Peserta Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using 2022

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Juni 2022 09:07 WIB)
- Dari Redaksi



Taun 2022 iki Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using wis digelar kaping 10. Masiya kadhung ndeleng hang milu magih nggawe perihatin. Kelendi nak hing ngelus dhadha, sampek tanggal 30 Mei sore iku, Lombane magih durung ana lalare sekolah hang ngirim setugela bain.
   Apuwa peserta sekolah dianggep penting? Ring tangane lalare iki engko basa Using tulis arep tetep lestari tah kingslep dieleg jaman.
   Panitiya ahire ngewani wektu maning rong minggu sampek tanggal 12 Juni, emane ana lare enem hang nyusulaken karyane, loro lare SMA lan sisane lare SMP. Kadhung aturan Lombane, sak kategori: SMP, SMA tah Umum, minimal kudu ana limang karya teka minimal telung peserta kanggone bisa digawe lombane. Dadi merga kategori SMP lan SMA hing nyukupi, dadine rong kategori iki didadekaken siji dadi kategori lare sekolah.
Kategori UMUM
1. Amening Tiba (Andisep Kurniawan) 2. Hore…Ulih Hadhiyah (Andisep Kurniawan) 3. Thulik lan Lakon Asmara (Lirix Al Harir) 4. Thulik lan Tukang Mabuk (Lirix Al Harir) 5. Thulik lan Kik Welut (Lirix Al Harir) 6. Dhemen Golek Ragi Kelambi Godhong (Alasan) “Pelasan” (Muh. Novi Yusuf) 7. Sisike Cicir (Muh. Novi Yusuf) 8. Dhompol-Dhompolan (Muh. Novi Yusuf) 9. Sampur Kanggo Penari (Andisep Kurniawan) 10. Ompol (Dewi Ratih Sri Utami) 11. Ketiban Sampur Seblang Olehsari (Joko P. Susanto) 12. Sabuk Mangir (Joko P. Susanto) 13. Wong Hang Gering Dhuwur (Ida Nur Safitri) 14. Lebaran lan Jodho Perojolan (Rosuli) 15. Weringin Wasiat (Ayil Qoimatul Laili) 16. Ilang Pucuke (Silvia Novita Sari) 17. Ngeletik (Dewi Ratih Sri Utami) 18. Sundel Bolong (Urip limartono) 19. Abot Anak (Urip limartono) 20. Cumpleng (Nur Aini) 21. Njunjung umah (Bilas Febri) 22. Mamang (Moch. Afan Zulkarnain) 23. Tatu (Nur Aini) 24. Asal usule Sukma ilang (Tara)

SMP/SMA
1. Impenan (Agis Maulana) 2. Isun ring kampung tanpa sinyal (Terta Cristanta Pramono) 3. Manggung ring Cak Durasim (Laily Suci Ayu Agustin) 4. Kesandung Welas (Puspita Anggraini P.W.Suroso) 5. Sepiro Pentinge Kanca (Terta Cristanta Pramono) 6.  Impenan (Riandharu Ari Pratista).

Karya peserta iki mau wis dibiji ambi juri hang akehe wong telu. Juri iku kabeh ngewani biji ring naskah tanpa aran, makene bijine bisa temenan mung gemantung nyang apik eleke naskah. Akeh pertimbangan hang diuntabaken sakliyane mung biji utamane struktur cerita cendhek lan kanggone lalare sekolah pesan moral iku penting.
Pengumumane arep dianakake n kesuk dina Minggu jam 09.00. Kabeh peserta mesthine bisa nekani acarane hang arep dianakaken ring Umah Temungkul, mburine Hotel Illira.
   Hang uga kudune teka yaiku para penulis hang milu Lomba taun 2021 hang karyane diuwot ring Kembang Ronce 2021, ulih bukune prei mbayar sak buku saben uwong.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor