Panen Pari ring Taman Gandrung Terakota

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 02 November 2021 09:15 WIB)
- Laporan



Taman Gandrung Terakota, Tamansari Licin, dina Minggu sore ngawiti iwuh panen pari kelawan nggawe acara hang kabeh nduduhaken kelendi pareke wong Banyuwangi ring aran pari.
   Ring ngarepe patung-patung hang digawe teka lemah lempung, ana panjak gandrung lan ana grup patrolan ngiringi lare wadon hang dipaesi kaya-kaya Dewi Sri, dewine wong tani. Marek gandrung loro hang nggawa tari Jejer kanggo mbukak acarane sekaligus mapag tekane dhayoh, hang nduwe Jiwa Jawa pak Sigit Pramono lan pirangane tamu ngerit pari hang aju dideleh ring tengah kedhokan. Aju ana telung pasang Kebo-Keboan hang mudhun ring kedhokan, tiru-tiru upacara sakral Kebo-Keboan. Sayange mula marek iku udane saya deres lan penonton hang kira-kira akehe 50 wong mbalik ngiyup nong restoran lan panggonan liyane.
"Udan kawitan nong kene, muga-muga tandha apik kanggo kene kabeh," jare pak Mohammad Muttaqien, Manajer Operasional Jiwa Jawa.
   Banyuwangi hang minggu sore dadi tuan rumah kegiyatan Hari Aksara Internasional ketekan akeh dhayoh. Minangka panggonan hang wis nyumbang dadi salah siji ikon-e  donya kelenceran (wisata), Jiwa Jawa uga dadi jujugan utama. jare pak Muttaqien sore iku dina Sabtu masiya mung ana gandrungan ring amphiteatere, naming hang teka lebih akeh timbang hang nekani Paket Wisata Panen Padi hang digelar dina Minggu.
   Mula sakat pageblug ndadi taun sore sampek pertengahan taun iki, Jiwa Jawa nggawe cara anyar, hing kaya sedurunge hang nganteni wong ambyak-ambyakan nekani jujugan wisatane, naming nggawe paket-paket hang regane 100.000 kanggo saben wong hang teka, paket iku kelebu mangan wayah bedhug prasmanan ring Cafe Java Banana hang ana ring ngingsor pentas ngadhep nang banyu cilik lan kedhokan hang akeh patung-patung gandrunge. Sega lan banyu hang disuguhaken nyang dhayohe, arupa sega werna biru lan ombenan werna biru hang wernane dijuwut teka kembang Telang (Asian pigeonwings), sakkal nggawe awak kerasa saya seger.
    Patung gandrung gawenane seniman Yogya iki ulan Agustus sore ditambahi maning ring panggonan hang diarani Petirtan. Taman Gandrung Terakota nduwe 359 patung gandrung hang disebar ring pirangane panggonan hang ana ring kono. Patung Gandrung iku posisine nduduhaken tepak ngelakoni tahapan-tahapan ring kesenian gandrung yaiku jejer, ngerepen lan seblang subuh.
   Sedurunge pageblug biyasahe ana pentas tari Meras Gandrung saben ulan. Taping merga pageblug saiki wis hing ana.
   Pungkasan ana pentas ring amphiteater hang ana ring ndhuwure Cafe Java Banana iku ulan Desember 2019.
   Kerana pagebluge magih durung uncal kabeh lan Jiwa Jawa nguwahi aturane hing gelem maning turisme masal (mass tourism), saiki saben dinane mung ditarget 20 dhayoh, mung pirangane persen teka kapasitas biyasahe.
   Masiya sithik taping dhayohe bisa dilayani kelawan lebih apik. Saben rombongan diwani pemandu wisata hang bisa nerangaken saben patung lan barang liyane hang ana ring kono, kayata lukisan lan barang-barang pertanian hang dipajang ring salah siji panggonan.
    Ring sak ubengane panggonan hang werane 4 hektar iki magih akeh panggonan hang digeningaken magih arupa kedhokan digarap ring wong tani lokal. Wong-wong tani ring sak ubengane Jiwa Jawa iki ya digawekaken Baitul Maal wa Tamwil (BMT) ambi Pak Sigit kanggo mbantu wong tani makene hing kejiret ring bank arian (bank thithil).
   "Mengarepe, upacara panen padi hang ngejak penonton milu ngerit pari, arep dianakaken maning kira-kira ulan Desember," jare pak Muttaqien.  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf