Pameran Kepurbakalaan 2021 Banyuwangi Sugih Artevak lan Barang Kuna

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 06 Oktober 2021 06:23 WIB)
- Laporan



Melebu nyang ulan Oktober 2021 iki Banyuwangi wis mangkat jenggirat maning. Wis dadi agenda rutin saban taune Pameran Kepurbakalaan dianakaken maning ana ring pelataran Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi Jl. A. Yani No. 78 Taman Baru Banyuwangi.

Bedhag pamerane hang digawe nganggo welit lan jajang-jajang iki nduduhaken kadhung iki has tradhisional Banyuwangian hang ramah lingkungan mesthine. Bedhag pameran iki ditata melibeng ana ring pinggir-pinggir pelataran hang biyasahe dienggo parkiran kantor Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi. Katon rumang lan apik temata, paran maning kadhung ring wayah bengi akeh damar-damar hang murub diatur mencirak ati.

Pameran kepurbakalaan hang dikawiti mbukak dhasar ana ring tanggal 4-6 Oktober 2021 iki mameraken barang-barang kuna, antik, lan uga barang-barang hang duwe nilai-nilai sejarah umpamane poto-poto lawas jaman bengen hang ana ring bedhag Banyuwangi Tempoe Doloe (BTD) lan sing luput uga barang-barang kaya artevak-artevak temuan hang dadi koleksine Museum Blambangan.

Sekretaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi Choliqul Ridho nyatakaken ana ring pembukaan pameran kadhung kegiyatan iki dadi saranane nduduhaken koleksine museum Blambangan nyang masarakat. Sakliyane iku uga dadi panggonan kanggo wong-wong hang dhemen barang-barang kuna lan antik kanggo pameran lan bisa uga dadi panggonan adol-tuku antarane para pecinta barang antik lan kuna.

Ring bedhag no 5, 6, lan 7 ana  artevak Lingga Sempurna hang digawe teka watu andesit hang kelire cemeng semu-semu kelawu. Artevak iki biyasane dienggo wong sembahyang muja nyang Dewa Siwa. Sakliyane iku ana uga  Stupica, yaiku miniatur stupa hang digawe teka lempung hang ditemukaken ring area situs Gumuk Klinthing, Muncar. Artevak iki bengene dienggo wong Budha dadi saranane  muja nyang Sang Budha.

KRT. H Ilham Triadi utawa hang duwe celukan Panji Belambangan hang manggon ana ring bedhag nomer 5,6, lan 7 iki ngakoni sakliyane dadi panggonan pameran dikarepaken kegiyatan iki bisa uga muruki masarakat nyang barang-barang sejarah lan kuna hang dadi lantaran anane barang hang ana saiki iki. Edukasi iki penting makene bisa dadi wawasan lan pengetahuan kanggone lare nom-noman lan utamane lare-lare sekolah hang ana ring Banyuwangi lan sakubengane.

H. Ilham hang uga dadi ketua Paguyuban Pelestarian Keris ana ring Banyuwangi iki uga mameraken barang-barang tosan aji hang arupa keris, tumbak, pedang, cundrik lan liyan-liyane. Barang-barang dipameraken ana uga hang dienggo ana ring Perang Bayu taun 1771 rikala Sayu Wiwit mimpin perang ngelawan Kumpeni Landa.

Sakliyane dhasaran barang antik lan kuna ana uga dhasaran lukisan hang mameraken lukisan-lukisane seniman-seniman Banyuwangi. Wolung seniman lukis Banyuwangi milu mameraken lukisane ana ring dhasaran pameran kepurbakalaan hang panggone ana ring bucu kidul kulon.

Merga magih ana ring mangsa pageblug, pelaksanaane nganggo protokol kesehatan ketat. Ring ngarep dalane melebu wis disediakaken scanner kanggo ngukur panase awak lan uga scanner kanggo vaksin hang bisa di-scan nganggo aplikasi PeduliLindungi. Aplikasi dienggo proses melebu/metu ring panggonan rame utawa kanggo nggoleti kontak riwayat wong hang keneng Covid-19.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf