Proses Kreatip Gendhing Dalu-Dalu Wak Bashir Noerdian

Slamet Hariyadi (dipublikasikan pada Rabu, 28 September 2022 09:50 WIB)
- Esai



Dalu Dalu 

Suwarane gemericike banyu
Nggugah ati kang turu
Sunare ulan, padhang kementhang
Madhangi wit-witan 

Suwarane gendhing Belambangan
Lamat lamat ana ring kadohan 

Silire angin  ketahan-tahan
Ngerambahi pertamanan
Ati bingung iki ya sing bisa turu
Aja turu-turu ati 

Raina bengi  kerentege ati
Kanggo Ibu pertiwi 

Syair/lagu: Bs. Noerdian
Taun cipta/populer: 1966/1972

Wak Bashir Noerdian iku salah siji teka maestro seniman Using hang urip sak jaman ambi maestro gendhing Using liyane kayata Wak Andang CY, Wak Machfud Hr, Wak AK. Armaya, Wak Fatrah Abal lan liyane. Gendhing-gendhing Banyuwangi nong tangane wong-wong iki kaya wis nggadug pucit utamane ring jerune saire. Seperene gendhing-gendhing hang kesuwur sakat taun 1970an magih tetep enak dirungokaken, akeh hang imbal nyanyekaken lagu-lagune maning, pokoke magih akeh hang dhemen. Kadhung ulih nyilih istilah Inggrise evergreen
   Isun tau tepak magih sekolah ring SMPP (SMA 1 Giri saiki) diwani kesempatan ambi TVRI Surabaya kanggo nampilaken Drama Pendek Asal Usul Kota Banyuwangi. Nah, tepak iku isun duwe kesempatan kolaborasi ambi ruwahe. Merga Wak Bashir dijaluk ring TVRI kongkon ngaransemen gendhing pengiring dramane.
   Sukur cerita, Isun tau menganan ring umahe Wak Bashir, salah siji gesahe bab asal-usule gendhing Dalu Dalu hang lirike ana ring ndhuwur iku.
   Cendheke cerita, tepak anake magih cilik, tengah wengi ngelilir, nggoleti Wak Bashir. Anake digendhong ring emake magih nangis bain. Mula lulute ambi Wak Bashir hang pungkasane sampek disusul kerana nangise sampek kejer. 
   Serta wis nggadug umah, Wak Bashir gancang ndelekep anake, digendhong aju digawa menjaba. Anake sakkal meneng. Supaya turu maning, ambi Wak Bashir diiyong-iyong. Nah, tepak ngiyong-iyong iku, Wak Bashir nggeremeng kaya sing nyeja nyanyekaken gendhing sampek anake kesirep. Sakkal Wak Bashir njuwut pulpen lan kertas aju lagune mau ditulis lan digoletaken sair. Dadine gendhing Dalu Dalu iku mau hang sangking apike kadhung dirasakaken wong hang ngerungokena kaya-kaya bisa milu ngerasakaken adheme angin bengi iku lan sepine dalu.
    Isun penasaran ambi kalimat: aja turu-turu ati. Hun takokena tepak iku lan jawabe gedigi: "Bengen kahanan magih durung aman. Dadi istilahe masiya turu, tapi aja turu kepati, kerana kudu waspada ambi situwasi waktu iku. Paran maning sampek nyelipi ucap Kanggo Ibu Pertiwi, merga seniman waktu iku akeh hang wedi nyuwarakaken idhene. Situwasi rada durung setabil. Dadi perlu disemangati kanggo ibu pertiwi.
   Muga-muga ruwahe disepura dosane lan dipadhangi kubure. 

Poto: Wak Bashir Noerdian nganggo jaket cemeng

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pribadi

Editor: Hani Z. Noor