Penghargaan Hasnan Singodimayan Kanggo Arwan Mashuri

Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Kamis, 31 Desember 2020 07:16 WIB)
- Laporan



Taun iki mula bidha ana ring perlombaan hang dianakaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB). Mergane sing kaya taun sabene mung ana lomba nganggit cerita cendhek karyane lalare teka Banyuwangi hang seru welase ring Basa Using. Taun iki SKB nambahi Lomba Ndongeng Basa Using kanggo lalare sekolah mulai teka SD, SMP sampek SMA. Pantese ana penemu kanggo nguri-uri basa Using liwat ndongeng. Diamini bareng mugi bain basa Using saya jejeg.

Basa Using yaiku basa hang dienggo masyarakat Banyuwangi anggone komunikasi/gesah saban dinane. Naming, merga saya santere globalisasi, saya dina saya nyuda pitutur basa Using, paran maning ketambahan teka budaya kulon hang melebu ring globalisasi iku mauka. Kadhung basa Using hing tau dienggo, hing tau diuri-uri, sing suwi basa Using ilang teka peradaban. Naming, kadhung basa Using akeh hang nganggo, akeh hang ngerumat, pituture seabreg bisa bain basa Using saya merujug lan mekrok kaya kembang. Padha bain kaya SKB hang mesthi nduweni inovasi kanggo nyebaraken basa Using sakat 2013 sampe taun 2020 iki, sing tau absen nganakaken Lomba Cerita Cendhek, tau pisan saban karya basa Using hang ditulis lalare diuwot ring Tabloid Bisnis Banyuwangi. Inovasi hang paling keren yaiku mbangun platform Digital hang aran Belambangan.com isine seabreg pirang-pirangane tulisan uga ana kamus digital. Taun iki, inovasi anyare yaiku ndongeng basa Using. 

Ndongeng dudu dalan hang gampang. Kudu bisa nyampekaken isi cerita ring uwong hang ndileng, kudu bisa nggiring penonton milu ring cerita, kudu kuwat mental nyawang rupa katon elek merga iku usahane. Taun iki, taun kawitan SKB nganakaken Lomba Ndongeng, ana pirangane lare hang milu, salah sijine yaiku Arwan Mashuri, lancing teka Pondoknongko.

Anak teka gawane Mbok Mufidah Lan Kang Selamet iki saben dinane ya sekolah merga larene dadi salah siji pelajar ring SMKN 1 Glagah Banyuwangi. Ndileng ring laku ceritane Arwan hang sun weruhi, iyane iki lare hang dhemen sinau, gelem menga njaluk belajar lan semangat ngedu nasib awake. Masiya ring sekolah njuwut keahlian otomotif, iyane sing mandheg ngasah potensine, buktine iyane tau dadi juara 3 Lomba video kreatif Desa Pondoknongko taun 2020 ambi kanca-kancane hang dianakaken ambi Pemerintah Desa Pondoknongko. Iyane pisan tau melebu ring kandidat calon ketua Karang Taruna Desa Pondoknongko Tahun 2019. Teka kawitan iyane pesimis, naming Iyane uga sadhar pemilihan iki dienggo pengalaman awake mergane iyane kandidat hang paling pupus sementara saingane wis padha melethek kabeh.

Ana ring bungase taun iki, iyane nyetoraken nasib nyacak milu Lomba Ndongeng basa Using. Kawitane Iyane sing gelem. Merga ana hang ngajak lan gelem nulungi uga nguweni oncor kanggo awake, pungkase iyane gelem. Iyane njaluk wektu seminggu dienggo maca cerita cendhek hang arepe digawa ring lomba. Wis mari seminggu sinau maca, iyane nggawe video lan iku bain kudu mbaleni ping kaping-kaping. Mula Arwan iki lare hang sing gampang nyerah, usahane gedhi, gelem sinau lan sing isin diguyu uwong. Rejeki poh gadhung hang manis mara ring iyane, ulih warta iyane melebu terbaik 3 ring Lomba Ndongeng Basa Using 2020. Sing iku bain, iyane uga ulih penghargaan Hasnan Singadimayan merga wis ulih Like paling akeh ring channel youtube TV SKB.

Aran rejeki hing ana hang madhani, naming hang aran usaha mesthi manen asile. Taun 2020 iki kayane mula taune Arwan, merga Iyane wis ulih pirang-pirangane penghargaan.

“Arwan, hadhiyahe dienggo paran?” semaure: "Dienggo Hari Ibu Kang!" 

Arwan masiya lare pupus, naming iyane sangar merga wis wani metu teka panggonan amane. Gelem sinau lan semangat terus barak kaya geni hang ditambahi lenga gas.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor