Pengumuman Lomba Ndongeng lan Cerita Cendhek Using tanggal 27 Desember

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 25 Desember 2020 06:04 WIB)
- Laporan



Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nak ngumumaken asile Lomba Ndongeng lan Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using dina Minggu 27 Desember engko.
Panitiya njaluk sepura nyang sapa bain hang duwe wigati nong Lomba Ndongeng lan Lomba Nganggit Cerita Cendhek merga pengumuman pemenange diundur ping pindho.
Sak jege ana pageblug, kekarepan nggelar iwuh ngumumaken pemenang Lomba hing kelakon merga Covid-19.
Engko tanggal 27 Desember diumumaken liwat media sosial: facebook, instagram lan youtube channele SKB.
Lomba Ngarang Cerita Cendhek Basa Using dianakaken saben taun sakat 2013 hing tau ana selane. Biyasahe pengumuman Lombane dianakaken ulan Mei/Juni. Aju cerita hang menang lan cerita liyane hang dianggep apik, diterbitaken dadi buku antologi lan diluncuraken ulan Desember. Ana telung kategori kanggo Lomba iki: SMP, SMA, lan Umum. Hang kategori SD bengene ana, taping saben taun pesertane saya suwi saya suda lan suwi-suwi hing ana blas.
Saben taun kira-kira ana 50an karya hang dikirim nang panitiya. Edisi 2020 iki dewan jurine Moh. Syaipul, hang novele tau ulih penghargaan Rancage, Nur Holipah salah siji penulis cerita cendhek Banyuwangi lan Satria Pujangga, penulis cerita cendhek Using.
Dene Lomba Ndongeng liwat pideo buru bain dianakaken hang kepisan.
Merga tujuwane kanggo pembinaan, kategorine mung kanggo lare sekolah SD, SMP lan SMA, hing ana kanggo umum.
Juri kanggone Lomba Ndongeng iki ana Kang Hasan Basri, guru SMPN 1 Banyuwangi hang uga saiki dadi Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), Abdullah Fauzi hang uga kerep diceluk Kang Ujik, sastrawan lan pegiat teater lan Antariksawan Jusuf ketua SKB.
Hang kategori SD ana 7 lare. Yaiku:
1. Abdullah Azwar Anas Junior (SDN Kemiren), kelawan judhul: Dicokot Barong.
2. Kahfinzu Rivy Nafts Fi'ru Adi (SDN Model), kelawan judhul: Timun Emas.
3. Muhammad Nizam Ashari (SDN 1 Bareng) - kelawan judhul: Alan-Alan.
4.  Muhammad Quddus (SDN Pengatigan), kelawan judhul: Laskar Bayu.
5. Naysha Candra Alfadila (SDN Lateng), kelawan judhul: Pariwisata ring Banyuwangi.
6. Rilya Zahra Kholifa (SDN Lateng) kelawan judhul: Ceritane Cirona.
7. Victoria Tsabitah Novi Putri (SDN Model) kelawan judhul: Kancil lan Bajul.

Dene SMP mung ana loro peserta. Lan kategori SMA ya loro pisan taping ana telung karya. Makene bisa digawekaken kategori dhewek lan katon ana kompetisine, paling using kudune ana limang peserta. Merga akehe peserta hing nyukupi kanggo lombane, kategori SMP lan SMA didadekaken siji.
Pesertane yaiku:
1. Arwan Mashuri (SMKN Glagah) kelawan judhul: Iwak Layur.
2. Herfan Efendy (MTs Ibrahimy) kelawan judhul: Lumbung ring Kampung Papring.
3. Nur Anisa (SMAN 1 Glagah) kelawan judhul: Getap.
4. Nur Anisa ( SMAN 1 Glagah) kelawan judhul: Bagiak Lebaran.
5. Vidya Dzurotun Nafis (SMPN Glagah) kelawan judhul: Kembang Peciring.

Ana siji maning, penghargaan Hasnan Singodimayan hang dielungaken nong peserta hang paling akeh ulih like ring youtube.

Hadhiyahe:
Kategori SD sederajat
Terbaik 1 RP. 500.000
Terbaik 2 RP. 400.000
Terbaik 3 RP. 300.000

Kategori SMP sederajat
Terbaik 1 RP. 600.000
Terbaik 2 RP. 500.000
Terbaik 3 RP. 400.000

Katefori SMU sederajat
Terbaik 1 RP. 800.000
Terbaik 2 RP. 700.000
Terbaik 3 RP. 600.000

HADHIYAH HASNAN SINGODIMAYAN
(Kanggo hang paling akeh ulih jempol/like)
RP. 500.000.


Antenana engko dina Minggu ya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor