Peternak Banyuwangi Ngelu Adol Susu
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 24 Oktober 2020 06:05 WIB)
- Laporan
Masiya weruh gok susu iku dadi asupan protein kang penting kanggo menungsa, adol susu nong Banyuwangi ya nyatane hing gampil.
"Kene kudu terus ngajari pasar, ngedukasi pelanggan ambi reseller makene weruh endi susu hang bener-bener kuwalitas ambi rasane premium," gedigu jare kang Siswo Suyanto hang nduwe peternakan Lembu Blambangan ring Dusun Gunungsari, Bangorejo.
Teka rong puluhan sapi, iyane bisa asil 200-250 liter susu sedinane hang dilebokaken ring reseller hang sasate wis emeh nyebar ring saben-saben kecamatan kayata Bangorejo dhewek, Srono, Muncar, Rogojampi, Pakistaji, Banyuwangi, Kalipuro, Genteng, Blok Agung, Setail, Sempu, Jajag, Kradenan, Tampo.
Hang ring kutha Banyuwangi akeh-akehe susune hang njuwut cafe-cafe lan uga reseller.
Jare Siswo, susu hang sehat kuncine teka pakan lan nutrisi sapine, kebersihan kandang ambi kebersihan sapine, kebersihan tepak meres susune lan kudu nduwe pendingin (cooler).
"Polae ring susu iku ana bakterine. Sak tetes kira-kira 150ewu. Kadhung dideleh panggonan adhem ngingsore 3 derajat, bakterine meneng (dormant). Kadhung hing dideleh panggonan adhem, bakterine bisa munggah dadi ndhuwure sakjuta," jare Siswo. Susu marek diperes kudu cepet melebu cooler, jare Siswo.
Kadhung diolah kelawan cara pasteurisasi, bakteri patogen-e matek.
"Suwi-suwi pelanggan ya weruh rasane susu hang premum kualitase, endi hang using," tambah lulusan Institut Pertanian Bogor hang wis megawe ring perkebunan sawit ring Kalimantan ana 30 taun suwene.
Ring mangsa pageblug iki mula penjalukan pasar rada mudhun, taping peternakan Blambangan magih bisa melaku merga hang nomer siji regane murah kanggone produk susu premium.
"Apuwa bisa murah? Merga efisiensi ring biaya operasional. Malah ana wong Jember ambi wong Bali njuwut merene merga regane bisa lebih murah teka produk Jember lan Bali," jare Siswo. Paran maning rasane beda ambi susu hang nong kana.
Rega susu seger per litere saiki mudhun teka 11.000 nang 10.500. Malah kadhung tukune 16 liter mendhuwur bisa 9.500 rupiah, prei ongkos kirim. Kadhung tuku 40 liter regane bisa 9.000 rupiah per liter.
Ngadhepi mangsa gedigi, produsen susu kudu bisa bersatu, bisa produksi susu hang premium, bisa ngedol rega hang layak merga biaya operasionale tambah munggah. Kadhung kabeh diedol nong pabrik susu regane hing nyucuk, kudu diimbangi ngedol nong njaba lan kudu bisa kreatip dodolan. "Pokoke usaha kudu bisa ngedol dhewek wih." Setemene pemerintah ya kudu cawe-cawe mbantu peternak, paran maning ring wayah pageblug iki.
Sakliyane susu segar, Siswo uga ngadol produk turunan susu, yaiku ombenan yogurt (merek Yo Drink) lan Yoges, es yogurt diwadhahi plastik hang rega ecerane 2.000an. Yogurt diregani hang paling cilik 200ml teka 5.500-6.000 tergantung rasane. Literan rega teka 19.000-25.000.
"Kanggo pesen rega reseller, bisa ngubungi WA 085257495515," jare Siswo nutup omongan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf





