Pemda Banyuwangi Nyokong Promosi Liwat Paguyuban Ikawangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Mei 2021 07:10 WIB)
- Laporan



Pemda Kabupaten Banyuwangi nyokong seru anane paguyuban wong Banyuwangi ring tanah boroan merga anane wong Banyuwangi ring kadohan iki dadi duta-duta kanggo ngarumaken aran Banyuwangi.
"Pemda siyap mbantu," jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi kang Yanuar Bramuda ring acara halalbihalal Ikawangi sak donya kelawan cara njero kawat (online) nganggo zoom.
   Akeh paguyuban Ikawangi hang wis semebar sak nusantara iki njaluk bantuwan nang Pemda arupa macem-macem sarana hang dienggo nampilaken kesenian ring wilayahe dhewek-dhewek.
"Ibu Bupati wis nyiyapaken anggaran kanggo promosi Banyuwangi...Ana hang njaluk kelambi gandrung, kendhang, angklung lan liyane dienggo promosi."
   Malah jare kang Bramuda sore wis dianakaken pertemuan ambi Dewan Kesenian Blambangan (DKB) kelendi carane bantuwan iki hing mung arupa bantuwan fisik, taping uga kelebu pelatihan njero kawat (online). "Kadhung perlu pelatihan nari gandrung, pelatihan basa Using lan liya-liyane. Iki minangka ucap terima nang dulur-dulur kabeh hang wis milu mbangun Banyuwangi. Dulur-dulur teka Sumatra, Kalimantan sampek Papua."
"Pandemi iki ya berkah itungane kanggo awak dhewek. Bengen tradhisine kecaruk saiki bisa kecaruk kelawan cara gedigi," jare kang Bramuda.
   Sedurunge halalbihalal Ikawangi liwat zoom hang diangkati sakat bedhug jam 1, isuk sedurunge Pemda Banyuwangi nganakaken Mudik Online Diaspora Banyuwangi ring pendhapa kelawan media online zoom lan disiyaraken langsung ring youtube.            
   Biyasahe bupati Banyuwangi mula nduwe tradhisi kecaruk wong-wong Banyuwangi hang wis manggon ring boroan lan mulih tepak lebaran, ring pendhapa. Wong-wong hang wis melencat golet penguripan nong njaba iki hang diarani Diaspora Banyuwangi. Merga mangsa pandemi iki acarane ring pendhapa digawe njero kawat kelawan miloni protokol kesehatan.
   Ring iwuh halalbihalal Ikawangi sak donya iku, Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta kang Bambang Sugiono ngomong gok setemene paguyuban Ikawangi iku wadhah silaturahim. "Paguyuban iki intine silaturahim hing golet ketenaran tapi golet ketenangan."
"Kelawan anane paguyuban iki bisa ngilangaken kangene awak dhewek nang tanah kelairan. Merga mangsa pageblug iki dadine virtual bain. Muga-muga taun ngarep covid wis uncal. Taping masiya gedigu silaturahim tetep bisa lanjut, aja sampek pedhot."
   Sakliyane teka propinsi liyane kayata dulur-dulur hang ana ring Ikawangi Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, Papua, Medura, Batam, Bandung, Malang, lan Yogya, iwuh halalbihalal liwat zoom iku dipiloni wong Banyuwangi hang ana ring negara manca kayata Hongkong lan Singapura.
   Kang Bambang ngomong masiya kondhisine magih ana pandemi, setemene halalbihalal wis dianakaken dhewek ring korwil-korwil.
   Taun iki Ikawangi Pusat Jakarta hing nganakaken halalbihalal ring Taman Mini hang biyasahe dianakaken ring ulan Syawal. Merga hang diwedeni, wong Banyuwangi hang akeh hing bisa mulih ngetan bakal teka ambyak-ambyakan kerana wis rong taun hing tau kecaruk. Taun 2020 sore ya wis prei nganakaken halalbihalal.
   Masiya magih akeh Ikawangi sak nusantara hang wedi nganakaken iwuh halalbihalal, taping akeh dhaerah pisan hang tetep nggelar acara ngeratekaken seduluran setaun sepisan iku. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor