Anggitane: Iskak Basuki
(Minggu, 20 September 2020 08:06 WIB)
Preeet!
Coh: "Ndhuh. Lawas sing kecaruk, kok rambutira magih tetep cemeng, Ndhuh? Rika semir tah Ndhuh?"
Ndhuh: "Using. Isun sing nyemir."
Coh: "Preet! Jeh! Endane? Acake nak nyekel."
Ndhuh: "Temenan, Coh. Cekelen wih. Aseli Lok! Isun sing nyemir. Tukang cukure hang nyemir. Isun terima lungguh ambi meledhak-meledhek ngaca...."
Coh: "Alaahh! Perandane. Leyak temenan Rika iki, Ndhuh! Entut!"
Ndhuh: "Preet! Yong umur wis endhas lima gedigi sapa wonge hang rambute sing putih. Iya gok rambutira hang ngingsor iku, percaya kadhung tetep cemeng. Apuwa cake kok hang iku sing bisa putih?"
Coh: "Apuwa?"
Ndhuh: "Polae Rika enggo seneng-seneng thok! Beda ambi rambut hang nong endhas, sing leren-leren dienggo mikir."
Coh: "Preet..... Buruk Rika iki, Ndhuh!"
Ndhuh: "Hang apik, normale, endhase menungsa iku kaya epoh utawa kates kok, Coh."
Coh: "Kamsude?"
Ndhuh: "Kabeh uwoh iku, kates contone, magih pucile wernane ijo, suwi-suwi saya gedhi
mesthi kemunir, mbelangat. Ketara njelarit ana abang-abange kulite. Aju saya rata, dadi abang, pertandha mateng, manis, Coh. Menungsa semono uga, saya umur aju metu uwane, terus saya ngapuk, mutih kabeh rambute. Tandhane wis mateng isine. Dadi wong apik. Manfaat kanggone awake, keluwargane lan lingkungane. Ya kaya Rika iki, Coh."
Coh: "Alak... ceret! Dadi, awak dipadhakaken ambi kates. Sukur aja dipangan codhot bain..."
Ndhuh: "Sukur aja kaya codhot bain, Rika...."
Coh: "Tapi kayane ana benere, Ndhuh. Rika iki saupama epoh, Rika iki epoh sengir."
Ndhuh: "Preet... mbales yak!"
Coh: "Epoh hang sing terima kecut. Embahe kuwecut! Matenge suwi tapi ahire ya mateng, ya manis. Tapi suwi. Epoh liyane wis padha manis, Rika magih kecut. Ha ha ha......"
Ndhuh: "Magih apik ahire mateng. Aja dadi epoh hang selawase mentak. Uga aja matenge mateng kerana dikarbit. Akeh uwong kaya iku, magih durung wayahe, kesusu diundhuh dikarbit. Ana maning hang alum. Rika iki pantese epoh hang alum kok, Coh."
Coh: "Paran jare Rika wis, Ndhuh. Sukur aja merambat mbahas epoh kang enom. Ilok-ilok."
Ndhuh: "Preeet..... Iki Hun semir masa merga kepingin dialem tah, Coh. Buru-buru iki bain Hun semir. Isun enget dhalangane ruwahe Emak. Jare, cilikane embok bengen, magih TK rasane, saben diateraken Apak sekolah sing gelem, lagotena rambute Apak wis uwanen. Apake kancane, jare, magih enom-enom. 'Emong diateraken Apak. Apake wis tuwek'. Saiki anakisun hang kemunjilan, wadon, buru melebu SD, wis bisa celathu 'apake tuwek'. Kauw! Mugane saiki saben cukur mesisan hun semir. Istilahe saiki 'toning'. Metu picis 35 ewu, metu-metu kaya umur 35 maning, Coh."
Coh: "Preet!"
Ndhuh: "Ha ha.....iya. Eh, kakangira ika ring endi kari sing tau kecaruk pisan-pisana?"
Coh: "Kang Osok? Nong Jember, dadi mantri kesehatan. Pangsiun wis. Ana gok telung taunan. Saiki laran-laranen. Hang wadon magih nong rumah sakit."
Ndhuh: "Woh... kari sekaken. Lara paran hang wadon, Coh?"
Coh: "Lawas wis, taun-taunan nong rumah sakit. Megawene mula ring rumah sakit, Ndhuh.."
Ndhuh: "Alaakk..... nagud!"
Coh: "Preeet..... Anake Kang Osok loro, karo-karone dadi dokter."
Ndhuh: "Sing gumun Isun. Kadhung dokter bain ring desa kene, sakpengulon sampek nang Licin kana, dokter melkedheg."
Coh: "Dokter paran?"
Ndhuh: "Ngedhok ambi neter! Preeet..."
Coh: "Najis! Iya, tunggale ring Gombeng kana, pirang-pirang insinyur."
Ndhuh: "Paran?"
Coh: "Oreng tukang menek nyiur! Preet..!"
Ndhuh: "Ceret! Emane sing kebelet ngentut. Munggane mulesa Hun entuti temenan, Rika."
Coh: "Padha.Sakat mau arep ngentut sing metu-metu. Isun ya kepingin mecediti Rika, nge-preti Rika ambi hang aseli, hang ambune manjur."
Ndhuh: "Woh! Kadhung kebelet aja diempet, Coh! Engko tah Rika kembung. Isun enget magih njaga wong wadon opname ring rumah sakit ika."
Coh: "Jare wong bengen kamar sakit. Dudu rumah sakit".
Ndhuh: "Iya, Coh. Jare wong saiki rumah sakit. Kadhung jare Isun apikan diarani rumah sehat. Nong pikiran lebih positip. Temune hang disebut uwong lan hang kerungu ring kuping 'sehat', dudu 'sakit'. Sithik akeh dadi sugesti gancang sehat".
Coh: "Preet....."
Ndhuh: "Lan singkatane tetep RS, Coh."
Coh: "Setuju, Ndhuh. Taping antenana Kang Osok dadi menteri kesehatan, makene diuwah gedigu arane."
Ndhuh: "Preeet! Yaiku ya, Coh. Karepe tepak iku njaluk kamar hang vip, taping nepaki magih isi kabeh. Ambi nganteni ana hang lowong, sakwetara, dipanggonaken ring bangsal, kamar gedhi hang isine jak akehan. Ana lebih gok sepuluhan pasien. Wayahe jam sambang, mehmehi rame, kaya pasar. Hang nyekel hape, sedhela-sedhela nilpun utawa nampa tilpun. Munggane yara hang edheng gok ngomong lan volumene rada edhengena apuwa. Alan-alane ring pasar malem bain becoconge. Isun bain sing pernah paran maning hang kadheman. Emane aju ulih kabar ana kamar vip kosong, aju pindhah. Ana hang mbenu bangete ring bangsal iku Coh. Sekeluwarga hang jaga pasien pojok kulon iku mara-mara padha mberak 'Alhamdulillah!' Isun kaget. Ambi nulih, Isun mikir 'apuwa tah'? Eh, kalingana marek ana abane serompetan 'preeet.....' Dadi padha lega. Yaiku hang dianteni. Uwak hang ditunggoni iku wis pirangane dina sing bisa ngentut. Nawi gara-gara diempet kawitane, dadi kepaling entut. Dadi opname. Kadhung wis gedigu buru kerasa gok entut iku setemene nikmat."
Coh: "Percaya, Ndhuh. Kadhung iku aseli pret-e. Pirangane dina kepaling entut, serta metu kaya paran endane ambune?"
Ndhuh: "Najis! Ambune paran iki? Rika ngentut, Coh?"
Coh: "Alhamdulillah..... Sing sampek nyang kamar sakit wis kelakon bisa ngebom Rika, masiya tah sing nge-preeet....."
Ndhuh: "Bathaaang! Mari ngontal paran Rika, preeet?"
(Bwi,1119.1.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)