Pindhah Kantor, Ikawangi Siyap-Siyap Milih Ketua Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 07 Juni 2021 07:55 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi Pusat (Ikawangi) Jakarta dina Minggu sore boyongan kantore nang panggonan anyar ring kawasan Tanah Merdeka Kampung Rambutan, Jakarta Timur.
"Muga-muga iki pindhahan hang pungkasan," jare Kang Bambang Sugiono Ketua Umum Ikawangi Pusat.
Iwuh peresmian kantor sekretariat anyar iku dianakaken nganggo protokol kesehatan temenan. Hang diundang mung wong siji makili sak korwil hang ana ring sepuluh wilayah yaiku Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Bogor, Depok, Tangerang Selatan, Tangerang Raya lan Cilegon-Merak-Serang (Cimerang). Uga Kelompok Masyarakat (Pokmas) hang resmi ana ring ngingsor payunge Ikawangi kayata Prajurit Blambangan, Magenta (kumpulane wong Genteng), Ikabaru (kumpulane wong Kalibaru), Gowes Ikawangi. Ana uga organisasi alumni ITB asal Banyuwangi (Gajah Banyuwangi) hang teka diwakili ketuane Beny Yusron. Teka wakil sesepuh mung katon wong loro yaiku Pak Rusdi Maksum lan pak Muh. Noer Affandi.
Dene pengurus liyane hang kepingin ndeleng acarane disedhiyani layanan live ring zoom, makene hing patiya umpek-umpekan.
Sedurunge manggoni umah tinggalane ruwahe Pak Abdul Kahfi, wong Banyuwangi hang tau dadi wakil gubernur Jakarta iki lan uga wong hang nguripaken maning organisasi wong Banyuwangi teka mati suri bengen, sekretariat Ikawangi tau manggon ring Jalan H. Naman Jakarta Timur hang disilihi panggonane ring Pak Sutarjianto. Iyane iki kanca sak bangkune Pak Kahfi tepak sekolah SMA ring Banyuwangi, hang uga tau dadi walikota Jakarta Barat.
Ceritane wit-perkawit Ikawangi, gedigu jare Pak Affandi tepak ngewani sambutan ring acara iku, kumpulane magih diarani Pewangi Jaya. Ketua hang kawitan pak Sutarjianto lan Pak Affandi dikongkon dadi sekretarise. Aju tau mandheg organisasine tepak taun 1985 merga wong-wonge sibuk dhewek-dhewek. Paran maning jaman semono durung ana teknologi komunikasi kaya HP saiki hang nggampangaken omong-omongan antarane wong siji lan liyane.
Tepak taun 1991, Pak Kahfi melebu Jakarta ditunjuk dadi walikota Jakarta Pusat, iyane ngongkon nguripaken maning Pewangi Jaya kelawan ngongkon Pak Busairi Abdullah dadi ketuwane. Lan aran organisasine diuwah dadi Ikawangi seperene. Aju ketuwane marek Pak Busairi tau dicekel ruwahe Pak Mulyono Munawar, Pak Hanipan lan Kang Bambang sampek seperene.
Jare Kang Bambang, Ikawangi arep duwe iwuh gedhe limang taunan sak perlu milih ketuwane hang anyar taun iki. Ketuwa hang anyar engko diarepaken bisa nggawa Ikawangi tambah maju lan tambah gedhe ngadhepi uwahe jaman. Kang Bambang madeg dadi ketua Ikawangi Pusat wis telung periode.
"Hun karepaken, generasi milenial hang bisa njumbul (minangka ketuwa anyar)," jare Kang Bambang hang tau dadi anak buahe pak Kahfi tepak dadi walikota.
Ana pelajaran teka Pak Kahfi hang dienget-enget ambi Kang Bambang kanggo ngadhepi masalah.
"Kene iki kudu nduwe telung watek. Watek Jawa, Batak lan Minang," jare Kang Bambang nirokaken pak Kahfi.
Watek Jawa, akeh peritungan, watek Batak hang belaka suta urusan liyane dideleh mburi, watek Minang hang pinter nggawe setrategi.
"Kene kudu weruh kapan kudu nganggo watak Jawa, Batak, tah Minang," jare Kang Bambang.
Poto teka kiwa: Pak Affandi, Pak Bambang, Pak Rusdi, Pak Sugiman (ketua Korwil Jakarta Timur)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






