Protes Penonton Bab Juwara Lomba Patrol Banyuwangi 2021
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 11 Mei 2021 05:50 WIB)
- Laporan
Kontroversi babakan patrol ana ring antarane para seniman lan budayawan Banyuwangi wis ana sakat ring babak penyisihan. Iki tambah anter maning serta ring bengi iku tanggal 9 Mei 2021 dianakaken pengumuman kejuaraan ring panggung Omprok Gandrung Waroeng Kemarang Desa Tamansuruh Kecamatan Galagah Banyuwangi.
Panggung Omprok Gandrung Waroeng Kemarang kala iku dadi saksi Lomba Patrol 2021. Aekanu Hariyono hang dadi koordinatore juri lomba iku ngumumaken ring panggung dikancani para juri liyane hang akehe pitung uwong, antrane bain Slamet Diharjo, S.Sn, Miftahul Jannah S.Sn, Moh. Pungki Hartono, S.Sn, Adlin Mustika Alam, S.Sn, Eko Aditya, lan Kang Usik Kopat.
Diterima lan sing diterima iki keputusane juri hang sing bisa diothak-uthik maning, gediku Aekanu Hariyono mungkasi pengumumane nuju nyang peringkat juwarane; Juara 1. Joyo karyo teko Singotrunan, 2. Pengamen Jalanan teka Dinas Sosial, 3. Mbah Gandrung teka Singojuruh, lan 5. Jajang selaras teka Lateng.
Penonton berak-berak sampek ana ring pengumuman pungkasan hang namtokaken juwara sijine. Pendukung salah sijine peserta pinalis iki berak-berak sing terima nyang pengumumane. Salah sijine penonton iku nyatakaken gok iki dudu lomba njuget, iki lomba patrol. Apuwa hang juara siji iku hang akeh jugetane, gediku karepe penonton hang ndukung salah sijine jagoane hang sing menang juara siji.
Wowok Meirianto hang duwe Waroeng Kemarang nyatakaken makene wis pancen wong lomba ning endi-endi ya gediku, sedina rong dina engko mesti seleh lan bisa nerima. Saktemene kadhung uwong durung ngerti nyang kekarepane Lomba Patrol Banyuwangi 2021 iki beda ambi lomba patrol hang wis tau dianakaken sakdurunge pancen mesti sing terima. Hang melebu ana ring kriteria sak liyane harmoni-komposisi sing kalah pentinge iku koregraphi. Koreographi kebutuhan panggung sing kalah utama ana ring nilai pertunjukan seni ring jaman saiki. Merga hang dikarepaken makene patrol iki bisa dadi pertunjukan hang sing mung ana ring ulan Ramadan bain naming bisa ana ring saban dina lan dadi kebutuhan hiburane wisatawan, gediku Wowok Meirianto ketua Panitia Lomba Patrol 2021.
Eko Aditya salah sijine juri lomba patrol nerangkaen kadhung sakliyane harmoni lan aransemen, musik patrol penggugah saur hang ana ring kene uga mentingaken nilai penampilan iku mau. Kelendi aksine ana ring panggung bisa nggawe penonton dhemen iku uga dadi penilaian hang penting. Sakteruse koreographi iku dadi unsur visual hang sing kalah pentinge uga sakliyane teknik (pukulan patrol), harmoni, lan aransemen, gediku Eko Aditya anggota juri hang sakliyane ASN ning Pemda lan uga seniman musik asli Banyuwangi iki nyatakaken nyang belambangan.com
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf





