Prei Nyenyanyian, Jejugetan, Mengeti Dina Dadine Ikawangi Tangerang Raya

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 28 Juli 2021 12:05 WIB)
- Laporan



Nana acara nyenyanyian gendhing Banyuwangi, nana jejugetan ambi artis Banyuwangi kaya biyasahe, iwuh rong taun Ikawangi Tangerang Raya dipengeti kelawan rasa priatin merga magih ana pageblug.
   "Paran maning saiki pageblug magih anter, ana PPKM, dadi pokuse nong warga hang keneng imbase pandemi," jare humas Ikawangi Tangerang Raya kang Yahya Zakaria.
   Kanggo mbantu wargane, Ikawangi Tangerang Raya nyedhiyani pirangane obat alternatip kanggo nguwataken awak kayata kunir instan, jae instan, jeruk lemon, madu, vitamin sampai nang godhong wit sungkai hang dikirim teka dulur Ikawangi hang ana ring Sumatra. Godhong sungkai, digodhog rasane rada pait, dipercaya bisa nggawe penyakit corona iki uncal teka awake hang ngombe.
  Iwuh dina dadine, tanggal 28 Juli iku mung dianakaken sewates pengurus lan wektune diwatesi sampek jam 20.00 merga miloni aturan Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM).
   Sak liyane iku, organisasi iki nyebaraken sembako kanggo 60 KK kanggo wargane.
   Biyasahe Ikawangi Tangerang Raya, hang dadi salah siji teka 10 koordinator wilayah ring ngingsor payung organisasi Ikawangi Pusat Jakarta, kerep nekakaken artis Banyuwangi kanggo ngeramekaken kegiyatane. Hang wis pindho teka yaiku penyanyi Demy lan Sumiyati.
   Taun hang sore, iwuh magih dianakaken taping wis miloni protokol kesehatan kayata panitiya ngecek panase awak wong hang teka, kudu nganggo masker, wisuh nganggo hand sanitizer.
   Ring pidhatone, Pembina Ikawangi Tangerang Raya, Bapak Sujiono ngengetaken pengurus perlune ngejak anggotane kanggo ngakehi donga, muga-muga kanca lan sedulur hang keneng musibah bisa digampangaken ulih tamba.

   Ikawangi Tangerang Raya diedegaken tanggal 28 Juli 2019. Saiki nduweni kira-kira 250an anggota.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf