Pondoknongko Nyulungi Lomba Video Kreatif
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Rabu, 05 Agustus 2020 07:22 WIB)
- Laporan
Kanggo ngeramekaken iwuh mengeti 75 taun dina dadine negara Indonesia, Pemerintah Desa Pondoknongko nganakaken kegiyatan Lomba Video Kreatif kanggo masarakat Desa Pondoknongko dhewek. Anane lomba video kreatif iki merga ana pageblug covid-19 hang ngewatesi kegiyatan ngelumpukaken uwong akeh.
Tujuwane pemdes Pondoknongko kepingin ngangkat potensi desa teka tasemake lalare enom, gedigu jare Kepala Desa Pondoknongko Hamdan Ramahurmuzi. Dadine, pemdes ngelungaken fasilitas kanggo ngewani motivasi lalare enom ngenali awake dhewek, njugeri potensine kanggo ngetokaken kreativitas lan inovasine.
Sakmarine Lomba, lalare hang nduwe potensi arep dipilokaken nong Lomba pideo hang padha naming antar desa sak kabupaten hang dianakaken saban taun.
Merga iku sakdurunge lomba video kreatif diangkati, Pemerintah Desa Pondoknongko nyangoni rakyate kelawan nggawe workshop nggawe pideo tanggal 3-4 Agustus 2020.
Lalare peserta hang akehe ana 37 lare iki mauka padha guyub lan semangat ulihe ngerungokakaen materi narasumber. Teka 37 akehe lalare, ana 10 peserta hang dhewekan, ana 11 peserta hang jak kakehan, sak grup diwatesi lare telu.
Lalare padha sumringah nepaki materi hang dikawiti hulik aseli Pondoknongko hang saikine dadi kakandatel Banyuwangi, Syaiful Rohman. "Ana telu hang kudu ana ring awak yaiku skill (ketrampilan), knowledge (pengetahuan) lan attitude (sikap). Kanggo lalare enom aja isin dadi lare desa, malah rika kabeh kudu mongkog kerana lalare desa sakat cilike wis diajari ihlas, usaha, lan welas asih," abane Syaiful Rohman. "Aja dadi lare hang sungkanan, akehana kegiyatan makene hing kober arep ngelakoni barang elek. Sapa hang cepet bakale ngalahaken lalare hang lendhu, mangkane kadhung kancane males tinggalen bain."
Aju Camat Kabat, Susanto Wibowo uga nguweni pesen kanggo pemerintah desa lan lalare, "Desa Pondoknongko wis nyulungi njangkah sak langkah maju sulung. Aju bab pageblug, sukur wilayah kecamatan Kabat wis dadi zona ijo. Ayo tetep dijaga, didukung kegiyatan lan tetep nganggo protokol Normal anyaran. Kanggo lalare enom, Rika kabeh dadi dutane Pondoknongko. Kudu bisa ngembangaken desane. Umpamane pesisir Kedungderus, kudu dadi conto kanggo masarakate umpamane nerapaken Normal Anyaran."
Narasumber liyane yaiku Taufiq Ridwan Bachamis nguweni materi bab nulis skenario, kamera, sutradara, editing, lan artistik. "Kadhung bisa awak dhewek kudu tetep dadi tuan rumah ring panggonane awak dhewek. Aja sampek, uwong liya hang dadi raja, awak dhewek hang dadi tamune. Sakliyane iku, jati diri desa aja sampek ilang kelendi carane awak dhewek bisa ngangkat cerita iku dadi film. Hang penting, rika kabeh weruh kelendi mbangun inovasi lan kreasi."
Jare Agisna salah siji lare wadon hang milu workshop, kegiyatan iku nambah wawasane. Iyane hang maune mung bisa nggawe pideo gendhingan diendohi lirik, saiki wis tambah ngarti kelendi carane njuwut gambar hang apik lan carane nulis skenario.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









