Ramadan, LBS lan Ikawangi Tangsel Mbagi Rejeki
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 April 2021 07:59 WIB)
- Laporan
Ramadan ring endi-endi akeh organisasi hang aweh mbagi rejeki kaya Laros Bersatu Surabaya lan Ikatan Keluarga Banyuwangi Tangerang Selatan.
Salah siji kumpulane wong Banyuwangi Laros Bersatu Surabaya (LBS) nganakaken bakti sosial ring telung panggonan, panti asuhan, masjid ring dhaerah Kertajaya lan Pucangan Surabaya.
Sak liyane buka puwasa bareng uga ngewani santunan nyang salah siji wong Banyuwangi hang kadheman lan dirujuk ring Surabaya, jare ketuane kang Wawan Setiawan, pengusaha ayam goreng, hang manggon ring Sidoarjo. Masiya sedurunge puwasa ya wis nggawe acara santunan kanggo wong Banyuwangi hang dirawat ring Surabaya, taping hang rada istimewa santunane saiki iki kanggo bapake kang Yamin, ketua LBS sedurunge kang Wawan.
"Muga-muga paran hang dilakoni iki nggawe manpaat kanggo wong akeh lan dadi amal jariyah kanggo wong hang wis milu nyumbang picis, tenaga lan liyane," jare kang Wawan hang teka Benelan Kidul, Singojuruh.
Paguyuban hang wis ngadeg sakat Mei 2018 iki minangka salah siji organisasi wong Banyuwangi hang ana ring Surabaya. Loro liyane yaiku Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) lan Gapura Blambangan.
LBS iki nduwe anggota kira-kira 80 wong naming hang gelem milu kadhung ana iwuh kira-kira wong 50an. Hang milu acara santunan lan buka bareng kira-kira ana wong 30. Akeh-akehe anggotane wong hang manggon ring tepis wiring Surabaya-Gresik utawa Surabaya-Sidoarjo lan ring Surabaya dhewek.
Wong-wong iki bengen akeh-akehe wong Banyuwangi hang kecaruk ring kantor Dewan Kesenian Surabaya (DKS) tepak ndeleng acara kesenian Banyuwangi hang manggung ring kono. Sedurunge ana pageblug Korona iki, kegiyatan sosial hang kerep dilakoni yaiku sambang wong Banyuwangi hang kadheman lan dirawat ring Rumah Sakit Karang Menjangan Surabaya. Akeh wong kadheman lan keluwargane hang sing nduwe beraya ring Surabaya lan perlu disambangi. Kadhange nyambangi pisan keluwargane wong Banyuwangi hang nginep ana ring Rumah Singgah hang ana ring parek kono.
Dene Ikawangi Tangerang Selatan dina Sabtu sore uga nganakaken buka bareng anggotane lan masarakat sak ubengane.
Buka puwasa bareng ring desa Selabentar, Jampang, Gunung Sindur ring umahe salah siji anggotane yaiku kang Hari, sakliyane ditekane anggotane, uga ngundang masarakat hang ana ring sak ubengane kono.
Ikawangi Tangsel iki wis sasate dulur ambi masarakat kono, ring bungase taun sore Ikawangi mbecikaken mushola ring wilayah kono, mbangun cedhinge lan ngewani gentheng ambi konstruksi baja ringane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






