Perdunu lan Kabar Anyar Bab Dhukun lan Santhet

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 09 Februari 2021 06:02 WIB)
- Laporan



Persatuan Dukun Nusantara (Perdunu) liwat ketuane Gus Fatah teka Ponpes Tahfidhul Qur'an, nyatakaken bisa nerima usul lan sarane peserta diskusi klarifikasi Perdunu lan isu Festival Santet hang wis dadi guneman nong endi-endi.

Manggon noring aula mburitan Dinas Pariwisata dan Budaya (Disbudpar) Jl. A. yani 78 Banyuwangi tanggal 8 Pebruari dianakaken acara Klarifikasi isu viral dhukun lan Festival Santet hang arep dianakaken Perdunu.

Sakdurunge ulih usul lan saran uga wejangan teka Ketua MUI Banyuwangi KH Ahmad Yamin, Gus Fatah iki nyatakaken kadhung pendeklarasian Perdunu iki nduwe tujuan hang apik kanggo meng-edukasi masyarakat gok dhukun iku sing kabeh duwe konotasi negatip. Kadhung iyane lan kanca-kanca hang ana ring Perdunu kayadene Fatoni hang dadi sekertaris umum uga Gus Fahru hang dadi penasehat kuwat ngukuhi kadhung Perdunu iku bisa dadi wadah hang apik lan bisa dadi panggonan sertipikasi kanggone wong-wong hang wis praktek merdhukun makene sing ana maning wong hang kapusan merga percaya nyang dhukun palsu.

Gus Fatah, Ketua Perdunu Banyuwangi

Gus Fatah ring tanggal 3 Pebruari 2021 manggon ana ring Balai Desa Sumberarum kecamatan Songgon, ngomong gok iyane nganggo istilah "dhukun" merga karepe makene sing ana penyempitan makna lan segmentasi hang ciyut kelawan pergerakane Perdunu. Kadhung nganggo istilah "wong pinter" utawa istilah "paranormal" pungkasane dhukun pijet, dhukun bayi, lan dhukun sarat sing bisa kecakup ana ring organisasi iki.

Fatoni, Sekertaris Umum Perdunu Banyuwangi

Fatoni hang dadi sekertarise Perdunu nguweni keterangan kadhung deklarasi Perdunu hang manggon ana ring desane kabeh dibiayai dhewek masiya iyane dadi kepala desa ring desa Sumberarum Songgon. Deklarasi Perdunu dianakaken ring desane merga Sumberarum salah sijine panggonan hang duwe sejarah merga ana ring lereng Gunung Raung. Sumberarum hang ana ring ngisore pucuk Raung kelebu telung papan panggonan hang diyakini duwe kekuwatan mistis sak liyane Alas Purwo lan Anantaboga.

Fatoni sakteruse nganggep kadhung Perdunu bisa uga ningkataken kunjungan wisata teka panggonan-panggonan religi iku mau.

KH Ahmad Yamin, Ketua MUI Banyuwangi

Dene KH Ahmad Yamin, Ketua MUI Banyuwangi nguweni wewarah kadhung dhukun iku wis jelas-jelas sing bisa diterima ana ring ajaran tauhid lan keimanan ana ring islam. Mula iku MUI Banyuwangi teges anggone ngongkon Perdunu iki ganti aran hang apik lan sing nuju nyang dalan kemusrikan. Stigma negatif iku kudu diuwah nyang kemurnian tauhid makene sing nuju kemusrikan. Kadhung pancen Perdunu iku nduwe karep meng-edukasi masyarakat bab dhukun lan bab santet hang wis keladuk dadi stigma negatif kanggone wong Banyuwangi ya kudune nganggo aran hang apik.

Hasan Basri Ketua DKB Banyuwangi

Hasan Basri, Ketua DKB Banyuwangi

Ketua Dewan Kesenian Blambangan Hasan Basri nyatakaken gok image dhukun iki wis kadhung nduweni konotasi hang kurang apik ana ring masarakat. Masiya hang aran dhukun utawa istilah santhet kanggone wong Banyuwangi iku dudu nyang babakan ilmu sihir. Naming wis kadhung dadi image masyarakat umum hang ana ring njabane Banyuwangi kadhung iku dudu image hang apik. Abot sanggane meligukaken image hang wis kadhung umum elek iku, mula iku Perdunu kudu nguwah arane.

Muhammad Bramuda, Kepala Disbudpar Banyuwangi  sakteruse ngajak nyang Perdunu hang diwakili ketuane yaiku Gus Fatah, uga Sekertarise Fatoni lan penasehate Gus Fahru kanggone bareng-bareng ngeramekaken wisatawan Banyuwangi kelawan isu-isu viral hang maknane positip. Sakteruse Bramuda wis nyepaki paran-paran hang diperlukaken Perdunu kanggo mbecikaken Perdunu kapan perlu nganakaken Festival kaya dene Festival Santet hang wis kaya dikarepaken Perdunu naming sing nganggo istilah santhet. Iyane ngejak nggoleti bareng istilah hang apik umpamane istilah wisata mistis diganti wisata religi. Istilah santhet disiluri kelawan aran mahabbah lan istilah dhukun dadi tabib lan liyan-liyane. Bramuda ngejak gesah-gesahan sulung makne sing dadi viral hang kurang apik iki.

La lati, SH ketua komisariat Daerah Reclasseering Indonesia salah sijine peserta nyatakaken sing bisa nerimane nyang istilah dhukun, santet, lan wisata mistis merga bisa mendiskreditkan wong Banyuwangi. Hang keneng pulute  wong Banyuwangi kabeh. Kadhung ana wong lara merga kenal ambi wong Banyuwangi dianggep disantet utawa disihir wong Banyuwangi. La Lati, SH hang asal Sulawesi iki ngeman temenan nyang aran Banyuwangi hang saiki iki wis apik lan wis using maning identik ambi dhukun lan santet kaya bengen ring jaman tahun 1998.

Ring pungkase saran teka budayawan Samsudin Adlawi hang uga Direktur Radar Banyuwangi, iyane ngajak kelawan tujuan lan niyatan hang wis apik tekane Perdunu iki kudu uga didalani kelawan cara hang apik. Asil hang apik kudu dikawiti ambi niyatan hang apik, aju dilakoni nganggo cara hang apik sakteruse tujuwan hang apik iku mau bisa kawujud dadi asil hang apik kanggo Banyuwangi mengarep makene tambah saya apik.

Sakdurunge mulih, Gus Fatah nguweni keterangan nyang para wartawan lan reporter belambangan.com, kadhung iyane arep rapat internal kanggone ngapresiasi ajakane Pemda, MUI Banyuwangi, tokoh masyarakat, lan budayawan Banyuwangi ring masalah iki. Iyane bakal ngabari suwene rong dina utawa telung dina mengarep nyang masalah iki sakmarine rapat internal Perdunu.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf