Perewangan lan Magic ring Kesenian Teradhisional (Bagiyan 4 Pungkas)
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 05 Juni 2025 07:56 WIB)
- Esai
Sak liyane Seblang magih ana Kebo-keboan. Keboan ring Aliyan magih ngatonaken temenan anane Perewangan (magic) hang arupa Mbah Buyut hang dianggep ngerasuki uwong-uwong hang magih dianggep kelebu sanak lan berayane. Mbah Buyut mau melebu nyang menungsa hang dipilih kelawan ngerasuki awake. Iki “Ndadi” arane. Kadhung menungsa hang wis kerasukan Mbah Buyut mauka sakteruse diarak lan diweni sajian arupa menyan lan kembang. Sakteruse wong hang wis kerasukan mau bisa ditonton wong akeh mari ditabuhi tabuhan keboan.
Ring Alasmalang adat kebo-keboan uga nganggo perewangan (magic). Sedurunge Kebo diarak ring dalan-dalan desa Alasmalang, teka panggonan hang aran Petaunan, hang aran Mbah Rahwat nggawe pitung tawar ana ring njero seng. Pitung tawar hang wis mari didongani mau aju dipolet-poletaken nung kebo-keboan hang arep diarak. Iki dikarepaken makene para danyang lan Mbah Buyut hang ana ring desa iku bisa njangkungi anane arak-arakan ider bumi ring dalan-dalan Alasmalang. Sakteruse Kebo-keboan ider bumi ambi ndadi kerasukan roh ring acara iku.
Kadhung ana hang ngarani kesenian teradhisional iku kelebu nyang kepercayaan animisme lan dinamisme, mula kebukti teka ciri lan wancine nuju merana. Iki sing salah keseniane merga anane kesenian teradhisional iki mula wis ana sakdurunge kepercayaan Islam melebu nong tanah Jawa iki. Ana uga hang ngubungaken kesenian teradhisional iki ambi Siwaisme, yaiku kepercayaan nyang dewa Siwa hang digawa wong-wong ring sakdurunge jaman Majapahit melebu nyang Banyuwangi.
Kesenian teradhisional hang ana ring Banyuwangi kadhung dideleng teka pengaruhe kekuwatan liya hang ana ring kekuwatane menungsa iki saktemene keneng dilebokaken ring periode kesenian perimitip, yaiku periode kesenian hang ana ring sakdurunge jaman kerajaan. Ring jaman iku kepercayaan nyang kekuwatan hang linuwih hang ngelebihi kekuwatane menungsa magih dipercaya ana ring roh, danyang, lan paran bain hang dianggep nguwasai panggonan ring alam donya.
Kekuwatan-kekuwatan iku dianggep bisa melebu nyang alam donya, nong alame menungsa lan bisa nggawe paran bain kaya hang dikarepi kekuwatan (perewangan). Mesthi bain kepercayaan hang gedigi sing bisa melebu ring akal ring jaman modheren saiki. Naming ring njerone kesenian teradhisional anane kekuwatan iki justru dianggep bisa nganani anane kesenian teradhisional iku dhewek. Kadhung anane Perewangan (magic) diilangaken ring njerone kesenian teradhisional mesthine ya padha bain ambi ngilangi kesenian teradhisional iku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf
