Organisasi Ikawangi Sak Donya Magih Kesandhet

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 12 Oktober 2020 08:08 WIB)
- Laporan



Kekarepan nggawe organisasi Ikawangi sak donya magih kesandhet merga magih durung ana ucap sepakat kelendi wadhah hang bisa diterima kabeh anggota.

Dina Minggu 11 Oktober sore dianakaken gesah hang kepindho liwat aplikasi Zoom hang dipiloni Ikawangi sak donya sakat teka Papua, sampek Taiwan lan Jepang.

Wakil Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta Sugihadi kaya ngiyani paran hang tau diomongaken ring Gesah kawitan, yaiku tujuwan nggawe Ikawangi iki kanggo ngeraketaken kabeh warga Banyuwangi sak donya ring wadhah Ikawangi.

"Naming operasional Ikawangi hang ana ring dhaerah-dhaerah ya melaku kaya biyasahe," jare kang Sugi hang teka desa Blambangan Muncar iki.

Saiki iki Ikawangi Pusat Jakarta mayungi organisasi Ikawangi sak Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Bekasi lan Cilegon.

Sarta iyane ngusulaken gok Ikawangi Pusat bisa digedhekaken wilayahe, ngambah kabeh wilayah sak Indonesia, ana wakil Ikawangi liyane hang sing terima.

"Kahanane saiki iki sejajar, yong ana organisasi Ikawangi liyane hang wis duwe akte notaris. Hing ana pusat lan dhaerah. Kadhung isun setuju kanggo ngeraketaken ring Forum bain kanggo wadhah komunikasi, koordinasi lan musawarah," jare kang Edy Purwo teka Ikawangi Surabaya.

Sekjen Ikawangi Dewata Lulut Joni Prasojo ngiyani penemu iku. "Kadhung mara-mara ana pusat lan cabang, rada hing tepak, merga kene iki ya wis ana organisasine... Dadi kadhung ngomongaken kesetaraan kaya hing pas."

Kang Suko Wiyono teka Ikawangi Batam malah ngetokaken pitakon: "Kadhung kudu menginduk nong pusat alasane paran? Manpaate paran? Jaminan teka Pusat paran?"

Ketua Ikawangi Sumatra Selatan kang Suroso nyatakaken merga Ikawangi iki perlu mbangun sinergi kelawan semangat jiwa korsa hang bisa nerima uwong teka hang latar mburine macem-macem, teka buruh sampek pejabat.

"Forum komunikasi iki mesthine dadi wadhah komunikasi, tutur sebaya, sederajat, urun rembug kelawan werna dhaerahe dhewek-dhewek," tambah kang Suroso.

Jare kang Khairil Ikawangi Lampung: "Arane bisa paran bain hing masalah... taping aja sampek ana dualisme Ikawangi. Hang penting njaga silaturahim."

Taping ana penemu liya. Ketua Umum Ikawangi Papua Sarminanto ngomong gok Ikawangi nong dhaerah bisa melaku dhewek-dhewek tapi sapa hang bisa ngoordinir?

"Kelembagaan iku kudu ditata.. ana hang mengendalikan masiya sipate dudu atasan lan bawahan."

Setemene pitakonan lan rasa kuwatir teka Ikawangi iku gampang dipungkasi, jare kang Ugek teka Yogya.

"Kadhung nganggo AD/ART kabeh kekarepan hang awak kabeh iki bahas bisa diwadhahi. Kene iki mung kepingin nggawe steering commitee utawa paran lah istilahe," jare kang Ugek.

"Masalah hang wis duwe akte ya hing paran-paran bisa melaku.. dadi hing kabeh diatur ambi Pusat," jare kang Ugek nambahi. Upamane aturan sapa bain anggota Ikawangi iku, kelebu anak rabi tah sing, iku di atur ring dhaerah dhewek-dhewek.

Masiya magih sele genje, taping sunare serngenge Ikawangi wis rada nguntup. "Arahe wis jelas, tujuwane wis ana, dadi setemene kari nerusaken. Isun yakin kabeh wong Banyuwangi ndhukung," wekase ketua ISG Amma Pandu liwat telepon. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor