Perewangan lan Magic ring Kesenian Teradhisional (Bagiyan 2)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 03 Juni 2025 08:07 WIB)
- Esai



Iku mau cerita magic negatip hang ana ring angklung caruk. Magic liyane uga ana bengen ring jaman kuntulan caruk. Bengen ring tahun 1980-an seni hadrah kuntul iku rame-ramene. Akeh grup-grup hang kesuwur merga patheng kundangan lan akeh hang kedanan. Umpamane Melati Putih teka Aliyan Kecamatan Rogojampi, Pelangi Sutra kuntulan teka Kemiren Kecamatan Glagah, lan sing kalah uga Mangun Kerto teka Kertosari. Ana bain cerita bab magic mau, umpamane mari carukan bengine serta diintep gadug umah nyatane jedhor hang arupa bedhug iki mau isine akeh jajan lan panganan merga diisi liwat dalan magic mau. Kadhung jedhor wis diisi jajan engko dikarepaken sing bisa muni apik, aliyas badheg. Kadhung wis gedigu dikarepaken ring hang ngirim magic grup mau bisa dianggep elek ring penonton.

    Sing kalah medeni maning kadhung “pesengan”, sihir, lan “rapuh” iku ditujokaken nyang pemain kuntulane. Byek hang njuged iku mau bisa mutah ngising, gatelen, uga ana hang tangane ngejengker kaku sing bisa dienggo njuged. Tapi ya untunge penyakit hang aran pesengan, rapuh, utawa sihir mau sing angel tamba-tambanane. Biyasahe digawa nyang uwong hang pinter lan bisa nambani gedigonan, sedhela bain wis aron.

   Sakliyane (perewangan) magic negatip,  perewangan hang sipate positip uga ana ring kesenian teradhisional Banyuwangi. Anane magic iki biyasahe dadi kekuwatan hang bisa dienggo ngerewangi menungsa ring bab kesenian. Merga menungsa dhewek dianggep sing duwe kekuwatan umpama sing ditulungi barang hang alus mau utawane perewangan mau sing bakal kesenian mau bisa dadi apik ring pertunjukane. Ring kene keneng dienggo conto umpamane seni jaranan lan seni barong.

 Sing beda teka kesenian-kesenian teradhisional liyane, seni Jaranan lan seni Barong bisa didadekaken wujud nyatane kadhung kesenian Banyuwangi magih kegolong seni kang nganggo perewangan kekuwatan teka alam hang beda. Iki bisa dibuktekaken anane kembang, menyan, lan japa utawa jampi-jampi ring pementasane Jaranan lan Barong.

  Penonton seni teradhisional, kepingine pemain jaranan sak liyane bisa njuged uga bisa ndadi (kerasukan roh). Kadhung pemain jaranan wis ndadi kerasukan roh iku sakteruse jugedane bisa tambah apik lan tambah klimaks. Sing sithik penonton seni jaranan kepingin teka ndeleng jaranan kadhung wis teka wayah pemain jaranane ndadi. Ring wayah iki biyasahe mari bedhug utawa wayah lohor. Pemain jaranan hang wis ndadi utawa kerasukan roh biyasahe keneng digudha disuwiti makene nguber lan ngamuk. Kadhung pemain jaranane wis nguber penonton iki malahan dadi tontonan hang paling didhemeni penonton. Kadhung ana grup jaranan hang sing bisa ndadi biyasahe sing ana hang dhemen lan sing ana hang gelem ngundang.

    Hang gedigi iki uga dilakoni grup seni Barong hang ana ring Banyuwangi. Tekane Perewangan utawane kekuwatan magic mau didadekaken bagiyane pertunjukan hang mesthi dianteni penonton. Seni Barong Kemiren uga nganggo roh embah buyut ring wayah cerita klimaks. Biyasahe embah buyut nekani melebu nyang pemain barong sak perlu milu ana ring pertunjukan mau. Ring cerita Barong Kemiren, Embah buyut mau dikarepaken teka bisa nguweni wewarah hang apik nyang penonton hang wis dianggep putu-putune hang saiki magih urip ring alam donya.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor