Politik Kupat lan Lepet
Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Jumat, 12 Mei 2023 07:51 WIB)
- Opini

Sakat ngarepaken lebaran sampek wis liwat lebaran kayadene saiki, penulis ngemataken sosial media gok saya merana saya merene.
Kebek uwong hang padu kerana beda perkara hang didhemeni. Akeh uwong hang tukar lan elek-elekan kerana perkara sepele. Pungkase aju padha nggawe grup dhewek-dhewek, ngelumpuk ambi hang duwe prinsip padha, hang sak pikiran.
Kayadene ring Desa Gumuk Wetan, hang masarakate padha gandrung nong panganan Kupat lan Lepet.
Panganan iku kelebu nong sewijine panganan has lebaran hang dadi andhalan nong panggonan kono. Pungsine bisa penting seru. Kayatah dienggo kanca gesah lan nyuguhi dhayoh.
Naming, nora kabeh uwong doyan nyang loro-karone panganan hang digawe teka beras (kupat) lan ketan (lepet) iku. Dadi ana hang dhemen Kupat, ana hang dhemen Lepet.
Asile, masarakat Desa Gumuk Wetan iki aju mencar dadi rong kubu. Sak gerombol melebu nyang kelompok Kupat. Sedheng sisane nyang grup Lepet.
Merga kedadeyan iku, kahanan ring Desa Gumuk Wetan ricuh. Antarane kelompok Kupat lan grup Lepet hang maune tentrem malah tomplokan, kerep tukar lan wadan-wadanan. Sing jarang ana hang sampek elek-elekan. Ana uga hang sampek satru, sing sapa-sapaan.
Paran maning saben ngarepaken lebaran, rasane kahanane saya nemen. Saya kerep pitnah-pitnahan. Anggota saben kelompok nyebaraken apike panganan hang didhemeni, lan sebalike mbukak eleke panganan hang disengiti.
Hang sing gadug nong penangkep yaiku, sing sithik uwong dadi tega musuhi lan sengit nyang tangga teparone.
Setemene perkarane sepele. Beda pilihan kaya gedigu iku ya perkara hang anjerah lan normal. Merga pengrasa (selera), penangkep (ulihe niteni) lan prinsipe saben uwong pasthi beda.
Ditambah maning bab iku sing mesthi ndeleng pernahe paran. Uga sing kudu nimbang jabatane paran. Naming iku perkara pasthi, garise urip hang anjerah ngetut nong uripe menungsa.
Isuk bengi, kiwa tengen, ngisor ndhuwur lan sakpenunggale iku perkara pasthi hang wis digarisaken Gusti Pengeran. Serehne iku, kudune awak dhewek ngelakoni sukur kanggo karunia lan rahmate Pengeran iku.
Kelawan nora nyalah lan nggawe ruwed, padha-padha ngeregani paran bain hang sipate beda sampek njunjung dhuwur toleransi nawi bisa dadi telung cara kanggo ngucap syukur.
Kadhung menungsa wis sanggup mbedakaken endi hang sing perlu ditukaraken lan endi hang mesthi didadekaken perkara, sekehe masalah bab beda pilihan iku bisa bain malah dadi gaman hang ampuh.
Kasarane, masiya sing dhemen Kupat, sarate gelema olah-olah kanggo suguhane dhayoh. Utawa sebalike. Gedigu ika.
Kupat lan Lepet iki yara panganan has dina lebaran. Kupat kerana bahane teka beras lan polosan aliyas sing nganggo bumbu paran-paran, rasane tawa.
Anggone mula dipangan bareng panganan sandhingan, kayadene santenan, endhog cit lan liya-liyane. Sakwetara Lepet iku rasane gurih, kadhang ya manis. Anjerahe dipangan lawaran.
Mula iku, setemene antarane Kupat lan Lepet iki mula wis gathuke. Kupat iku bisa dadi gantine sega, sakwetara Lepet dienggo gerimikane.
Ring endi-endi panggonan, utamane nong Banyuwangi, bakalane Kupat iku ya Lepet, mula jodhone. Ana Kupat, ana Lepet.
Tegese paran? Masiya kerep jejer, karo-karone iku wis duwe peran lan keahliyane dhewek. Dadi sing perlu sampek padu lan musuhan merga karep namtoaken, Kupat tah Lepet hang bakal dadi panganan utama nong perayaan dina lebaran. Sing luputa iku mung nggarai masarakat bencah, benteng ceweng. Hang ati-ati!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Potrek ulih teka akun FB Eka Widhi Susiyani
Editor: Antariksawan Jusuf