Pawon Umum Kanggo Korban Terdampak Covid-19

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 20 April 2020 08:02 WIB)
- Laporan



Kelawan bareng ambi ICA (Indonesian Chef Association), Relawan Pemuda Etalase, Admin Bakul (Banyuwangi Kuliner), PPJI (Perkumpulan Penyelenggara Jasaboga Indonesia lan UPZ Kecamatan Banyuwangi, mbukak "DAPUR UMUM" kanggo warga terdampak Penyebaran Covid 19  ring Kecamatan Banyuwangi. Dana kanggo olah-olah panganan mau, asile sumbangan teka warga liya, instansi lan lembaga hang ana ring Banyuwangi.

"Sumbangan masyarakat hang mampu sing arupa panganan dadi, naming uga bahan-bahan diolah dhewek ambi tim profesional. Aju didadekaken sega bungkusan lan langsung diedumaken kanggo dulur-dulur gang mbutuhaken. Kayata tukang becak, tukang parkir, uga pemulung hang akeh ring dalan-dalan kutha Banyuwangi," ujare Camat Kota Banyuwangi, Moch. Lutfi hang dadi penggerak acara iku mau.

Kanggo kawitan, Pawon Umum hang dibukak ring Kantor Kecamatan Kota Banyuwangi iki, dianakaken telung dina sepisan. Iki madakaken ambi bahan sumbangan teka masyarakat, merga kudu diwara-wara sulung. "Naming kadhung bahan akeh aju hang nyumbang terus nambah, engko bisa saben dina. Kabeh kanca-kanca wis siap, sakat teka hang tukang olah-olah lan hang ngedumaken. Panganan hang diedum nyang warga iki mau, rasane bisa dijamin enak. Merga hang olah-olah pancen duwe usaha cetering, utawa warung online," jare Yasin Supardi, Admin Bakul. 

Tono, salah sijine Chef Hotel Bintang ring Banyuwangi, ngaku sak suwene ana pageblug Covid-19 iyane sak kanca diumahaken. Ambi masa sing ana pegaweyan, iyane aju gayap nampa ajakan mau. "Iki kabeh musibah, Isun minangka pribadi ya keneng. Naming ilmu olah-olah seru ana gunanane kadhung dienggo acara sosial kaya kedigi. Aja kuwatir nyang rasa, masiya iki sega bungkus naming rasane standar hotel," digu jare Tono.

Sak olahan ana 500 bungkus, aju diedum nyang 10 kelurahan hang ana ring Banyuwangi. Angger kelurahan diedum 50 bungkus, hususe kanggo warga hang terdampak. Akeh wong-wong mau padha nganggur sakat ana ketentuan pemerintah, prei megawe sing ulih menyang nyang endi-endi. "Akehe hang diolah lan diedum, engko bisa ganti sak wayah-wayah. Ndeleng akeh sithike hang nyumbang. Muga-muga mengarep akeh hang gelem duwe wigati, merga terima sega bungkusan akeh seru paedah lan mapaate kanggo  warga ngisoran," pungkas Yasin Supardi hang uga koordinator acara Baksos. 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf