Perewangan lan Magic ring Kesenian Teradhisional (bagiyan 1)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 02 Juni 2025 07:38 WIB)
- Esai



    Ngomongaken kesenian teradhisional Banyuwangi mesthi bain sing bisa diselehaken ambi hang aran perewangan (magic). Perewangan iki hang dikarepaken yaiku wujude kekuwatan seliyane kekuwatane menungsa hang ana ring alam beda. Umpamane bain jim, wong alus, lelembut, roh, mbah buyut, danyang lan liya-liyane hang wis diakoni anane ring alam kesenian teradhisional Banyuwangi. Kekuwatan  liya hang wujude kaya jim, wong alus, lelembut, roh, mbah buyut, danyang lan liya-liyane iki dipercaya bisa njangkungi utawane ngerewangi anggone wong-wong hang megiyet ring kesenian teradhisional.

    Sakliyane dienggo ngerewangi lan dienggo njangkungi ring bab kesenian, perewangan utawane kekuwatan liya hang teka alam beda mau uga bisa dienggo ngerusak utawane nggawe elek hang ditujokaken nyang kesenian liya hang dianggep musuh (kompetitor). Kekuwatan liya hang teka alam beda hang dienggo tujuwan elek ring kesenian teradhisional diarani  “pesengan”, “sihir”, “rapuh”, “cekek”.

   Mula iku perewangan utawane kekuwatan-kekuwatan liya hang ana iku bisa dienggo kepentingan apik bisa uga kanggo kepentingan ala. Iku kabeh balik maning nyang niyate hang duwe ilmu. Keneng diarani perewangan ana hang apik lan ana hang ala, hang nomer siji iku perewangan (magic) ring pengertian positip lan hang nomer loro perewangan (magic) ring pengertian negatip. Bengen ring jaman ramen-ramene Angklung Caruk—kira-kira ring tahun 1970-an, sing keneng dilali hang aran Perewangan (magic) negatip mesthi dadi cerita hang sing keneng ditinggalaken.

   Kaya hang diceritakaken Kang Waras Badhut Angklung Caruk teka Bolot Aliyan Rogojampi. Bengen, carukan antarane grup angklung teka desa siji lan desa liyane mesthine nggawa hang diarani “engkik” (wong pinter hang bisa kirim pesengan, rapuh utawa sihir kanggo ngelarani musuh) nganggo Perewangan. Ana uga engkik (pawang ilmu magic) hang digawa sak perlu kanggo mageri teka pesengane musuh. Gedigu ya magih ana kaya hang diceritakaken Kang Waras  teka wong-wong hang milu manjak ring angklung caruk hang mari carukan. Umpamane ana hang ngising getih serta mari milu carukan, ana uga hang mutah ngising mari milu carukan.         

   Ana uga hang cerita kadhung mari tanggapan angklung caruk, hang aran kendhang isine sumping gedhang goreng lan panganan liyane. Alihe mbukak hang aran kendhang iki sing gampang merga dipuket ring penjalin hang kukuh lan sing sembarang uwong bisa mbukak seliyane tukang kendhang. Iki merga sumping, gedhang goreng lan panganan liya mau  dipeseng liwat dalan gaib (magic). Gedigu ceritane Kang Waras iki uga dibeneraken ring Kang Juwono salah sijine panjak tabuhan angklung teka Sukarejo Lemahbang Kulon kecamatan Singojuruh.

 (Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor