Perewangan lan Magic ring Kesenian Teradhisional (Bagiyan 3)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 04 Juni 2025 08:38 WIB)
- Esai



   Hang gedigi iki uga dilakoni grup seni Barong hang ana ring Banyuwangi. Tekane Perewangan utawane kekuwatan magic mau didadekaken bagiyane pertunjukan hang mesthi dianteni penonton. Seni Barong Kemiren uga nganggo roh mbah buyut ring wayah cerita klimaks. Biyasahe mbah buyut nekani melebu nyang pemain Barong sak perlu milu ana ring pertunjukan mau. Ring cerita Barong Kemiren Mbah buyut mau dikarepaken teka bisa nguweni wewarah hang apik nyang penonton hang wis dianggep putu-putune hang saiki magih urip ring alam donya.

   Ring kesenian gandrung, perewangan (magic) biyasahe dienggo sak perlu kanggo ndadekaken gandrung bisa duwe kekuwatan sanggup njuged sewengi sing kathik ngepos lan nguyuh. Sedurunge gandrung terob mangkat, gandrung ngelakoni ngirim nyang mbah buyut utawa sapa bain hang dianggep bisa dienggo rewang ring sewengi pertunjukane. Pawang utawa emak-emakane biyasahe hang ngelakoni sarat lan uba rampe hang dienggo ngelakoni ngundang perewangan mauka.

   Sak liyane sarat-sarat lan sandhingan hang dilakoni gandrung sedurunge mangkat ring pertunjukane, gandrung uga nganggo wedhak lan lipen hang wis diisi sarat ring pawang utawa emak-emakane. Sing salah kadhung ring Banyuwangi akeh wong hang bisa nggawe sarat wedhak lan lipen kanggo gandrung. Umpamane bain Mbah Pon, uwong iki wis akeh nguweni sarat hang ana ring njero wedhak lan lipene gandrung. Wedhak lan lipen hang wis disarati ring Mbah Pon biyasahe dikarepaken ndadekaken gandrung iki duwe seret hang anter kadhung ring wayah main ring pertunjukane. Kadhung wis gedigu gandrung bisa dadi duwe rupa hang lebih ayu lan lebih apik timbang sedurunge nganggo wedhak lan liprn hang wis disarati mau.

   Kesenian Teradhisional ring Banyuwangi sakat bengen sampek saiki magih sing bisa ninggalaken anane perewangan (magic). Umpamane anane kepercayaan nyang Dewi Sri kang digambaraken ring tari Seblang. Penari Seblang hang wis kerasukan kekuwatan liya hang dipercaya yaiku Dewi Sri mau njuged kelawan jugedan alus nganggo sampur kaya dene widadari kang miber mudhun nyang bumi. Iku mergane Wong Banyuwangi percaya kadhung Dewi Sri iki arupa Widadari teka alam liya hang duwe kekuwatan nana ring alam donya iki. Perewangan (magic) hang arupa danyang kang nguwasai tanah pertanian lan njangkungi wong tani magih dipercaya ring anane kesenian lan adat tari Seblang iki.

    Sakteruse Perewangan hang arupa danyang aran Dewi Sri teka liwat menungsa kang kepilih dadi Seblang iku mau. Kedadeyan iki biyasahe diarani “Ndadi” utawa “Kelebon”. Sakwise “Kelebon” utawa “Ndadi” nyang awake Seblang, Perewangan arupa danyang kang aran “Dewi Sri” iki mau kaya wis urip ring alam menungsa iki. Kadhung penari Seblang sing ndadi bisa diarani seni tari iki magih durung dilakoni. Bisa diomong tari iki sing bisa ana kadhung penarine sing ndadi utawa kerasukan perewangan.

(Ana terusane)       

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor