Obituari: Pak Haji Hamzawi Adnan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 31 Desember 2019 15:17 WIB)
- Esai



Kecaruk ngobrol hang rada dawa ambi ruwahe Pak Haji Hamzawi Adnan noring tukuke hang ana ring Perliman, taun 2002. Isun buru mulih teka Mangir marek nemoni ruwahe Pak Hasan Ali. Isun ditakoni Pak Hasan nawi gelem nggawa kamus dienggo wong-wong Jakarta hang magih duwe wigati nyang basa Using.
Isun ngiyani. Aju isun dikongkon nemoni ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) hing ana liya ya Pak Haji Hamzawi hang nggawa kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia hang disusun Pak Hasan.
Ambi njuwutaken kamus, Pak Hamzawi takon kiprahisun ring Jakarta lan ngarep-arep bisa mbantu nulis bab Banyuwangi ring media. Taun iku Banyuwangi durung patiya mencorong kaya saiki. Warta sithik ring media nasional bisa nambahi arume aran Banyuwangi.
Sak mareke pamitan nggawa kamus, isun hing tau kecaruk maning sampek tahun 2019 ulan Juni kepungkur, uga ring tukuke hang ana ring wetane sasak Singomayan. Taping ketemune ya hing nyeja tepak isun tuku batik. Biyasahe paceke Bu Hamzawi hang ana ring tukuke, tapi sakat Bu Hamzawi sampek umur ya Pak Hamzawi hang ana ring kono. Pak Hamzawi lungguh ring kursi kasir.
Umur wis nggerogoti awake. Masiya matane magih katon kesat, taping awake ya wis hing patiya jejeg kaya bengen.
Sun takoni nawi magih sanggup hun ejak ngobrol dina iku, nak takon-takon bab Dewan Kesenian Blambangan. Jawabane: "Using wis Lik. Lali kabeh wih." Mula ana ping pira SKB ngundang iyane tepak ana kegiyatan, naming ya iku kerana wis sing patiya kesat njangkah dadi durung tau bisa teka.

Jare Pak Sumitro Hadi, koreografer lan hang duwe Sanggar Jingga Putih ring Gladag Rogojampi, masiya dudu pelaku seni, ruwahe seru gatine nyang seniman, seru ngereganine nong seni lan ngerti nong donya seni. Jaman bengen mung ana wong telu hang dadi pejuang seni ring DKB: ruwahe, Pak Ridwan lan Pak Hasan Ali. 

Hing nyangka, dina iku kecaruk hang pungkasan.  Gesah dina iku dadi gesah hang pungkasan ambi salah siji sesepuh hang tau nggawe jejege DKB. Muga-muga disepura dosane, diterima amale, padhang dalane lan dijembaraken kubure.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf