Pagelaran Resital Tari Gerbang Timur

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 22 Maret 2023 07:07 WIB)
- Laporan



Apik seru, ucap kang mula pas kanggo acara Resital Tari Gerbang Timur kang digelar Padepokan Seni Alang-Alang Kumitir bengi iku nong Gelora Seni Budaya (Gesibu) Banyuwangi dina Minggu, 19 Maret 2023. Pagelarane sing mung nampilaken kesenian tari Banyuwangi taping ditampilaken pisan kolaborasi kesenian Bali lan Jawa. Masiya mara-mara udane temebluk lan pagelarane diendhegaken sedhela naming penonton tetep nganteni sampek bubar. Paran maning Sendratari Alas Purwo Aji Gandrung lan Umbul Dungo Memetri Nagari iku dadi gonge pagelaran.  Asisten Pemerintah Daerah Kabupaten Banyuwangi, Bapak Dwi Yanto salah sijine penonton kang setiya nganteni acara sampek bubar.

Ring pembukane, pagelaran diisi Seni Hadrah Merah Delima teka Tegaldlimo, Kuntulan lan Rodat Siiran. Sambutane Bupati Ipuk Fiestiandani liwat zoom kerana magih nong Jakarta, iyane njaluk supaya Banyuwangi kang sugih seni budaya iki tetep dibela makene tetep lestari. Seni iku aju merujuk ngetutaken jaman, kadine bupati ngajak lare-lare aja gagap teknologi (gaptek), mampaataken media sosial (medsos) kaya facebook, tiktok, instagram kanggo ngenalaken Banyuwangi, ajeg nggawe kreasi nyiptakaken tari-tarian sampek dikenal masarakat internasional naming sing ninggalaken pakem kang wis ana. Bupati uga nyampekaken kesuwun nyang masarakat Banyuwangi kang terus rebound, gotong royong lan kolaborasi. Angka wong melarat terus mudhun, Ijen geopark wis nuju Unesco Global Geopark.

Acara kang dihadhiri Wakil Bupati Bapak Sugirah, Asisten, Kepala Kesbangpol Bapak Lutfi, Sekdin Disbudpar Bapak Choliqul Ridho, Ketua lan pengurus DKB, pengurus Kopat, pengurus Aman, lan para seniman lan budayawan iku disuguhi pirang-pirang tarian kang dietap kelawan apik. Tari Blek Dik Dot jugedan kang kemeremet lare cilik. Ambi pelendhongan ring boyoke nggarai penonton gemes. Para cantrik Padepokan Alang-Alang Kumitir uga nampilaken jugedan Kuwung Rinonce, Goyang-goyang, Angon, Urip iku Urup, Gandrung Kerudhung lan Mepe Kasur, karyane Padepokan Alang-Alang Kumitir dhewek. Ring kono uga diacarakaken nguweni penghargaan kanggo para Penjaga Tradisi. Kang kepilih bengi iku yaiku Gandrung Mbah Mudaiyah, Pengendhang Mbah Radjuli lan penari jaranan lan janger Mbah Jaswadi.

Nelayan, jugedan teka Bali bengi iku mari-mari apik. Penonton diejak milu ndhayung ngarungi segara ambi telung penjuged minangka para nelayan kang nggolet iwak ning segara. Jugedan Jawa, Bambangan Cakil sing kalah apike. Bengi iku pinter njuwut atine penonton. Cakil kang ladak, sakdurunge tampil ambi para buta. Taping ahire limpyuh dikalahaken ambi Srikandi.  Bida maning ambi suguhane lare-lare SMKN I Banyuwangi. Sendratari kang judhule Durjana iku ngejak penonton melebu nong politik. Politisi kang sakdurunge ngajak kolaborasi, ngersaya lan mareki rakyat, serta wis dadi penguwasa lakune uwah dadi wong ladak lan sombong. Taping ahire getun merga ditinggal rakyate. Bengi iku Komunitas Damart Art sing ketinggalan nampilaken jugedan kang sing kalah apike. Jugedan Panorama Banyuwangi dipungkasi ambi keploke penonton.

Minangka gonge pagelaran, guritan kang diwaca Samsudin Adlawi dewan pengarah DKB, ngawiti sendratari Alas Purwo Aji Gandrung. Sendratarine ngisahaken kahanan Alas Purwo kang wingit lan kewan-kewan magih akeh nong njerone, ambi puluhan gandrung kang tampil kelawan apik. Aju ditutugaken ambi Umbul Dunga Memetri Nagari, kang dijugedaken ambi Pimpinan Padepokan Alang-Alang Kumitir Punjul Ismuwardoyo, MoDhi, lan Reni Wiritanaya. Ring kono tariane akeh nyampekaken wekas lan anane regenerasi. Mbah Mudaiyah kang nganggo penganggo gandrung melebu nong kalangan, nyoplok omproke aju dianggokaken nyang lare nom-noman kang wis siyap dadi gandrung.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf