Pentas Wurung, Latihan Sing Ulih, Ngarep Kawigaten Pemerintah Dhaerah (3-entek)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 09 April 2020 10:28 WIB)
- Laporan



Sanggar Tari Sayuwiwit Desa Aliyan, Kecamatan Rogojampi, salah siji sanggar kang kelebu ngerasaken akibate pageblug corona. Pirang-pirang undhangan diwurungaken. Sampek kawitan ulan Maret, atusan anggota Sanggar Sayuwiwit magih seregep latihan kanggo persiyapan pentas ring Banyuwangi, Surabaya lan panggonan liyane.

"Isun duwe anggota telung sap, penari SD, SMP lan SMA. Angger sap mau antara 50 lare lebih lanang wadon, iku durung hang TK pisan. Abot-abote kepingin ana generasi hang nerusaken tari tradhisi iki. Saiki wis nana kegiyatan blas, merga sing ulih ana kumpul-kumpul. Alae lare-lare sanggarisun ajeg latihan masiya sing ana tanggapan, kanggo njagani ana tanggapan sewayah-wayah wis siyap", gedigu ujare Jajulaidik, S.Pd, Ketua Sanggar Sayuwiwit, Desa Aliyan Kecamatan Rogojampi.

Jajukaidik hang biayasahe diceluk Kang Joel iki, ngaku keranta-ranta kadhung ditakoni penarine kapan latihan maning. Pancen sakdurunge wis diomongaken, kadhung latihan iku kanggo pentas ring Banyuwangi lan Surabaya. "Isun mung bisa ngerum-erum lare-lare supaya sabar lan terus ndonga, mane pegeblug iki gage ilang teka Indonesia," ucape Kang Joel.

Sampek saiki, pirang-pirang tanggapan iku durung ana hang nguweni panjer. Kang Joel kaya biayasahe ngetokaken bandha dhewek kanggo ngerumat penarine saben latihan, durung maning uba rampe hang kudu dituku wis jutaan rupiah.

"Mosok kudu diitung hang digu iku, merga umume wong desa masalah gedigu iku wis rutin. Naming kadhung ana kawigaten pemerintah dhaerah Banyuwangi, pantese bisa ngethengaken sanggane Sanggar hang sing keitung. Kadhung event-ne pemerintah Banyuwangi, iku buru seminggu marek pentas bisa cair. Kejaba nilaine gedhe, bisa metu 30 persen kanggo panjer. Iki blas nana hang nguweni panjer," sambate Kang Joel.

Beda maning ambi Dwi Agus Cahyono, pimpinan Sanggar Umah Seni Kuwung Wetan, Desa Wonosobo Kecamatan Srono. Kanggone Dwi, sambat nyang Pemerintah iku sak cukupe, tapi aja dijagakaken seru. Wani usaha liya sak bisane, timbang ngenteni barang hang durung karuwan jelas. "Sambat lan njakuk kawigaten ping bolak-balik, taping kadhung nana respone ya padha bain. Kanggone isun ring Sanggar iki, malih nggantungaken urip teka nyewakaken pakaian tari. Kadhang ya nerima undangan teka instansi lan sekolah kanggo ngelatih tari, saiki ya prei kabeh," jare Dwi.

Dwi saiki akeh megawe ning umah, ambi nata konsep tari lan gawe seragame. Lare-lare hang biyasah ebek latihan ring sanggare, sakat ana larangan teka pemerintah wis sing ana hang teka. Lare-lare mau akeh-akeh sing diulihi ambi wong tuweke, merga ana himbauan resmi teka pemerintah. "Panjak-panjak hang biyasahe milu ning sanggar, saiki malah akeh hang megawe dodolan woh-wohan ring pinggir dalan. Iku pegaweyan hang gampang dilakoni, masiya saiki sambate ya padha, milu sepi pisan merga ana larangan metu teka umah," tambahe alumni Untag 1945 iki.

Masiya tanggapan akeh hang wurung, kegiyatan sanggar wis mandheg merga ana virus corona, Dwi magih ngaku sukur timbang kancane hang duwe Grup Jaran lan Janger. Saiki sing terima kegiatan seni hang digelar instansi lan pemerintah, wong swasta lan hang duwe gawe padha murungaken tanggapan Janger lan jaranan.

"Kelompok Janger lan Jaranan iku anggotane akeh, tanggapan sak terob iku honore 8 sampek 10 juta rupiah. Iki kancanisun ana 10 tanggapan wurung kabeh, mesti tambah bingung timbang isun hang ngurusi sak sanggar. Isun mung bisa ndonga, muga-muga pageblug iki gage ilang mane kabeh melaku normal kaya biasane", pungkase Dwi.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf