Partikel /tah/, Unsur ring Pitakonan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 09 Oktober 2024 07:01 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Ucap /tah/ ring Basa Using

 

Ucap /tah/ ring sak njerone kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia (DKB, 2002) hang disusun ruwahe Pak Hasan Ali ditulis gedigi: tah merupakan partikel yang dipakai untuk menekankan kata yang di depannya, yang mengandung arti suruhan atau pertanyaan.
Contoh Kalimat:
SuruhanSira ngombea obattah makene gelis waras (Kamu minum obatlah agar segera sembuh).
PertanyaanSira wis mangantah? (Kamu sudah makankah?)

Ucap /tah/ iku pisan ring buku liyane tulisane Pak Hasan Ali hang nduweni judhul Pedoman Umum Ejaan Bahasa Using (Cara Menulis Dan Membaca Bahasa Using-DKB, 2006) dijelasaken minangka partikel lan ditulis gandheng dadi siji ambi ucap sedurunge.
   Apuwa ditulis gandheng dadi siji? /tah/ nung kene iki minangka (istilah ilmu basane) enklitika yaiku klitik hang panggonane ana ring pungkase kata dasar. Kayadene carane nulis keterangan milik: -isun/-nisun, -rika/-nrika lan liyane. Dadi hang bener kadhung nulis "buku duwenisun" yaiku bukunisun dudu buku nisun utawa bukun isun.
   Paran iku Klitika? Bukune Pak Hasan liyane Tata Bahasa Baku Bahasa Using (Pemda Banyuwangi, 2006), njelentrehaken gedigi, kliika yaitu bentuk terikat yang secara fonologis tidak beraksen atau tidak punya tekanan sendiri dan karena itu selalu harus bersandar kepada bentuk lain yang beraksen. Klitika bisa berupa Proklitika yang posisinya berada di depan sebuah kata, misalnya dalam bahasa Indonesia /ku-/ kutulis. Bisa juga posisi klitik berada di belakang yang disebut enklitika.
   Ring gunane minangka pitakonan ucap /tah/ dadi unsur hang penting ring basa Using. Tepak nyusun pitakonan hang jawabane “iya” utawa “using” (pertanyaan tertutup), basa Using hing nganggo ucap /apa/ kaya ring basa Jawa atau basa Indonesia. /Tah/ ring basa Using masthekaken gok kalimat pernyataan uwah dadi kalimat pitakonan.

(Bahasa Indonesia) Apa yang bercat kuning itu rumahnya?
(Bahasa Jawa) Apa sing cet putih kuwi omahe?

Tengerana, Bahasa Indonesia lan Bahasa Jawa, nduweni ucap pitakonan /apa/ hang padha ambi ucap /paran/ ring bahasa Using. Taping ucap /paran/ iku hing bisa dienggo ring kalimat iku minangka kata tanya.

Paran hang dicet putih iku umahe? * (kalimat yang salah)

Cara hang dienggo ring basa Using kanggo nggawe ucap takon nganggo /tah/ ring bungase kalimat pernyataan. Dadine, kalimat tanyane dadi gegidi ring basa Using:

Teka pitakonan:

Yang bercat putih itu rumahnya (Hang cet putih iku umahe), dadi

Apakah yang bercat putih itu rumahnya?

 (Hang cet putih iku umahetah?)

 

Gunane ucap tah liyane
Ring basa Using, ana guna liyane teka ucap /tah/ hang durung dicathet ring kamuse Pak Hasan Ali yaiku /tah/ hang artine /atau/ ring basa Indonesia.


Tah hang iki kayane melebu minangka ucap hang bisa ngadeg dhewek dudu partikel lan dudu klitika,

Tuladha:

Sira njuwut hang abang tah hang putih?
(Kamu mengambil yang merah atau yang putih?)

Tekaa dina Senin bain tah dina Selasasak enak rika wis.
(Datanglah hari Senin saja atau hari Selasa, senyamanmu sajalah).

Dadi mengarepe perlu dicathet tambahan arti siji maning hang ana gandhengane ambi ucap /tah/ iki minangka usaha kanggo nggawe kamus Using-Indonesia hang lebih sempurna.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor