Pasar Lokal Kudune Digedhekaken Kanggo Petani Kopi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 12 April 2021 09:25 WIB)
- Laporan



Hang endi lebih penting kanggone petani kopi Banyuwangi, bisa ekspor nong negara manca tah nggedhekaken pasar lokal?
   Jare Hariyono Ha'o, manajer Internal Control System (ICS) ring Kelompok Tani Lerek Gombeng, Kalipuro, hang lebih masuk akal nggedhekaken pasar lokal.
    "Contone nong Banyuwangi iki ana 3.000 kamar hotel hang saben dina nyedhiyani kopi sachet kanggo tamu-tamune. Lan uga ana kantor-kantor pemerintah hang mesthi ana kantine, kadhung petani diajari nggawe kopi sachet hang bisa disuguhaken nang tamu hotel lan ring kantin, pasar kopi Banyuwangi otomatis keangkat," jare Hariyono.
   Hariyono buru bain mulih teka Bogor Jawa Barat sak perlu makili petani Banyuwangi milu Pelatihan Bimbingan Teknis Peningkatan Kapabilitas Petani Binaan Ditjen Perkebunan Dalam Industri Digital Agro Industri 4.0 tanggal 8-9 April kepungkur.
   Pelatihane dipiloni wong 40 sak Indonesia lan teka Jawa Timur ana papat wakil yaiku:
1. Hariyono Ha'o ( Poktan Kopi Rejo Banyuwangi)
2. Heri  (Poktan Candi Mulyo Pasuruan)
3. Mujianto (Poktan Sobowono Sejati Pasuruan)
4. Nur Hidayat (Pojtan Sumber Makmur Abadi Pasuruan)
   Ring pelatihan iku petani diajari macem-macem kayata carane proses ekspor produk UMKM, dodol ring Marketplace (online), ngenali potensi marketing lewat online.
   "Taping ngerah pasar luar negeri iku kudu nganggo standar internasional hang rada kangelan kanggone petani. Saben-saben negara nduwe standar dhewek-dhewek," jare Hariyono, "Paran maning skalane kudu gedhe. Sara kanggone petani hang basic sdm-e kurang nyukupi lan saingan ambi pemodhal gedhi."
   Hariyono ngusulaken nggarap pasar lokal bain. "Isun yakin kadhung potensi lokal iki digarap, didhukung pemerintah, sukur-sukur bupati gelem nyurung, utamane ring mangsa pageblug gedigi, mesthi bisa melaku anter."
   Ring kebon kopi Banyuwangi, teka Kalipuro sampek Kalibendo akeh-akehe petani turunan teka generasi nomer telu. Taping akeh lare enom hang hing gelem maning nerusaken merga regane kopi ring petani hang endhep seru.
"Hing ana perkembangan. Kopi iki kan tinggalane leluhur. Kadhung bengen lebih suwi maning tinggalane Landa. Hing kira Landa nandur komoditi hang hing bisa ngasilaken picis hang akeh. Dene wong-wong tuweke kene bengen, nandur kopi dhewek, ngolah dhewek mung sak derma kanggo pokoke bisa urip. Saiki kudune dibecikaken. Makene lare enome gelem balik maning nang kebon kopi."
Jare Hariyono kebon kopi wis ngewani sumbangan kanggone kutha yaiku akehe oksigen, sumber banyu hang kejaga merga anane wit-witan ring ndhuwure. Iki hang uga kudu dijaga ambi lalare enom. Kuncine? Rega kopi ring petani hang kudu dhuwur."
   Ulihe pelatihan iki nerusaken pelatihan sedurunge yaiku petani diajari carane dadi barista.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor