Politik (Poli Pelastik) Ring Usum Korona
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 Juni 2021 10:22 WIB)
- Laporan
Ring mangsa usum korona iki, uwong-uwong padha akeh hang sambat ambi pegaweyan, uga liyan-liyane hang ana sangkut paute ambi urip lan keluwarga. Mergane akeh hang sampek ngelu endhase, yaiku tandhane kadhung butuh hiburan. Kerana iku ring akhir tahun 2020, sekitar ulan september ring Desa Benelanlor ana hang merujukaken olahraga hang uga keneng dienggo sarana hiburan yaiku politik (poli pelastik). Mula kadhung disingkat arane nggarai pikiran melaku nong politik-politik hang gedigu iku tapi hang iki bida kerana politike yaiku olah raga poli tapi nganggo tembung pelastik.
Tembung hang dinggo pelastik ambi lapangane hang dinggo memengan ya bida adoh ambi ukuran lapangan poli hang kaya biyasahe teka ukuran dawa ambi werane. Kadhung poli pelastik iki ukurane lebih cilik kisaran dawa x werane yaiku 8 x 4 meter. Hing perlu waktu suwi, saya akeh hang milu ring persatuan politik ring Desa Benelanlor. Malah ana uwong-uwong hang teka tangga desa milu, salah sijine teka Desa Gombolirang.
Para pemaine dudu mung lalare lanang tapi ya ana wadon pisan, teka umur uga dhuwure awak ya hing pilih-pilih yaiku sapa bain bisa milu ring persatuan politik Desa Benelanlor. Kerana wis akeh hang milu, persatuan iku mau padha ngerembug arep diweni aran sampek ulih kesepakatan persatuan politik Benelanlor diarani “KERAWU KANGKUNG” uga bisa disingkat/celukane “KERAKUNG”.
Ulih pirang minggu, persatuan politik Kerakung padha semangat mbangun lapangan supaya lebih apik maning, yaiku diplester, uga diweni lampu lapangan serta padha urunan nggawe kaos. Meh saben minggu sepisan latihan ring wayah dalu sakat mari isak sampek jam 10 kanggo hang wadon-wadon. Kadhung hang lanang biyasahe sampek tengah dalu. Latihane bain ya sing kari disiplin-disiplin seru uga ya sing kari manut aturan kaya dene poli nasional. Sebabe persatuan poli hang wis diedegaken mung nduweni tujuwan ngerapetaken tali seduluran ring antarane uwong sak Benelanlor uga tangga desa liyane, ambi mung digawe hiburan. Dadi kaya aturan main ambi cara maine mung sak weruhe lalare hang tau milu poli biyasah. Kadhung dideleng teka wenake main antara lanang ambi wadone magih wenak hang golongane persatuan lanange. Sebab hang wadon akeh-akehe golet seneng thok, tapi ya semangat kanggo milu persatuan politik iku kerana kepingin ngeramekaken desa.
Wis tuwuk kadhung latihan thok, persatuan politik Kerakung padha wani golet musuh (latih tandhing) kanggo golet seduluran, nambah pengalaman, ambi ngetes asile latihan.
Serang semangate latih tandhinge bain saben minggu sepisan uga kadhang seminggu bisa sampek ping 3 uga ping 4. Sistem latih tandhing ambi desa liyane yaiku “Tandang-Kandang” hang biyasahe ulihe kesepakatan main ring desa Benelanlor sulung ya keneng uga bisa main sulung ring desane musuh hang dienggo latih tandhing iku mau. Kadhung wis main, ngelirik ambi wasit uga komentator ya hing kaya pertandhingan poli biyasahe.
Wasit sak komentatore ya teka wong desa Benelanlor dhewek kadhung main ring desa Benelanlor dhewek (kandang) hang sejatine ya wong biyasah dudu wasit poli uga komentator poli. Waktu maine kadhang ya sak marine isak sekitar jam 8-an, kadhang ring wayah raina yaiku ring waktu isuk uga ya kadhang soren. Susunan maine ya gantian, ana rong bagiyan. Biyasahe hang main pertama iku golongan wadon aju hang bagian kepindho yaiku hang lanang. Serang akehe hang milu poli ring tim Desa Benelanlor, dadi saben mari 1 game ganti pemain hang liyane (hang durung main) uga ya lanang wadon padha gedigu (gantian). Kadhung wis arep main ring desa lawan, biyasahe rombongan pemain melaku bebarengan ya kadhang nganggo sepidhah montoran, kadhang ya numpak kol buntung. Kondhisi tergantung parek adohe dhaerah hang diparani kanggo latih tandhing iku muka.
Paran maning saben latih tandhing ring umahe musuh mesthi kesepakatan ring kabeh para anggotane bisa nunggang sepidhahan tah nunggang kol buntung kol buntung uga bisa nunggang prahoto.
Perkembangan poli ring desa Benelanlor katon tambah rame sebab kabar-kabar kadhung poline Benelanlor arep main ring desane, informasine nyebar ring kabeh golongan umur dadi nalika main latih tandhing, hang ndeleng iku padha ngubengi lapangan poli. Panggonan lungguh hang wis disiyapaken sakat nggarap lapangan, saya dalu saya rame. Paran maning hang dodolan ring sak ubenge lapangan poli iku ya sampek macem-macem. Ana hang dodolan jagung bakar, dodol pentol, uga dodol gorengan. Hang ndeleng saya pernah sebab wis ana kanca deleng yaiku panganan hang ulihe tuku ring wong dodolan iku mau.
Suasana poli uga ya sing kalah rame ambi wong dodolan sebabe ana bain tingkah polah para pemain hang kadhang nggawe kekel ring antarane para penonton. Kelucuan iku ditambah rame maning ambi kauke uwong-uwong hang ndeleng poli iku mau hang biyasahe nggacahi uga nggodha makene sing fokus tepak main. Teka kondhisi iku kabeh, poli ring desa Benelanlor saya rame, akeh penonton hang padha mara ngejak keluwarga, dulur, tangga, uga kanca marek nyang lapangan kanggo ndeleng poli iku mau. Serang rame uga kawentare, saya suwi uga akeh para penonton hang teka tangga desa, biyasahe ana uwong teka desa Gombolirang, Bunder, Petang, Macan Putih padha deleng.
Persatuan politik ring desa Benelanlor ring taun 2021 iki saya maju sebabe kondhisi lapangan ya dianyari maning, yaiku: dicat, diweni lampu ring sakubengane lapangan, ditambahi panggonan lungguh, ana alat-alat bantu latihan, uga ana kantin hang siap ngelayani wong-wong hang arep tuku panganan uga ombenan. Tapi ya hing mesthi rame ring saben latihan uga wayah latih tandhing, mesthi ana pasang surute hang kadhang nggarai ring antara pemain-pemain iku mau padha golet-golet lare maning kanggo nambah pemain poline. Teka kawitan niyatane kanggo ngumpulaken dulur-dulur, tangga, lan kanca makene tambah akrab uga ya golet hiburan.
Umpama hang milu iku lebih teka wong satus ya sing paran-paran mergane saben latihan lan main padha rame, padha dukung, uga padha sorak-sorak ngeramekaken saben kegiayatan politik dianakaken.
Tapi, ring ulan puwasaan hang buru liwat iki kegiatan poli pelastik dipreikaken sulung mergane para pemaine nduweni kesibukan tambahan dhewek-dhewek sakat thukule serngenge sampek dalu. Ana hang fokus dodolan, ana hang fokus ring tugas sekolah hang sampek numpuk-numpuk. Paran maning kadhung wis tepak dalu khususe lalare nom-noman padha melekan kerana padha ngedum tugas yaiku ana hang jaga keamanan desa sakat mangkat teraweh sampek tadarus hang biyasahe tembus sampek ngarepaken sahur. Dadi kegiatan poli pelastik masiya tah mung latihan mageh dipreikaken sulung masiya mung latihan belaka tapi magih tetep ulih nawi ana hang kepingin latihan. Cuma ya gedigu kanca-kancane sing rame kaya biyasahe. Mesthine mari lebaran bakale diangkati maning kegiyatan olahraga poli pelastik iku.
Kegiyatan hang biyasahe dilakoni khususe kanggo kegiyatan olahraga poli iku mauka bakale mangkat sakmarine acara selametan bersih desa. Merga iku wis tradhisine wong Benelanlor.
Mugi bain persatuan poli iki terus melaku uga ngadeg jejeg masiya usum korona wis mari, sebab teka persatuan poli iki mau salah siji hang bisa mbangun kerukunan uga nyingsetaken tali seduluran wong sak Benelanlor. Saya suwi muga bain bisa sampek milu turnamen hang sapa ngerti bisa duwe prestasi sampek nggayuh juwara hang teka niyatan awal mung golet hiburan ambi seduluran. Prestasi iku muka hang bisa njanggetaken seduluran uga nambah semangat kanggo olahraga uga ngilangi sumpek ring masalah keluwarga, masalah sekolah, masalah liya-liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor





