Pasar Wit-Witan, Nguri-Nguri Olah-Olahan Jaman Bengen

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 25 September 2019 08:19 WIB)
- Wisata



Manggon ring ngingsore wit-witan Dhusun Wonorekso, Desa Alasmalang, Kecamatan Singgojuruh, angger dina Minggu jam 06.00 isuk dianakaken Pasar Wit-Witan. Pasar iki mula akeh-akehe hang diedol panganan, utamane panganan jaman bengen. Kabeh olah-olahane PKK Alasmalang ambi emak-emak teka sak kiwa tengene Kecamatan Singojuruh.

Diarani “Pasar Wit-Witan”, merga manggon ring ngingsore uwit-uwitan. Kabeh kahanan hang dibangun, ngatonaken kaya jaman bengen. Sak liyane hang diedol olah-olahan jaman bengen, wadhah lan penganggone hang dodol uga kudu kaya wong bengen. Nganggo lakaran sarung lan kelambi kelir cemeng, wong lanang nganggo udheng sampatan.

Jare Camat Singojuruh, Pasar Wit-Witan iki mula kanggo ngewadhahi potensi olah-olah uwong-uwong ring Kecamatan Singojuruh. Kaya ring dhusun Wijenan, Desa Singolatren, sakat bengen kesuwur panggonan wong-wong hang penter olah-olah has Using. Jare wong tuwek-tuwek bengen, canggah-canggahe wong Wijenan iku pecake dayang-dayang Kerajaan Macan Putih. Mulane sing heran, kadhung olah-olahane indhul sakat bengen. Malah uwong-uwong sak ubenge Singojuruh, kadhung nduwe gawe mesthi nyeluk wong Wijenan kongkon tandang gawe ring pawon.

“Alhamdulillah, sakat petang minggu Pasar Wit-Witan dibukak mulai ana asile. Wong hang teka sing terima teka sak ubengane Singojuruh, naming uga akeh hang teka njabane Banyuwangi. Iku mau merga polah dayane wong-wong ring Pasar Wit-Witan wis nyebar nang dunia maya. Akeh hang motrek, aju disebar nang media sosial,” jare Camat Singojuruh, Moch. Lufti hang angger Minggu isuk magih terus ngawasi melakune pasar iki lan terus niteni lakune wong-wong hang milu Pasar Wit-Witan.

Mesthi bain wong-wong njaba padha rebutan kepingin teka, merga panganan hang diedol wis arang-arang ditemoni ring warung-warung saiki. Paran maning ana panganan hang diagul-agulaken lan sing bisa ditemoni ring dhaerah liyane, yaiku “Geseng Menthok”. Iki hang dadi rebutan angger Minggu isuk, ana uga Sega Cawuk, Pelasan, Rawon Alas lan liya-liyane. Jajan kepusan, mulai teka Sumping, Kucur, Apem Procot, Puthu Godhong lan liya-liyane.

Kesugihan olah-olah ring Singojuruh iki mula wis suwi kependhem, sing kaya panganan liyane ring Banyuwangi hang saiki cepet kesuwur, kaya Rujak Soto, Sambel Tempong, Pecel Pitik lan Sega Cawuk. Kawitane mula Geseng Methok iku mung bisa ditemoni wayah Muludan, Lebaran utawa dina-dina pengenget adat lan Agama. Muga-muga olah-olahan liyane bisa mecungul aju nambahi akeh olahan-olahan has Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor