OKU, Korwil Kemunjilan ring Ikawangi Sumatra

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 25 Oktober 2021 12:01 WIB)
- Laporan



Anane wong Banyuwangi ring endi bain diarepaken bisa mbangun sinergi ambi pemerintah dhaerah hususe ring merujukaken seni lan budaya dhaerah.
   Ketua Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Sumatera Selatan kang Suroso ring pidhato tepak pelantikan Pengurus Ikawangi Ogan Komering Ulu (OKU) ngomong gok seni lan budaya tanah kelairan kudu bisa dikolaborasi ring budaya lokal hang ana.
   Ikawangi OKU iki minangka Korwil kemunjilan hang dilantik tanggal 24 Oktober dadi korwil hang nomer 5 hang ana ring Sumatera Selatan hang nduwe 17 kabupaten. Korwil-korwil hang wis ana ring Sumatera Selatan yaiku korwil Kota Palembang, OKU Timur, Ogan Komering Ilir (OKI), Musi Banyuasin (Muba) lan hang pungkasan OKU, kira-kira 4-5 jam teka Palembang.
   Ring iwuh iku, Ketua Ikawangi Sumsel kang Suroso ngelantik pak Kateni minangka ketua korwil, Bendahara ibu Titik Susilawati lan sekretarise Sisana.
   Jare pak Kateni program hang arep dikawiti kanggo bisnise Ikawangi yaiku nggawe tas teka songket lan nandur jambe. Sithik-sithik niru asile dulur hang ana ring OKU Timur lan OKI hang wis sukses nandur gedhang, jae abang lan bathik.
  Iwuh pelantikan iku ditekani pirangane pejabat dhaerah kayata Assisten 1, wakil ketua DPRD Kab. OKU lan pirang-pirang anggota DPRD, Kepala Kesbangpil kab. OKU, camat, kapolsek dan danramil Lubuk Raja kabupaten OKU.
   Hing lali ring acara iku ana kesenian Banyuwangi merga ketua korwile, kang Kateni, nduwe sanggar kesenian kendhang kempul, campur sari aran Ikawangi lan organ tunggal hang diarani Trio Nada.
   Ring iwuhe iku pisan dibagekaken 200 KTA hang arupa e-money hang bisa dienggo tuku sembarang kalir lan mbayar tol lan parkir.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor