Pelatihan Kopi Kanggo Wong Disabilitas

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 28 Juni 2021 07:03 WIB)
- Laporan



Wong-wong difabel ring Banyuwangi kudune ya milu dadi bagiyan warga hang bisa ngadeg jejeg dhewek. Paran maning sakjege donya kelenceran (wisata) tambah rumang ring Banyuwangi, kudune wong-wong difabel iki aja sampek hing milu kecipratan.
   Merga industri kopi iki milu munggah kegawa donya kelenceran, Aura Lentera ambi Mitra kunci Usaid, nganakaken "Pelatihan Pengolahan Kopi untuk Penyandang Disabilitas."
   Difasilitasi ambi kecamatan Kota, manggon ring Gedung Panti PKK Kecamatan kota, jare Nurhadi Windoyo, Ketua lan pendiri Aura Lentera setemene pelatihane iku gandhengane pelatihan sedurunge ring taun iki. Ring pelatihan sedurunge, wong-wong difabel diajari "ngenali, milih lan ngolah kopi" dene saiki diajari lanjutane, yaiku:
1. Branding dan promosi (kelendi carane promosi liwat gagdet)
2. Manajemen keuangan sederhana (kelendi carane ngitung Harga Pokok Produksi/Penjualan).
3. Seduh kopi (kelendi carane nyiapaken nggawe kopi hang bener)
4. Packaging (kelendi carane mbungkus lan nyuguhaken kopi hang bener).
   "Dadi ring kene lalare diajari dadi wirausahawan hang sukses kelawan nyinauni sulung kelendi carane nggawe kopi sampek nyuguhaken hang bener."
   Jare Windoyo, apuwa kopi? Merga produk kopi iki wis anjrah dikonsumsi ring wong-wong nong kabeh kalangan, teka wong cilik sampek wong ndhuwuran.
   Sakliyane iku, merga salah siji relawan ring Aura Lentera uga dadi pegiyat bisnis kopi, yaiku Novian Dharmaputra (Tolek Nunox) hang nduwe etalase kopi nong ndhuwur sepidhah montor lan bisa bukak merana-merene.
   Ana 16 lare hang milu, 10 disabilitas rungu lan sisane lare disabilitas daksa (cacat tubuh).
   Merga ring mangsa pandemi, pelatihane tetep ngugemi protokol kesehatan, nganggo masker lan njaga jarak.
   Kegiyatan pelatihan iki kadhung diitung memburi sakat 2019 wis digelar ping enem. Tau kesandhet pisan merga ana pageblug.
   Asal muasale Aura Lentera dhewek dikawiti ring taun 2006 sakat Windoyo ngerabi Indah. Ndeleng lalare difabel hang kayane hing gelem sosialisasi menjaba, Windoyo aju ngedegaken komunitas Bina Netra. Kegiyatane umpamane nggawe radio komunitas difabel. "Masiya tiba tangi silih-silihan alat," jare Windoyo hang iyane dhewek nyandhang disabilitas netra. Naming suwi-suwi iyane ngerasa Bina Netra kurang tepak.
  Kelawan diskusi ambi keluwargane, iyane nggawe Aura Lentera taun 2012 hang ngarah nong tujuwan hang lebih gedhi yaiku kelendi kaum difabel iki bisa dadi warga negara kayadene wong liya, ngangkat awake dhewek lan bisa nggawe kontribusi ngisi kemerdhekaan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor