Penggagas Kesenian lan Maestro Kendhang Banyuwangi

ALIF MAULANA (dipublikasikan pada Kamis, 02 Maret 2023 09:37 WIB)
- Tokoh



Nawi kanca-kanca seniman hang ana ring Banyuwangi utamane hing asing ambi tari dhaerah hang aran Gandrung Marsan. Tarian iki wis dadi juwara nasional kerana dikemas apik ambi uwong -uwong hang kreatip uga sing kentekan akal kanggo merjuwangaken seni budaya hang ana ring bumi Belambangan. Salah sijine hang milu iwuh ring tarian iki yaiku Sunardiyanto hang dadi penata musik uga penggagas hang digarap ambi Subari Sofyan.

Sunardiyanto salah sijine seniman komposer hang wis kesuwur bolak-balik nggarap musik tari-tarian sakat magih enom sampik saiki. Lahir ring Desa Mangir taun 1971, Sunardiyanto mula sakat cilik tangane kreatip lan uga ulih redhane bapake hang mula seniman kendhang Gandrung sakat bengen.

Mulane sakat cilik iyane dhemen nyang kesenian kerana bapake hang aran Rajuli sakat bengen kesuwur dadi Pengendhang Gandrung hang sering mbimbing uga nguweni pengarepan makene bisa dadi generasi penerus kanggo ngelestarikaken kesenian dhaerah. Rajuli dadi saksi uga pelaku ring Kesenian Gandrung Klasik sakat bengen. Wis akeh Gandrung-Gandrung hang merguru uga sampik bisa dikenal luas lan duwe suwara apik kerana dhidhikane.

Sakat magih SD kelas 4 taun 1984, Sunardiyanto wis tau ngewakili Kecamatan Rogojampi dadi pengendhang ring Festival Angklung Tingkat Pelajar Sekolah Dasar hang dadi juwara 1. Sakliyane iku uga akeh hang dipiloni ring festival-festival nasional uga internasional. Salah sijine conto kaya hang dibahas ring kawitan mauka bab Tari Gandrung Marsan hang wis nggawe bungah kerana bisa dadi juwara nasional ring Festival Tari Nasional Taun 2009.

Sunardiyanto uga tau milu grup angklung caruk hang salah sijine teka Dusun Susukan Desa Gladag Kecamatan Rogojampi ring taun 1989, uga dadi komposer nggarap gendhing-gendhing dadi giroan hang bisa dadi rungon-rungon nggawe rumang uga enak dirungokaken. Salah sijine gendhing hang sering digawa ring kesenian angklung saiki yaiku gendhing Deresesan teka Alm. Sumitro Hadi hang digarap apik ring Sunardiyanto, bisa dadi giroan uga gendhing isuk-isuk kanggo nggugah jenggirate tandang gawe.

Ring taun 2023 iki dadi sejarah anyar kanggo Sunardiyanto kerana ulihe mikir kreatip bisa ngedegaken kesenian anyar hang aran Nundrik. Mula magih durung akeh hang weruh kerana mula kesenian Nundrik iki buru digawe ring taun iki.

Nundrik iku kesenian hang tabuhane sebagiyan teka jajang digawe kaya wilah gamelan hang ngingsor didelehi bumbung. Liyane iku, ditambah ambi kendhang, kethuk, keluncing, kecrek uga gong. Ana maning hang arane Demung, digawe teka jajang hang suwarane nganggo nada rendah uga ukurane gedhi. Nundrik iki ana penarine wadon siji hang bisa dipaju sak uwise juged jejeran.

Sedurunge metu jejeran, ring urutane Kesenian Nundrik iku ana Gendhing Gebyar Pembuka hang ditutugaken ring gendhing Giro. Sak uwise iku, ana gendhing-gendhing gandrung klasik hang digarap, uga gendhing hang biyasah dinyanyekaken ring jaman saiki. "Niyat awak dhewek ngenalaken Nundrik dadi kesenian anyar ring Banyuwangi iki kanggo nyelametaken kesenian Gandrung Klasik makene wutuh aseli lan sing ilang pakeme kerana pengaruh teka perkembangan jaman modernisasi," jare Sunardiyanto ring rembug kelompok Nundrik.

Ring kawitan meras Nundrik iku, Sunardiyanto uga negesi nyang generasi nom-noman makene Kesenian Gandrung klasik iku aja dienggo njuged hang sing-sing makene sing ilang marwah uga keaseliane. Tarian gandrung uga keneng dadi tinggalan anak putu mbisuk. Teka kesenian Nundrik iki bisa dadi karep ati njuged sak bisane sing kaya jugetan gandrung klasik. Gendhingane semono uga bisa njaluk sak munine hang dibisani uga diapal.

"Teka kene iki maksude hang dadi cikal bakal, makene pakem gandrung sing ilang. Kaya jugedan-jugedan hang kudune sing dienggo nang gandrung klasik, makene dienggo nang kesenian Nundrik iki," ucap Sunardiyanto ring acara meras kawitan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf