Anggitane: Asri Rindang
(Minggu, 31 Mei 2020 09:54 WIB)

Ontong Lan Corona


"Gawanen merene ontong iku! " kongkone Bik Lita ambi nuding barang werna abang pucuke kuning. 

Ambi rada setengah suker gigil-gigil Ayu nguwakaken barang iku nang emake. 

"Paran iki Mak? "

"Ontong"

"Bisa dipangan, tah? "

"Bisa, hang bengen Sira pangan ambi pelasan iwak"

"Hang endi, Mak?"

"Tepak pengajian ika yah, diolah dadi jangan bali."

"Ye... hang wernane putih iku? " jawab Ayu marek mikir sedhilut, ngenget-enget. 

"Taping hang iki wernane dudu putih, Mak."

"Iku njerone hang putih."

"Mangkane tah kadhung emake gupuh olah-olah nang pawon tulungana makene weruh," abane Bik Lita. 

"Iki isun wis milu, Mak," jawab Ayu ambi mbesengut. 

"Milu ndeleng," jare Bik Lita dibales ambi eseman ngaleme Ayu. 

Sak uwise ngerijigi ontong, Bik Lita ngulup ontong ring njero dandang nduwure kompor. 

" Ontong iku kejaba indhul dipangan uga akeh kasiyate," jare Bik Lita. 

Ayu magih ngenceti bawang ambi ngerungokaken. 

"Bisa dienggo obat darah tinggi, lara weteng, kurang darah, hing bisa ngising, kanker ambi…" Bik Lita mara-mara mandheg hing nerusaken omingane. 

"Ayu… Sira kerungu tah using Emake iki celathu?" 

"Enggih Mak rungu," jawabe Ayu ambi magih ngenceti bawang.  

Omong-omongan emak lan anak iku mandheg sedhilut, merga dikagetaken ambi pitakonane Ayu. 

"Ontong bisa dienggo anti virus Korona tahsing Mak?" Ayu takon cemeplos polos. 

"Hah! " Bik Lita mendelik kaget, hing weruh arep semaur paran.

Sawetara gerigis mangkat mudhun, latar nang ngarepan umah wis kepus. 

Gule ontong wis cemepak dikancani tempe goreng, iwak bawal goreng hang magih metu weleke lan sambel terasi. Ambune olahan sedhep semerambah celuk-celuk uwong sak umah. 

Sing kathik diabraki padha teka ngelibengi meja panggonane panganan. Bapake Ayu, kakange, sak emak lan adhike.

Kabeh ngucap sukur kanggo nikmat hang sing marek-marek diwehaken ambi Hang Kuwasa. 

Hing usah mikiri maning ontong iki bisa nyegah virus korona tah hing. 

Hang penting saiki madhang. 

Ngerasakaken nikmat lan rejeki hang Allah sukani. 

"Mak, sambele sambel korona tah iki, kari medeni," jare Ahim adhike Ayu. Kabeh munyik.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gurusiana. Id

Editor: Antariksawan Jusuf