Panen Madu Dikontrol Nganggo Hape
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 09 September 2020 06:27 WIB)
- Laporan
Lalare Politeknik Banyuwangi nemokaken cara panen madu bisa tikel papat timbang biyasahe, lan panene bisa dikontrol nganggo hape. Edheng?
Asal mulane ana mahasiswa jurusan Teknologi Informatika sak kancaan kepingin mbantu wong peternak madu makene bisa nambahi panenane.
Umahe tawon (gelodhog) hang wis anjerah arupa kothak kosong hang nong njerone diwani frame (hang kaya pigura) kosongan. Aju perlu wektu suwene 3-4 ulan kanggo tawone nggawe tala. Tambah maning telung ulan nganteni tawone ngiseni talane ambi madu. Sak panenan setaun sepisan sak gelodhog hing sampek seliter.
Kelompok mahasiswa hang dipimpin Riki Habibi lan kanca-kancane: Adhimas Panji Sastra, Mirta Jhoswanda, Abi Sarirayndra, Ajie Setyo Nugroho, Velanda Aden Pradipta dibimbing dosene aran Alfin hidayat, S.T., MT. aju nganakaken penelitian nong Kelompok Peternak Lebah Tunas Harapan hang diketuwai pak Dul Rahman, hang ana ring desa Gombengsari Kalipuro.
Kelompok hang nduwe anggota 30 uwong lan 94 gelodhog iki kayadene peternak tawon tradhisional liyane mung bisa panen setaun sepisan.
"Ambi gelodhog hang anyar iki, bisa panen ping 3-4 setaun lan bisa sampek telung liter sak gelodhoge. Lan kelawan inovasi teknologi teka lalare Poliwangi iki, peternak bisa ngontrol suhu, kelembaban gelodhog, lan panen teka hapene dhewek-dhewek.
Rahasiyane? Tawon hing kathik nggawe tala dhewek taping wis disedhiyani ring gelodhog hang modhele heksagonal dudu kothak. Ring gelodhoge kono ana kran hang bisa dibukak tutup teka kadohan, dibukak tutup teka hape. Tawon dhemenane ring panggonan hang sing patiya panas, parek banyu lan kembang.
"Talane iki bisa dienggo maning sak teruse (reusable)," jare Riki nang belambangan.com.
Proposale kanggo nggawe proyeke lalare iki setemene wis disetujoni ring pungkasan tahun 2019 sore. Ulih hibah teka Kemendikbud gedhene Rp. 12.500.000 kanggo mujudaken proyek percobaane. Aju cumpu keneng pageblug, danane dikurangi mung dadi Rp. 5.000.000 taping hang dijaluk mung visualisasine. Mangkane para mahasiswa iki saiki magih golet maning hibah hang bisa dienggo mujudaken proyeke.
Prototype sak kandhang setemene wis dadi. Kari nambahi liyane. Gelodhoge modhele heksagonal diameter 50cm lan werane 30cm.
"Kadhung talane kene magih durung bisa nggawe, taping kudu tuku," jare Riki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








