Perupa Banyuwangi Tambah Murub Tekade Merga Ngelukis Bareng

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 27 Februari 2020 07:50 WIB)
- Laporan



Perupa utawa pelukis Banyuwangi hang ngelumpuk nyang Forum Perupa Banyuwangi (FPB), tambah katon murub tekade, merga kerep nganakaken acara ngelukis bareng ring panggonan utawa on the spot. Paran maning wayah ngelukis bareng Minggu (23/02/203) ana rong karya lukisan hang langsung dituku ambi kolektor. Pelukis hang teka ya tambah akeh, malah akeh lare-lare pelajar hang kepingin belajar ngelukis ya padha teka.

"Temenan, kanca-kanca tambah murub tekade. Alae tujuan utame dudu iku, naming jujur apresiasi teka kolektor iku nambah gedhene karep kanca-kaca terus berkarya ring tembe ngarepe. Malah kabar ewuhe kanca-kaca FPB iku wis nyebar sak njabane kutha Banyuwangi, isun akeh nerima telepon kadhung kanca-kanca perupa teka njaba Banyuwangi mau kepingin teka milu ngelukis bareng", ujare Sugiono, panitia hang uga pematung iki.

Salah sijine bankir teka Lumajang hang asline wong Banyuwangi, Elvin Hendratha, ngaku girang ndeleng acara ngelukis bareng. Kanggone Elvin, iki panggonan kanggo madahi kekarepane pelukis enom lan pelukis senior hang nana watese. Kabeh nyampur ambi siji tujuan, mujudaken karya utawa lukisan hang bener-bener makili rasa pangrasane pelukis mau. "Sing gampang gawe kahanan kaya digi, merga biyasahe pelukis senior iku sing duwe waktu lan kesempatan kanggo ngemong lare-lare enom. Iki malah nduduhi kelendi pelukis senior mau berkarya, mulai ndeleng objek sampe kelendi mindah objek mau nyang kanvas", jare Elvin hang uga aktif nggatekaken gendhing lan tabuhan Banyuwang lawas.

Acara ngelukis bareng iki, uga mulai ulih kawigaten teka turis manca negara. Malah turis mau, uga milu ngoleksi lukisan hang ana ring njero Galeri Kawitan. "Mandar muga tekane turis iki, bisa mancing kanca turis liyane. Sore abete kari temen ulihe nggatekaken wayah ana ngelukis bareng, manggone iyane bisa teka lan ngabari kancane, merga obyek hang dilukis kanca-kanca iku beda lan ganti angger minggune", gedigu ujare S. Yadi K, pelukis senior Banyuwangi uga hang duwe Umah Seni S Yadi K hang ring njerune uga ana Galeri Kawitan.

Kang Yadi, gedigu biyasahe diceluk, njelentrehaken kadhung rencana mulane ngelukis Barong Kemiren, juwut Barong teka Kemiren hang duwe ciri has. Naming merga dianggep ndadak, hang mangku Barong Adat Kemiren mau sing gelem ngetokaken baronge. "Isun njaluk sepura nyang kanca, merga awak dhewek ya kudu ngeregani adat hang ana ring Kemiren pisan. Temekaken arep ngetokaken Barong Kemiren nyang njabane Desa iku, ana upacara lan njaluk idin nang makam leluhere wong Kemiren. Kadhung wis gedigu, kene sing bisa paran-paran. Alhamdulillah kanca-kanca gage tanggap, aju milih Barong hang Banyuwangi duwene kolektor ring Banyungi kene", jelase Kang Yadi.

Kanggo nguripaken kahanan ngelukis bareng mau, obyek hang dilukis mesti beda antarane minggu saiki lan minggu ngarepe. Sak liyane kesenian hang ana ring Banyuwangi, ngelukis bareng iki uga nekakaken uwong-uwong hang duwe ciri has Banyuwangi. "Minggu ngarep obyeke "Perawan Suthi", iki bisa nduduhaken karakter lan wujud rupane perawan has Banyuwangi. Kelawan cara gedigi, para perupa Banyuwangi mane titen nyang rupa lan dedeg wong-wong Banyuwangi", pungkase Kang Yadi ambi terus katon girang atine.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf