Patrolan Tepak Puwasaan ring Banyuwangi Bengen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 Februari 2025 11:07 WIB)
- Esai



Banyuwangi ring taun 1970-1980an kaya dene kutha cilik liya ring Indonesia. Alat komunikasi kaya tilpun durung akeh.   
Kadhung wektune ngarepaken puwasa Romadon lalare sak kancaan mung nyiapaken perkara loro yaiku 1. Patrol 2. Jajang dienggo bom-boman (ring panggonan liya ana hang ngarani long). Sekolah perei sak dawane puwasaan dadi hing ana PR.
    Kadhung lare kutha, jajange tuku nong wong dodol kayu. Marek milih dhewek, dipilihi ukurane, aju digawa mulih lan patrole digawe nong latar mburi umah. Marek digergaji sak eros sak eros, aju dikeroti nganggo lading hang landhep.
   Biyasahe sak kancaan ana salah siji lare hang paling ngarti nggawe patrol merga ndeleng lan milu bapake utawa kakange nggawe sedurunge.
   Kanca liyane mung milu ngerubung, ndeleng lan nganteni engko iyane ulih patrol hang endi.
   Hang namtoaken unine ya lare hang paling ngarti iku mau. Naming engko kadhung wis dadi, ditakokaken nang kakang utawa bapake, aju hang kurang cocog, dikeroti maning.
   Ana hang dienggo tempalan, ana hang dienggo gong seliyane therothok.
   Lare hang hing bisa, diwuruki tepak latihan lan engko dilanyahaken ambi melaku.
   Pokoke hang ngawiti wis bener, ngethuke sepisan tah pindho, aju gedigu terus. Iramane hing ganti-ganti. Hing ana lagune, sukur rampak. Hang paling ngarti biyasahe nyekel therothok lan iki hang ngatur patrolane bisa enak tah sing tepak kabeh wis ditabuh.
   Dalune, marek mudhun teraweh, hing kathik diabraki, lalare wis ngumpul ring panggonan hang wis ditamtoaken ambi wis nggawa pateole dhewek-dhewek.
   Ambi emak biyasahe hing ulih liwat lurung gedhi, dadi hang diambah mung lompongan-lompongan.
   Kadhang liwat ngarepe langgar hang ana wong-wong tuwek maderusan. Diuwel, dikongkon mandheg sulung patrolane. Engko kadhung wis rada adoh, patrole ditabuh maning.
    Kadhang liwat lompongan hang peteng setemene ati wis rada cilik. Paran maning liwat kebonan gedhang. Akeh kelaras hang hang katon kaya jerangkong. Taping ana hang semaur, "Aja wedi, puwasaan setane padha dikerangkeng." Lare-lare nguwataken ayine kabeh. "Pokoke kadhung wedi, tabuhen bain hang anter patrole, wedine engko ilang."
   Tepak gadug tengah kebonan, unine lan irama patrol saya hing karuwan, merga ana salah siji lare hang nabuhe saya suwi saya nganteraken.
   Mara-mara ana hang mberak, "Jerangkong..." Patrole sak kal mandheg kabeh keciran sulung-sulungan sampek ana ring panggonan hang padhang. Buru salah-salahan, nggoleti sapa hang nabuhe anter lan mberak 'jerangkong' sulungan.
   Mareke patrolan bubar mulih nang umahe dhewek-dhewek. Hang getap njaluk ater kancane sampek gadug umah.
   Engkisuke dibaleni maning.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf