Nuntasaken Bab Dhemenan Liwat Gendhing

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 05 Oktober 2019 19:44 WIB)
- Opini



Gendhing-gendhing Using hang ngangkat tema kasmaran, dhemenan antarane lanang wadon, duduk terima hang nggambaraken pedhote bakalan, ditinggal rabi dhemenane, aju uripe keloro-loro. Pengarang jaman bengen ring pungkase  gending anggitane, mesti nguweni pitutur kanggo nengahi masalah hang diadhepi ambi lare-lare enom hang kasmaran mau.

Kadhung ring teori sastra, iku mesti ana alur/plot utawa lakone cerita. Iki biasane kanggo karya sastra arupa Roman utawa Novel, Cerita Cendhek (Cerpen). Temekaken nong karya arupa gendhing, utawa kadhung nong Sastra Indonesia kelebu Puisi, alur mau magih dienggo. Alur iku arupa KAHANAN (Situation); MILI MASALAH (Generating Circum Stances); TAMBAH MASALAH (Rising Action), MUPUS (Klimaks); NGUDARI MASALAH (Denoement).

 

Isun seja milih Gendhing anggitane Pak Armaya, yaiku "Mbrebes Mili" lan "Sing Ana Jodho", keloro gendhing iki kaya sahut-sahutan, artine "Mbrebes Mili" sulung metu, aju dijawab "Sing Ana Jodho". Gendhing mau dianggit ring tahun hang padha, mulai kawitan Pak Armaya hang sak durunge akeh nulis nganggo Bahasa Indonesia, aju nulis syair gending Basa Using, merga kepingin generasi enom-enoman gampang dhung mahami kesenian, yaiku seni sastra gendhing.

 

MBREBES MILI

Apuwa isun rika tinggal kang

Awak sampek merono merene keloyongan

Rasane kaya sing kuwat urip ning dunya

Inget kadung dhemenen sing bisa turu lali mangan

 

Tibane luput janji rika, kang

Ngeloro atinisun raina bengi

Sun dhemen nyang rika dudu apus-apusan

Gok rika kari tega ninggal sedot tanpa jalaran

Ya wis paran jare, ya kelendi maning

Yara wis nasibe

Kadhung sun iling-iling

Riwayate sing bakal ya balik maning

Semendjal ngiris-ngiris ati kang

Mbrebes mili katon rika raina bengi

Ya nyatane saiki rika wis sing ana

Mung bain isun iklas lan welas sing bisa ilang

 

Syair/lagu : Armaya/Machfud Hr.

Tahun cipta/popular : 1973/1974

Instrumen pengiring : Orkes Melayu

Produksi Rekaman : Sarinande Record Banyuwangi

 

 

Gendhing "Mbrebes Mili" bait kawitan langsung nyeritakaken kahanan, lare enom hang ditinggal dhemenane. Bingung liwang-liwung, sampek meh kaya arep mutung. Paran maning kadhung iling magih dhemenan, sampek lali sembarange. Bait iki kadung ring teorine melbu "Situation", yaiki kahanan batin lare hang diceritakaken mau.

 

Bait keloro nyeritakaken rasa-rumangsane lare mau, nang janji hang tahu diucap ambi dhemenane. Iki wis melbu nang masalah hang mulai mili (Generating Circum Stances), aju baris sak teruse tambah nguwataken baris sak durunge. Lare hang diceritakan mau tambah kelaran sampek merga ditinggal tanpa jalaran, alihe welase temenanan (duduk apus-apusan).

 

Gemulake ati terus ring bait ketelu, masiya ‘anti klimaks ambi lare hang cieritakaken mau mulai pasrah nang kahanan, nerima nasib hang ana lan sing arep ngangen-angen maning. Taping ring bait kepapat langsung mupus (klimaks), merga lare hang diceritakan mau iling sampek semendal atine kaya diiris-iris. Merga kangen lan katon-katonen nang dhemenane kaya sing keneng dibebeng. Nah, ring pungkasan gendhing penganggit sengaja nguweni pesen hang keneng dienggo ngudari masalah kasmaran mau. Pasrah merga dhemenane pancen  wis menyang, taping ya iklas nerima kahanan, ambi pesen dhung welase mau sing bisa ilang.

 

SING ANA JODHO

Isun sing ninggal dik

Isun ya sing lali

Mula kadung kesuwen

Wong bakalan ya akeh fitnahan

 

Wong ngabaraken kang

Gok rika wis kawin

Isun kelara-lara

Lan meh bain sing ketemu rika

 

Wis pastinisun lan rika

Iki kembange urip ring dunya

Masio rika kawin sun sing lali

Hang sun jaluk ya sak balike

 

Ya sepurane kang

Nawi ana salahe

Sing salah isun lan rika

Sing ana jodo seduluran bain

 

Syair/lagu : Armaya/Machfud Hr.

Tahun cipta/popular : 1973/1974

Musik Pengiring :

Produksi rekaman :

 

Gendhing "Sing Ana Jodho" hang isine kaya jawaban nang "Mbrebes Mili", alur sing bedo adoh. Ring bait kawitan dibuka, kadhung sak benere mosok ditinggal mungkur sedhot lan dilalekaken, taping pisah merga pegawean. Bengen pantese durung ana sms dan WA, arep kirim surat adoh kantor pos. Makane hang disalahaken, merga iyane kesuwen kadung bakalan. Teka gendhing iki aju weruh masalah ring gendhing sak durunge, temekaken tangie lare mau merga ulih kabar hang sing jelas, kadhung dhemenane ninggalaken lan wis gandheng ambi wong liya.

 

Bait telu lan papat, iki dadi "penyadaran" lare mau hang aju nerima kahanan, masiya dhemenane sing gandeng wong liya. Masiya nerima, tapi tetep sing arep ngelalekaken dhemenane lan sak balike semono uga, dhemenane aja sampeik ngelalekaken. Malah njuk sepura, iku menongko sikap hang patut diregani. Masiya dipilara perasaane, aju nyadhari dhung iku wis petine urip. Duduk merga salah larene lan bakale. Iki hang dadi kunci pungkasan "Sing ana jodho, yo seduluran bain". Sikap gedigi iki gampang diucap, angel dung dilakoni. Tapi iki hang kepingin diduduhaken nang lare-lare enom hang pedhot dhemenan....

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Moh. Syaiful