Patoman Dadi Desa Wisata Kebangsaan

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 31 Desember 2021 06:11 WIB)
- Laporan



Bale Gong desa Patoman Kecamatan Blimbingsari dina iku dadi rame kaya dhawet ana ring pendhil, teka wong tuwek sampek hang cindhil. Wayah mari lohor dhayoh-dhayoh teka kutha wis padha teka. Dalanan hang ana ring desa pungkasane dadi panggonan parkir, merga lapangan parkire wis sing cukup kanggone mapakaken montor-montor hang wis padha teka. Gerigis ring dina Rabu, 29 Desember pungkasane bisa derem. Kabeh padha kemerungsung anggone nyepakaken kegiyatan hang dadi festival Kabupaten Banyuwangi ring pungkasan taun 2021 iki.  

Semebrunge dupa lan gandane menyan mulek manggon ana ring sak ubengane Bale Gong nduduhaken kadhung dina iki dudu dina hang kaya biyasahe naming dina hang agung anggone masyarakat Patoman lan sak ubengane.

Miskawi hang dadi ketua panitiyane nyatakaken dhung kabeh suku hang manggon ana ring Banyuwangi iki sagah nekani festival iki. Ring wayah pidatone Miskawi uga nduduhaken siji-siji antarane suku hang wis teka umpamane teka Jawa, Medura, Mandar, Bali, Sasak, Bugis, Batak, Minahasa, Using, lan sing lali hang teka Tionghowa lan Arab. Kabeh aju uluk salam nganggo salam kebangsaan yaiku, Merdeka.

Drs. Dwi Yanto Asisten Bupati hang nekani makili Bupati nerangaken kadhung pentinge kerukunan bangsa iki kudu dijaga teka njero, merga hang sak benere bisa diumpamakaken nang kapal. Kapal bisa kerem iku dudu merga teka banyu hang asale ana ring njaba kapal naming merga anane banyu hang ana ring njero, merga iku Indonesia hang wis dipanggoni maneka rupa macem suku agama, adat lan kebudayaan hang beda iki kudu terus njaga kerukunane. Banyuwangi wis mbuktekaken kadhung kerukunan antarane agama siji lan agama liya wis ana sakat bengen. Umpamane wihara hang parek-parekan ambi masjid, Pura hang uga sing adoh teka masjid iku kabeh tetep padha bisa njaga toleransi lan padha bisa ngeregani. Paran maning desa Patoman iki hang wis Bhineka Tunggal Ika sakat jaman Belambangan bengen.

Ring pidatone Drs. Dwi Yanto uga mamitaken Bu Ipuk Bupati Banyuwangi hang sing bisa nekani kegiyatan iki merga barengan ambi kegiyatan hang ana ring Surabaya yaiku penerimaan penghargaan teka Gubernur Jawa Timur, naming Bu Ipuk bisa nyapa masyarakat hang teka ana ring Festival Kebangsaan kelawan hubungan langsung liwat virtual hang ana ring monitor tipi. Kabeh atraksi lan kesenian digelar ring kana umpamane ana Terbang Kuntulan, Hadrah Sholawatan, Barongsay, Barong Bali, lan Barong Using. Ring kegiyatan pungkasan Paduan Suara teka SMAN 1 Banyuwangi ngibur masyarakat kelawan lagu-lagu Nusantara lan uga sing lali lagu Umbul-Umbul Belambangan, lagu kebangsaane wong Belambangan.

Uga teka ring dina iku pejabat SKPD sak-Kabupaten Banyuwangi hang ana ring Banyuwangi sakliyane para komunitas lan paguyuban teka suku-suku lan golongan uga etnis hang ana ring Indonesia hang manggon ana ring Banyuwangi. Suku-suku iku mau uga nganggo kelambi adat teka dhaerahe dhewek-dhewek ndadekaken Patoman meromong murub merenca-merenca ring penganggo hang werna-werna.

Bedande teka desa Patoman uga mimpin donga nganggo cara Hindhu bareng-bareng ambi masyarakat hang kumpul ring kana kanggo njaluk amane bangsa Indonesia iki utamane masyarakat Banyuwangi.

Wak Usik Ketua Paguyuban Kopat uga diweni kesempatan ndonga nganggo cara Using liwat tumpeng hang maneka rupa ana ring kana.Tumpeng hang maneka rupa iku nggambaraken uripe wong Banyuwangi hang beda rupa lan beda werna naming manggon ana ring nyiru ndhuwur kelasa.

Sing mohal kirane kadhung desa Patoman desa Jawa rasa Bali iki didadekaken Desa Wisata Kebangsaan dadi panggonan kegiyatane, mergane desa hang wis kesuwur dadi Bali-ne Banyuwangi iki wis urip rukun sakat kuna makuna masiya dipanggoni wong-wong hang beda agama, adat, budaya suku, lan kepercayaane.

Ring pungkase wekas Bupati Ipuk tetep ngengetaken nyang masyarakat kudu tetep njaga Kesehatan ring mangsa pandemic covid-19 iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf