Ramadhan Lan Lomba Qiroah Ring Hongkong
Tirto Arum (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Mei 2021 13:59 WIB)
- Laporan
Ulan suci Ramadan mula ulan hang dianteni ambi wong Islam. Salah sijine merga ring njerone ulan Ramadan ayat kepisan Quran diedhunaken nang Rasulullah Muhammad saw.
Paran bain masiya sak anane bisa dadi wektu hang apik lan bisa dienget-enget. Mangan tepak saur, masiya mung nganggo jangan kelor utawa bayem, utawa mung es buah dienggo buka tepak dina seru panase ring Hongkong dadi lan enake.
Tradhisi gugah-gugah wong saur iki uga keneng dienggo tetenger merga seru apike. Paran maning ring Banyuwangi dianakaken lomba patrol, kaya-kaya kene iki wis mulih nyang tanah kelairan tepak ngerungokaken. Minangka wong boroan hang adoh teka umah lan mangsa pageblug durung uncal, para migran hang megawe kudu njaga stamina makene hing keneng dehidrasi. Masiya mung golet panggonan adhem, para buruh migran iki kudu ngelakoni tes swab utawa vaksinasi. Lan ring dina preian utawa dina Ahad, para migran melaku-melaku lan tetep puwasa mula hing gampang ngelakonine, merga serngenge kaya nyentrong sak kuwate.
Ring ulan Ramadan sore iku, penulis lan kanca-kanca buruh migran milu Lomba Musabakoh Tilawatil Quran, Sholawat Vokal Single utawa Rebana grup hang dianakaken ambi Majelis Taklim Do'a dan Sholawat Al Hikmah Hongkong. Manggon ring North Point, lombane setemene dianakaken sakat tanggal 1 April kapanane. Masiya lombane mung kelawan cara njero kawat (online) merga magih ana larangan kanggo kumpul-kumpul sak jerone ana pageblug. Taping ya hing ngurangi semangate wong-wong hang kepingin milu.
Musabakoh dhewek macakaken Quran lan surate pilihane bebas, mung diwatesi wektune pitung menit. Kriteria hang dibiji yaiku: tajwid, nada, kerapihan lan adab. Dene Lomba sholawat kudu nggawa sholawat wajib yaiku Huwanur, Man Ana, Qulul qulub, dan A'tarafna kelawan wektu pitung menit lan kriteriane kelebu kekompakan, nada, adab. Kabeh direkam ring pideo lan pideone kudu wis diserahaken nyang panitia paling ahir tanggal 15 romadhon utawa tanggal 28 April, lan diundur tanggal 2 Mei. Minangka anggota jurine yaiku wong telu: H. A. Khoirul Yani, Hj. Wafiq Azizah S. Pd. I,lan Dr. Ali Rokhmad, M. Pd. I. Juwarane dipilih ana telu lan juwara harapan loro, uga peserta favorit loro. Hang milu sithika, ana 50an wong. Sak liyane hadhiyah uga ulih piala lan sertipikat.
Isun dhewek milu mongkog merga milu nyiyaraken Quran lan bisa kecaruk wong-wong juri hang nduwe suwara enak minangka kori lan koriah terbaik teka Indonesia.
Cheung Sha wan, 22 - 5- 2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara, Tirto Arum
Editor: Hani Z. Noor





