Pitik Endhas Puthul lan Kisa
Iskak Basuki (dipublikasikan pada Kamis, 08 Desember 2022 08:44 WIB)
- Esai
ENDHAS PITIK PUTHUL
Hing nyeja tepak kepepet, tepak isun magih SD bengen, isuk magih remeng-remeng isun kepaksa kudu mbeleh pitik. Tepak sing ana bapak lan dulur lanang nong umah, temune sing bisa ales, isun digugah ambi emak. Pitik babon tembeleke putih lan isun dikongkon mbeleh.
Alak.. Isun? Kon mbeleh pitik? Bisa tah? Sing tau-tauwa isun mbeleh pitik. Kadhung ndeleng wong mbeleh wis ping kaping-kaping. Paling anter ambi tangga malah kon nulungi nyekeli pitike makene sing kiblas. Iki mara-mara kon dadi tukang belehe. Munggone sing selak mati, sing gelem isun. Engko bain apuwa, rada padhang bisa njaluk tulung tangga ngongkon man Atim, kang Untung tah sapa kono. Iki hng bisa pitike wis keter-keter.
Yaiki. Yaiki. Ya iya wis. Perasanisun turu sing ngimpi paran-paran. Magih jam pira iki, pitik arep mati. Ambi mata melek durung kari wera isun nuruti emak njangkah nyang pawon ngamet lading. Pitik hun tampani teka tangane emak hun gawa nong mburine umah. Sira iki tik...
Serta dhewekan nong kono isun buru mikir, iki aju sapa hang nulungi nyekeli? Iya gok uwong hang wis biyasah mbeleh. Utekisun dadi ngetokaken gambare uwong, tangga-tangga tukang mbelehi pitik. Dhewek bain setemene ya bisa. Tau weruh isun. Bisa. Uwong tapi. Isun durung tau. Ya buru iki, buru arepe ngelakoni kawitan. Kelendi tah? Cumpu pitike miber utawa tawar. Eh, using. Iki pitike yara wis lara. Sing kira mertingkah, sing kirane miber utawa tawar nyelamber-nyelamber. Iya wis. Bismillah....
Eh, kok sing keneng? Sing metu getihe! Wong-wong ika engetisun gampang mbelehe. Dikesek sepisanan meloncor getihe aju dieculaken pitike, mati. Iki kok using? Kurang anter mongese? Rasane. Hun kesekaken maning ladinge kenceng gulune. Durung keneng. Hun anteraken maning, saya hun anteraken maning...
Eh, mbuh ping pira hun engek-engek gulune pitik iku sampek ahire ya bongak, meloncor getihe. Setemene seliya sing pengalaman mbeleh dhewek, ladinge kurang landhep. Gebluk. Kudune diungkal sulung. Ya Allah! Dosa isun. Masa wani marah nyang emak gok mbelehe gedigu.
Emak girang sun lapori. Liya dina maning timbang ngupahi wong mbeleh.
Isun sing langsung semaur, magih rada getun merga ladinge mauka tibane sing makan. Ambi melaku nang cedhing buru isun ngomong, maning-maning aja isun wis.
Isun jebar-jebur adus, sing rungu embuh ngomong paran maning emak nong pawon. Sapa bain kadhung wis kebentel, wis kepepet, bisa sing bisa ya kudu bisa. Iki mau contone. Naping, maning-maning muga-muga dudu isun hang kebentel. Kapok. Sekaken pitike. Sepisan iku bain wis ngalami ngesek gulune pitik. Kadhung mangane sih sing ana kapoke.
Liya dina gedigu maning. Pitik jago hang biyasahe kukuruyuk sing kukuruyuk. Emak wedi mati. Eman-eman. Emak ngongkon isun gancang tangi, sembayang, aju mbeleh pitik.
Alakk...! Temenan. Pitik maning. Durung sak ulan, durung petang puluhe hang babon ika. Iki tepak subuh maning, nyaruki sing ana sapa-sapa maning, sing ana bapak lan kakang-kakang maning. Berarti kudu isun maning hang kon mbeleh. Nasib. Iya wis, mak. Nak langsung hun anteraken iki engko mongese.
Gancange cerita, isun wis nong mburitan, wis nyekel lading. Iki ladinge dudu hang sabene. Pitike hun idek awake nganggo sikil tengen, endhase hun cekel tangan kiwa, wulu nong gulune hun jabuti sithik kaya adate man Atim utawa kang Untung tepak arep mbeleh. Bismillah....
Rodo anter mula isun nyebut 'Ya Alloh ya Alloh". Emak ya rada anter pisan gok semaur.. Embok lan adhikisun wadon dadi rungu, gemeruduk memburi arep weruh ana paran?
Isun mbelehe kanteren. Ladinge memehi landhep. Endhase puthul. Embok, adhik padha ngomong gila hing gelem mangan pitike.
"Alhamdulillah," batinisun. Hun pangan dhewek pitike.
KISA
Kisa iku tas utawa wadhah husus kanggo nggawa utawa nyangking pitik. Bahane ya husus, yaiku teka belarak hang magih ijo, dikethok sak bongkoke kira-kira setengah meter dawane. Aju bongkoke hang magih ana godhonge iku disigar dadi loro. Temune ketemu dadi sepasang, dadi kiwa tengen, iku aju dienam, digathukaken, ditangkubaken dadi tas. Kuwasane Alloh, mula pas dienggo madhahi pitik, siji utawa lebih.
Modhele memper dhompet hang bukakane nong ndhuwur. Kisa gedigu iku. Cekelane hang dicangking uga lawange ya bongkoke iku. Makene sing kari abot lan nggedebel, sigarane bongkok perlu disuda maning, ditipisaken. Hang wis tau weruh hing perlu keterangan gedigi mauka, rungu arane bain wis sakkal enget barange.
Bengen anjrah wong nyangking kisa - isine ya mesthi pitik, embuh arep nyang pasar utawa teka pasar. Ring pasar kutha ana dhewek panggone wong adol pitik yaiku ring pinggir kidul wetan, mepet ambi kampungan Kepatihan. Tepak hang digawa jago, buntute biyasah katon nyelobong metu.
Saiki ws sing tau tumon maning barange. Jamane mula wis ganti lan terus uwah. Kisa kelebu barang lan aran kuna hang ilang utawa emeh ilang. Tau weruh pisan pindho wong nggawa pitik - katone pitik larang, pitik aduan - naping bahane dudu belarak maning, teka nam-naman jajang - lebih alus lan apik mula. Arane kisa pisantah?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pemikiran dan Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor
