Pengurus DKB Anyar Sing Milu Politik
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 16 Oktober 2020 07:47 WIB)
- Laporan
Paca nyatane ring tanggal 14 Oktober dina Rebo manggon ana ring Pendhapa Sabha Swagata Bupati Banyuwangi ngelantik Pengurus Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Banyuwangi masa bakti 2020-2023. Ana wong pitung puluh lima hang lungguh ana ring Badan Pekerja Harian, sepuluh uwong lungguh ring Ex officio, lan selikur uwong lungguh ring anggota pleno.
Sing suwe anggone Hasan Basri dadi Pelaksanan Tugas Harian Ketua DKB Banyuwangi. Saklengsere Dr. Taufik Hidayat teka pelungguhan ketua DKB merga mundur sakjege dadi Ketua Timses Pemilihan salah siji calon bupati Banyuwangi ring tanggal 4 Sepetember 2020, Drs. Hasan Basri hang dadi Wakil Ketua 1 madeg dadi Ketua Umum ana ring Badan Pekerja Harian.
Sak ngisore ring komite-komite magih nganggo aran-aran mula hang pancene anggota DKB hang periode taun sakdurunge. Naming ana uga aran-aran anyar hang katone melebu kanggo nambahi wong-wong hang wis uncat merga mundur lan ninggal dunya. Aran-aran kaya Vicky Hendri Kurniawan, Adlin Mustika, Dyah Ana Tri Lestrari kelebu aran anyar hang digape merga teka ke-profesionalane. Wowok Meiriyanto pengusaha lan budayawan hang saiki wis manggon ana ring Banyuwangi iki saiki melebu ana ring Komite Sosial.
Aran-aran lawas hang wis moncer ana ring DKB magih manggon ana ring kana. Kayata Bambang Lukito hang saiki dadi Ketua 1. Nanik Asiyani M. salah sijine punggawa Basa Using manggon ana ring sekertaris. Bendahara magih dicekel Endang Sulistyani lan Rini Dianingrum. Sak singe kepengurusan anyar iki magih nerusaken kepengurusan lawas hang kaya dene magih dicekel ambi dr. Taufik Hidayat.
Ring pidatone Hasan Basri nyatakaken kenceng kadhung DKB sing manggon ana ring ranah politik lan sing milu-milu nyang kontestasi politik hang saiki iki rame paran maning ring urusan Pilkada.
Bupati Banyuwangi, AA Anas milu ngucap “Selamat” nyang pengurus hang buru dilantik lan uga nyampekakaen kadhung ping pindho iyane dadi bupati Banyuwangi sing tau nganggo seniman lan paran maning DKB dadi anggota timses pemenangane iyane dadi bupati Banyuwangi. Anas yakin kadhung seniman uga anggota DKB pasti butuh ruang merdeka hang sing ana watese kanggo bisa kreasi ana ring kesenian. Bupati Banyuwangi hang wis kari sithik masa jabatane iki uga ngergani hang sak dhuwur-dhuwure nyang kemerdekaan berkesenian iku mau.
Ring kesempatan mari pelantikan Hasan basri hang ditemoni reporter belambangan.com nerangaken dhung Pengurus hang buru dilantik iki kudu agage megawe ring komisine dhewek-dhewek, merga akeh penggaweyan ring urusan seni hang kudu gage dicandhak ring mangsa pandemi covid-19 iki.
Kutipan word dokumen Wakil Sekertaris DKB Banyuwangi 2020-2023
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf





