Pelatihan Kontributor Kamus, Kanggo Sapa?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 29 September 2021 07:23 WIB)
- Dari Redaksi

Tepak ring bungase ulan Agustus sore dianakaken Pelatihan Maca-an Pacul Gowang kanggo nguri-uri (revitalisasi) sastra lisan hang emeh ilang, isun ngateraken dhayoh teka Badan Bahasa. Ana hang teka Jakarta yaiku pak Nur Achid Prasetyawan lan Radityo, uga pak Dr. Asrif hang madeg dadi Kepala Balai Bahasa Jawa Timur ring Sidoarjo.
Dina kawitan ana ring Banyuwangi, dalune hun ejak mangan ring Pelengsengan sak perlu niliki iwak bakar ring pinggir pesisir.
Sak suwene nganteni iwak mateng, pak Asrif cerita macem-macem, kelebu cerita gok setemene basa Indonesia iku akeh ucap-ucap hang setemene dudu "aran" taping mung nerangaken kahanan. Umpamane "lesung pipit" iku yara dudu aran has taping mung nduduhaken kahanan ana sundep ring pipine uwong. Ana uga "sapu tangan" hang nduduhaken fungsi barang, taping durung nduwe aran has.
Nah, setemene ucap-ucap hang durung ana iki bisa dijuwutaken teka basa dhaerah, kelebu basa Using.
Nalika mangan iwak, isun buru enget, ana salah siji ucap hang has nerangaken kahanan iwak hang sing ana ring basa Indonesia, yaiku: manju. Nong basa Indonesia, ucap iki mung diarani "busuk". Jare pak Asrif, ucap "manju" iki nduwe potensi dadi salah siji ucap hang bisa dilebokaken ring kamus bahasa Indonesia. Dadi basa Using kudune bisa dadi sumber kanggo kamus basa Indonesia.
Ring liya dina, isun ngirim pideo-pideo guru-guru hang nerima buku kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia hang disusun ring ruwahe pak Hasan Ali, bapake mbok Emilia Contessa. Mbok Emil iki nduwe pirangane cetakan bukune hang dibagekaken kelawan gratis nyang wong-wong hang mbutuhaken, lan dititipaken mbagine nyang isun. Marek ndeleng pideo iku, mbok Emil takon, "Kang, arep nyetak maning tah kamuse?" Sunwarah, aja endak sulung. Lebih apike kadhung nyetak maning, mesisan nyempurnakaken kamus iku kelawan nambahi ucap-ucape.
Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia iku diterbitaken kawitan ring taun 2002. Dadi wis 19 taun hing tau ana revisi utawa penambahan ucap-ucap. Kamangka, hang ana ring kono kira-kira mung 24.000 ucap. Bandhingaken ambi basa Indonesia hang kamuse duwe 120.000 ucap. Paran maning merga dibiyayai pemerintah pusat, kamus Bahasa Indonesia iku wis terbit pirangane versi. Saben-saben ana pemutahiran.
Sapa hang bisa nambahi ucap-ucap ring kamus Bahasa Indonesia? Sapa bain bisa! Ya sapa bain merga kamus iki sipate nyathet. Naming, ya ana aturane, ana carane. Ring Badan Bahasa kana, ana ahli-ahli lan panitiyane hang nyeleksi ucap-ucap endi hang dianggep bisa melebu.
Ndeleng kamus basa Using hang ketinggalan emeh 100.000 ucap dibandhingaken ambi basa Indonesia, mesthine kang kudu dimutahiraken seru ya kamus Using. Sapa bain hang bisa? Padha bain, sapa bain hang gelem, taping iku mau kudu ana carane.
Merga iku, Sengker Kuwung Belambangan (SKB) arep nganakaken Pelatihan Menjadi Kontributor Kamus, kang arep diajari ambi pak Asrif.
Pelatihan tanggal 28 Oktober iki dianakaken ring Aula Sonangkara kantor kecamatan kota Banyuwangi, jam 08.00 sampek marek.
Hang milu pelatihan iki, dikarepaken bisa dadi kontributor kamus bahasa Indonesia lan kamus Using.
Rencanane, engko ana panitiyane pisan hang nyeleksi ucap-ucap Using hang arep dilebokaken ring cetakan hang anyar. Aran kontributore engko milu disebut minangka uwong hang wis nduwe kontribusi ring kamus iku.
Sak liyane pelatihan, mbok Emil ya uga arep ngeluncuraken kamus Using-Indonesia Indonesia-Using versi Android. Dadi sapa bain engko bisa ngundhuh kamuse ring playstore, aju njumbul nong hapene dhewek-dhewek. Rong taun kepungkur ulan September 2019, kamus iku wis dijumbulaken versi rowat (njero kawat, daring) hang bisa diakses liwat belambangan.com.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.