Pasar Ien: Munsing, Gule Menthok lan Kothok Dheluk
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 02 Maret 2020 07:35 WIB)
- Laporan
Gule Menthok lan Kothok Dheluk iki arupa panganan khas teka desa Aliyan. Kawitane gule menthok iki mung ana ring wayah dina-dina selametan bain nong desa Aliyan kayata Muludan lan Suraan naming saiki panganan iku ana ring saban dina Jemuah. Ring dalan poros desa Aliyan Rogojampi kabeh wis ana, sing kathik nganteni ring ulan Mulud lan ulan Sura.
Pasar iki bengen arane "Pasar Latar" hang manggon ana ring punjere Desa Aliyan yaiku ana ring pelataran Balai Desa Aliyan. Kerana manggon ring kana nyatane nora bisa melaku pungkase Pasar Latar saiki ditutup diganti "Pasar Ien" hang manggone ana ring dalan poros Aliyan yaiku ana ring dusun Cempokosari.
"Pasar Ien" asale teka ucap "Pasar" lan "Ien", Ien iku dhewek asale ucap teka isun. Dadi artine Pasar Ien karepe pasar isun yaiku pasar duwene isun. Isun ring kene hang dikarepaken ya masyarakat desa Aliyan, gediku Jajulaidi salah sijine warga desa Aliyan nguweni keterangan asal aran “Pasar Ien”.
Pasar Ien sakat mari Asar wis bukak dhasar. Ring Pasar Ien iki sembarang kalir panganan desa Aliyan digelar. Ana panganan hang arupa jajan tradhisional sampek panganan olahan. Sasate panganan has hang digoleti uwong-uwong Banyuwangi saiki wis ana. Hang aran gule menthok, kothok dheluk (manuk derkuku), pelasan uling, lan pelasan welut uga ana.
Pasar Ien hang digelar seminggu sepisan saban dina Jemuah iki dikarepakaken sakliyane kanggo ngunggahaken ekonomine rakyat ring desa Aliyan, uga kanggo nguripaken maning UMKM hang ana ring desa Aliyan iki.
Sing mati limangatusewu saban lapak ulih penghasilan ring dina iku, gediku nurut keterangan Anton Sujarwo, SE. Kepala Desa Aliyan nguweni keterangan nyang belambangan.com.
Jare Anton Sujarwo, Kepala Desa Aliyan hang uga Ketua Askab (Asosiasi Kepala Desa se-Kab. Banyuwangi) iki kepingin njunjung derajat masyarakate liwat ekonomi kerakyatan hang disokong ambi potensi masyarakat desa Aliyan yaiku ring seni lan budaya. Mula iku iyane terus sing leren-leren nyemangati desa Aliyan makene terus jenggirat tangi nuju nyang desa hang makmur lan kuwat njaga tradhisine. Merga wis anjrah ring endi-endi kadhung desa Aliyan iki mula wis jejeg ulihe njaga tradhisine kayata adat tradhisi Keboan uga seni Kuntulan.
Anton Sujarwo uga girang weruh nyang guyub rukune uwong-uwong desa Aliyan hang nekani Pasar Ien. Sedhela bain panganan hang diedol wis entek, garus pokoke. Sing sampek jam sanga nyatane Pasar Ien wis tutup merga dodolan wis entek.
Bengi iku ring tanggal 28 Pebruari 2020, dalanan poros Aliyan ebek uwong sing mung arep belanja nyang pasaran naming uga kepingin ndeleng “Munsing” (Musik Nada Using) hang nggelar tabuhan lan gendhinge nggawa garap anyar yaiku “Melaku” (Memengane Lare Kuna). Miturut Pungki Hartono pimpinan “Munsing” gendhing iki dikarepaken kadhung memengane lare kuna nyatane sing kalah ambi lare saiki, merga lare kuna macem-macem memengan hang bisa dienggo mbangun karakter. Beda maning ambi lare saiki hang mung memengan gadget.
Muga-muga bain mengarepe tambah rame. Pasar Ien iki saya akeh hang dodol lan uga akeh hang tuku makene bisa nambah pengasilane uwong-uwong desa Aliyan hang dodolan ring kene, gedigu penjaluke Anton Sujarwo, SE. ring pungkase cerita.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pasar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf





