jare Brandes, ring bungase abad 14, Bhre Wirabumi, wis merdheka lan nduweni hubungan ambi Cina. Bhre Wirabumi ambi Menak Jinggo hang diceritakaken ring cerita Damarwulan, setemene uwonge padha. Bhre Wirabumi pungkas ceritane dipateni tepak perang ngelawan Majapahit (dene wong-wong Cina iku sakat sedurunge wis ngambah Banyuwangi, bisa dibuktekaken kelawan patung hang dianggep minangka patung hang paling tuwek ring Jawa).

Puser pemerentahan Belambangan wis ping kaping-kaping dielih, saya dina saya ngetan lan abad XVI, puser pemerentahan ana ring dhaerah Banyuwangi saiki.

Kutipan teka Balambangansch Adatrecht iku bisa dipahami gok hang kawitan ndikte bab sejarah Belambangan dikawiti teka Arya Wiraraya, yaiku Brandes hang disokong ring Muhlefenfeld, Stoppelaar, lan liyane. Brandes hing bisa mbedakaken antarane Belambangan lan Lamajang Tigang Juru-ne Arya Wiraraja?

Ana pisan penemune Brandes bab Bhre Wirabumi hang wis merdheka merentah lan nduweni hubungan ambi Cina abad XIV. Iki Bhre Wirabhumi hang endi maning? Brandes hing weruh pisan gok iyane nggawe salah fatal tepak madhakaken Mandala Wirabhumi ambi Kerajaan Belambangan lan Stoppelaar madakaken Bhre Wirabumi ambi Menak Jinggo.

Kutipan ndhuwur iku mau malah nana cerita bab sejarah Belambangan. Hang ana mung bahasan Lamajang Tigang Juru melencat nyang Mandala Wirabhumi lan melencat saya adoh maning nyang Kabupaten Banyuwangi.

  1. Kontroversi Bab Belambangan

Ngerteni sejarah dudu atase menang-menangan. Sapa salah sapa bener. Maca sejarah nganggo cara hang kreatip iku ngelumpukaken lan mbandhingaken data sejarah. Teka sumber hang utama yaiku Watu Prasasti, kitab-kitab utawa Lontar kuna kayata Negara Kertagama, buru mudhun ring Cerita Tutur lan Serta lan Babak Lokal.

Taping kanggo nyinauni Sejarah Kerajaan Belambangan, hang bisa ditemoni mung referensi KW3, arupa Babad, yaiku; Babad Wilis, Babad Sembar, Babad Tawang Alun, Serat Damarwulan/ Serat Kandha, Babad Dalem, Babad Madura, Babad Bayu, Babad Belambangan Notodiningratan, lan sepiturute, hang sekabehane iku melebu golongan babad lokal hang ditulis teka njabane Belambangan lan ditulis wong liyan, dudu wong Belambangan.

Sejarah Kerajaan Belambangan hang diweruhi teka maceme literatur Cerita Babad, Serat, Suluk, Lontar kaya kasebut ring ndhuwur. Kelebu cerita Cerita Tutur hang magih temancep kuwat ring komunitas uwong-uwong Belambangan (hang ana ring dhaerah Tapal Kuda) – kelebu pisan ring Jawa lan Bali. Sumber lan watu utawa Prasasti logam seru angele ditemokaken. Aja maning tepak kawitane Belambangan ring jamane Majapahit sekitar tahun 1352 M, hang cerita Agung Wilis ring abad ke-17 bain sara goletane. Iku hang ditemoni ambi kalangan ahli sejarah, sakwise VOC ngerebut kabeh asil tulisan Kerajaan Belambangan arupa lontar lan liya-liyane lan ngobong kabeh ring  Banger taun 1773.

Minangka salah siji pecak jayane sejarah Majapahit, Belambangan kelebu wilayah hang akeh diceritakaken ring tulisan. Naming, hang nggarai kerasa aneh, emeh kabeh hang nulis iku mestji wong liyan. Wong ‘njaba’ Belambangan. Asil tulisane hing kanggo Belambangan, taping dienggo kepentingane wong hang mesen tulisan iku, saingga hing heran kadhung dijejeraken siji lan liyane akeh hang hing mathuk. Kayata (1) Maksakaken gok Lamajang Tigang Juru padha ambi Belambangan; (2) Maksakaken gok Kedhaton Wetan ring Pamwatan (Porong, Sidoarjo) padha ambi Belambangan; (3) Maksakaken gok Mandala Wirabhumi padha ambi Belambangan; (4) Nganggep gok Belambangan tau mberontak lan ngelawan Majapahit kelawan madhakaken Paregrek 1406 ambi Perang Banger 1433 lan njumbule tokoh mitos Menak Jinggo hang kasebut dadi raja Belambangan hang nduweni gelar Bhre Wirabhumi (embuh Bhre Wirabhumi I, II, III, atau IV); (5) Enteke Majapahit Trowulan taun 1478 lan mbelayune Brawijaya nyang Blambangan arep nyabrang nyang Bali; (6) Maksakaken gok Kerajaan Panarukan padha ambi Belambangan ambi rajane, Sontoguno hang jare Nasrani; (7) Meksa pisan gok Mataram jamane Sultan Agung tau ngalahaken wilayah Belambangan kabeh; (7) Maksakaken gok Gelgel, Mengwi, Buleleng, malah Jembrana tau naklukaken lan njajah Belambangan; (8) Nggawe pitnah Kerajaan Mataram milu solah ring Perang Bayu. Ale Mataram wis runtuh taun 1755 ring Perjanjian Giyanti lan Perang Bayu buru kedadeyan taun 1771 utawa 16 taun sak uwise. Lan liya-liyane.

Kabeh iku mau kerana seprene awak-awak iki mung weruh Sejarah Belambangan teka ring babad-babad mau iku, taping sing weruh Sejarah Babade dhewek. Lan apuwa gok kadhung dibandhingaken siji-siji njumbulaken pitakonan gedhe. Apuwa sejarah Belambangan dijelentrehaken sak cuwil-sak cuwil?

Awak-awak bisa nggoleti sejarah Majapahit sak jangkepe teka A sampek Z. Rika isun bisa nggoleti sejarah Sriwijaya sak jangkepe teka A sampek Z. Uga sejarah Demak, Mataram. Taping Sejarah Belambangan? Hing ana hang jangkep lan wutuh. Mesthi sak cuwil-cuwil. Hang ana sak cuwil cerita taun 1295 tepak Arya Wiraraja lan Lamajang Tigangjurune kanggo ngawiti Belambangan, marek iku melencat ring taun 1406-1433 tepak sak cuwil mitos Menak Jinggo alias Bhre Wirabhumi (embuh Bhre Wirabhumi I, II, III, atau IV) hang jare raja Kedhaton Wetan, hang endi Kedhaton Wetan dipadhakaken ambi Belambangan pisan. Mara-mara melencat adoh sampek taun 1655 nyang cerita Tawangalun (embuh Tawangalun I atau II). Terus melencat maning nyang sak cuwil cerita heroik Agung Wilis lan Mas Rempeg-Sayuwiwit.

Sejarah Belambangan diduduhaken secuwil-secuwil, dibagekaken nyang wong hang mesen lan nyang uwong-uwong hang nduweni kepentingan kelawan tugelan sejarah iku. Karepe wis jelas supaya Belambangan hing tau bersatu. Aja sampek kedadeyan hang ngenalaken kajayaan Belambangan nyang generasi penerus. Kanggo nugel rante sejarah hang arep diwarisaken nyang generasi peneruse, VOC mula nyeja ngongkon tangan-tangan lokale supaya nulis lan nyebaraken sejarah Belambangan hang anyar. Mangkane njumbul cerita-cerita hang kontroversial, ring endi cerita iku Belambangan mesthi dadi sasaran lan nduweni lakon antagonis ring sejarah dhaerah-dhaerah liya hang dibahas sak kelebetan. Umpamane:

Kepisan, sejarah Belambangan, teka Menak Sembar (1479-1489) sampek Menak Kembar; Prabu Tawangalun II dan Prabu Agung Wilabrata (1655) utawa sak suwene ibu nagari durung manggon ring Macanputih, bisa diarani sejarah hang paling peteng ring donya kesejarahan ring Jawa. Wektu sangang raja jumeneng sak suwene emeh rong abad, emeh hing ana cathetane blas.

Kepindho, Belambangan mesthi dadi musuhe Majapahit, sakat teka Menak Jinggo sampek enteke Majapahit pisan digathukaken ambi solahbawane Belambangan ring Paregrek 1401-1406. Malah ring babad-babad hang ditulis sak mareke ilange Majapahit iku (1478), Puteri Majapahit (Ratu Adi/Pembayun) minggat, hang ditudhuh ya Belambangan. Ilange keris Pusaka Majapahit Kyai Sangkelat hang ditudhuh ya Belambangan. Kawitane ilange Majapahit kerana Paregrek, hang ditudhuh ya Belambangan. Pokoke kabeh hang antagonis, elek, negatip kasebut ulahe Belambangan. Taping tepak ulih musibah gedhe, Majapahit bubar, hang jare ‘diserang” Demak, apuwa para keluwarga raja lan rajane dikancani ambi Sabdopalon pisan mbelayu lan golet selamet nyang Belambangan lan kecaruk Susuhunan Kalijaga? Iki yara padha bain ambi mbelayu teka serangan musuh nekani nyang panggonane musuh liyane? Ring kene logika kuwalik mulai mbalik nyang hang duwe solah. Belambangan hang diceritakaken dadi ‘Panggonan Perusuh’, aju dielem dadi “Benteng Pungkasan Hindhu ring tanah Jawa.”

Ketelu, Tome Pires nyebutaken ring wektune Menak Pentor (1500-1531), Belambangan iku bagiyane Majapahit. Kelendi bisa yong Majapahit dhewek wis ilang sakat taun 1478 (sebagiyan ahli ana hang duwe penemu gok Majapahit musna sakat 1527). Negara hang wis Musna magih bisa mayungi Belambangan sak suwene 1527-1531.

Kapapat, Ring babad-babad disebutaken gok Belambangan dadi rebutan antarane ‘islamisasi’ hang dilakoni nyang Sultan Trenggono Demak taun 1546, marek iku diterusaken nyang raja Surabaya Panji Wiryakrama, lan didadekaken ‘Hindhu’ nyang Dalem Sagening (1550-1625) teka Gelgel-Bali, hang setemene wong-wong iku ngerebutaken Panarukan.[1] Kayane ana hang maksakaken gok Panarukan iku padha ambi Belambangan. Ale Belambangan kala semono dipimpin nyang Menak Pangseng (1531-1546) nduweni ibu nagari ring Lamajang, dudu ring Panarukan. Artine, kala semono ana kerajaan dhewek ring Panarukan.[2]

Kelima, Seteruse dijelasaken gok taun 1575, Belambangan hang kala semono dipimpin nyang Menak Pati/Dalem Sri Juru (1546-1575) dikalahaken nyang Patih Ularan, utusan Dalem Sagening teka Gelgel-Bali lan Menak Pati/Dalem Sri Juru diponges. Terus mara-mara ring babad-babad iku disebutaken gok ring Belambangan dipimpin ring Menak Lumpat hing kathik njelentrehaken sapa iku Menak Lumpat (1575-1639) lan paran hubungane ambi raja-raja Belambangan sedurunge. Seru anehe ring bagian iki.  

Keenem, ngenani serangan 30.000 perajurit Mataram nyang  Belambangan taun 1625 ring masane Sultan Agung Hanyakrokusumo. Ale kabar hang disampekaken nyang tokoh Tionghoa teka Kendal hang aran Encik Muda iku mung sewates rencana Mataram lan durung ana penyerangan.

Kepitu, Sejarah Belambangan, hang ambi Jone ring Daghregister (cathetan arian  kompeni) disebut ana ring perlindhungane Dalem Sagening, raja Gelgel-Bali, cumpu wis dadi negara merdheka sakat Majapahit Musna tahun 1478.  Masiya Belambangan dhewek buru ana tahun taun 1478 iku, naming minangka Kadipaten bagian teka Majapahit wis ana sakat taun 1352 lan wis gonta-ganti adipati sampek ping lima.

Cathetan hubungan Belambangan ambi kompeni ya hing jelas. Mara-mara ada cathetan teka kompeni gok ring taun 1628 Belambangan njaluk tulung nyang VOC ring Batavia kanggo ngadhepi Mataram. Uga Van Diemen hang ngaku gok VOC ulih penjaluk teka Belambangan lan Bali dienggo ngadhepi Mataram, taping ditolak. Apuwa gok ditolak yong kala semono VOC iku mbutuhaken kanca dienggo ngadhepi Mataram ring Batavia  (1628-1629)? Iki radha mohal, kelendi bisa Belambangan hang nggawe hukum Tawangkarang nyang kapal-kapal liyan (kelebu kompeni) gelem gandheng renteng ambi hang duwe kapal?

Kadhung mula Belambangan njaluk bantuwan nyang kompeni, apuwa gok dudu Belambangan hang nekani Batavia, malah Gubernur Jenderal Brouwer ngongkon Jan Oosterwyck nemoni raja Blambangan Menak Lumpat ring Lamajang. Lan sak mareke kongkonan iku diusir nyang Menak Lumpat, nemoni Mas Kriyan, pemimpin oposisi ring Kuthadawung. Kerana Mas Kriyan hang gelem manut ambi kompeni, iyane hang diakoni dadi raja Belambangan hang sah ring cathetane C. Lekerkerker dan HJ de Graaf.

Kewolu, anane hubungan hang apik antarane Belambangan lan Mataram ring jamane Sultan Agung Hanyokrokusumo, hing tau diduduhaken.

Bengkerengan antarane Belambangan lan Mataram buru ana sakat Sultan Agung sampek umur lan Amangkurat Agung/Amangkurat I ngiyanati bapake, kelawan gandhengan ambi kompeni kanggo ngalahaken Belambangan. Sampek iyane dhewek dihiyanati ambi kompeni hang ring pungkas cerita morodi kabeh Pesisir Elor Jawa teka tangane Mataram.

Sawetara iku, gagale Sunan Amangkurat I nguwasani wilayah kulon (Sumedang) lan wetan (Belambangan), nggarai nggawe rasa frustasi lan ulihe nyenengaken awake dhewek kelawan nggawe mitos Ratu Pantai Selatan. Hing paran-paran wis, gagal ring elor, kulon lan wetan, taping magih duwe kidul lan Ratu ring Segara Kidul.

Belambangan hing tau dikalahaken sekabehane ambi Mataram. Kadhung Lamajang lan Kuthadawung tau sempal, naming diraketaken maning ambi Susuhunan Prabu Tawangalun II.

Kesanga, Buru sak mareke Raja Agung Belambangan iku nemoni pesthine taun 1691, dadi bentheng cewenge kerana ana cawe-cawene wong njaba Belambangan. Teka kene Belambangan kulon yaiku Lamajang lan Banger bisa direbut ambi Untung Suropati  ngatasnamaaken Sunan Amangkurat II. Masiya ring mburi-burine Untung Suropati dihiyanati dhewek ambi Mataram, lan iyane ngumumaken Kerajaan Supit Urang ring Pasuruan saingga rong kadipaten Belambangan dadi bagiyane Pasuruan dudu Mataram.

Kesepuluh, hang nganeh-nganehi hang pungkasan yaiku Perjanjian Giyanti 1755 hang mungkasi riwayate Mataram kelawan anane Kartasura lan Ngayogyakarta. Perjanjian iku uga nyebutaken gok kabeh wilayah Javas Oosthoek (Jawa Timur) diserahaken nyang kompeni. Kelawan perjanjian iku, kompeni ngerasa nduweni hak ring Belambangan pisan. Saingga tepak 23 Maret 1767 kompeni teka ring Belambangan, sak kal ngibaraken bendherane ring Pelabuhan Teluk Pampang.

Ale tepak Perjanjian Giyanti diteken, Belambangan hang kala semono dipimpin Mas Sepuh/Pangeran Jingga Danuningrat (1736-1764) minangka kerajaan hang merdheka. Dudu wilayahe Mataram lan dudu bagiuane kerajaan-kerajaan cilik ring Bali. Pangeran Jingga Danuningrat hing weruh gok negarane mara-mara diserahaken nyang penjajah. Dadi ya hing maido gok Agung Wilis, Mas Rempeg, Sayuwiwit, Mas Surawijaya, lan sakteruse kerep ngelawan kompeni, malah sampek tahun 1815.

Kelawan sejarah hang bureng lan peteng iku mau, hang ndadekaken kaya-kayane peristiwa ring Belambangan hing ana hubungane, awak-awak iki wajib nggoleti Sejarah Sumber, utamane sumber lokal.

 


[1]Dalem Sagening (1550-1625) salah sijine raja Bali hang toleran lan wicaksana. Sak suwene dadi raja, wilayahe Bali kelebu Lombok lan sebagiyan Sumbawa. Iyane kerjasama ambi sultan Goa ring Sulawesi, Sultan Alaudin I (1593-1639). Iki dadi bukti gok hing ana rasa  sentimen agama ring Nusantara malah sampek abad ke-17.

[2]Apuwa penulis nyebutaken islamisasi dan hinduisasi ring tandha petik, kerana Belambangan wis multi-etnis, multi-agama, multi-budaya sakat bengene lan iku dudu hang aneh ring Belambangan. Malah aneh kadhung Belambangan disebut negeri Hindu tah negeri Islam utawa negeri Using. Iku nyilikaken keagungane Belambangan. Cathetan:(1) Islam wis ana ring Belambangan lan ana ring masarakat malah ring keluwarga kerajaan sakat dadi Kadipaten ring ngingsore Majapahit, ring jamane Adipati Menak Sembuyu (1440-1461), masiya akeh-akehe wong Belambangan nduweni keyakinan Adwaya Jawa/Kapitayan lan Siwa-Boda. Islam melebu Belambangan dudu kerana jasane Demak, Mataram, paran maning Kompeni, taping kerana undhangan Adipati Menak Sembuyu kanggo nambani penyakit hang nyerang Belambangan kala semono; (2) Istilah Agama Hindu durung ana kala semono, hang ana Siwa-Boda utawa Tantra, Penganut Siwa, Penganut Brahma, lan utawa Penganut Wisnu. Malah ana cathetan, hang nyebut gok Agama Hindu buru ana sakat 1958 lan diakoni sakat taun 1962 minangka Agama Kelima ring NKRI, sedurunge disebut Agama Tirta. Dadi hing tau ana musuhan antarane Hindu lan Islam ring Belambangan; lan (3) Istilah Suku Using (Osing) durung ana kala semono, kerana buru ana ring cathetan Landa abad 19.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Mas Aji Ramawidi

Editor: Hani Z. Noor